Senin, 11 Maret 2013

Crita Cekak


TUMUS
Dening : Nono Warnono


Jroning batin aku pancen ora sarujuk yen ada-ada seleksi guru teladhan iku ancase mung kanggo gagah-gagahan lan golek pangalembana. Mula, nalika pimpinan aweh panjurung melu seleksi ing tingkat kecamatan, aku tidha-tidha. Ning seje maneh pamawase Suratmi, ibune bocah-bocah.
            “Piye,Pak. Puguh ra kersa melu seleksi? Iki kesempatan becik lho. Ora angger wong antuk kepercayaan.” panjurunge Suratmi kebak pandheseg.
            “Pancen bener,Bu. Nanging ana rasa sumelang. Apa pantes aku nyandhang gelar guru teladhan. Apa ora malah dadi poyokan wong sapirang-pirang.” Aku nyoba aweh wangsulan.
            “Yen njenengan dadi panutan ki rak yaw wis samesthine. Sapa sing wis ndadekake desa cengkar iki dadi maju. Pira cacahe murid sing saiki wis dadi pejabat. Kabeh rak ya saka pangorbanane njenengan.”
            “Saru,Bu. Omongan sampeyan kuwi yen nganti krungu liyan genah digeguyu. Lan maneh aku ora tau ngarep-arep sanjungan ngono kuwi. Aku mung nuruti swarane jiwaku,”
            “Kemelipen,Pak. Sok idealis. Mbok ra sah sumuci-suci.”
            Tak pilih ora ngunggahi tembunge Suratmi sing krasa pedhes. Kuwatir yen nganti ndadekake padudon. Kurang prayoga yen nganti dirungu tangga-teparo.
            Nganti parak esuk mripatku ora bisa merem. Pikiran nglambrang. Nganti suwe masalah iki tak timbang-timbang. Tak gelar tak gulung kabeh kekarepane wong wadon. Sasuwene nyrateni atine Suratmi, aku nglenggana. Kanca uripku kuwi gampang kesenggol rasa-pangrasane. Yen nganti aku nolak, genah bisa dadi gendra. Nambah perkara. Pancen pilihan sing dilematis. Banget ngewuhake.
            Senin esuk aku ngadhep kepala sekolah sing umur-umurane adoh sangisorku.
            “Pak Narto, sasampunipun kula lelimbang, inggih sampun pak. Kula sagah ndherek seleksi,”
            “Inggih pak,No. Kula ndherek bingah.”
            “Nanging kados pundi lare-lare menawi kula tilar mangke?”
            “Bab menika kula mangke ingkang nata. Panjenengan konsentrasi kemawon ndherek seleksi.”
            Kegiatan seleksi ing tingkat kecamatan lumaku lancar lan gangsar. Aku klebu nominasi. Tinuding minangka wakil lomba ing tingkat kabupaten. Akeh-akeh katrangan sing tak tampa gegayutan karo persiapan seleksi bacute. Wiwit ujian tulis, persiapan mental nagnti theg kliwere gawe makalah. Gamblange, aku kudu siap sembarange. Klebu siap-siap dhuwit kanggo kegiatan mau.
            Rampung seleksi dudu rasa seneng sing tak gembol mulih. Weteng malah krasa seneb. Ati goreh. Owel yen mbesuk ndadak kudu nyowok dhuwit blanja. Kasil seleksi aku kaya ora percaya. Apamaneh bareng maju tingkat propinsi. Bingung nampa maneka pangalembana. Sirah wiwit krasa ngelu. Kudu nyiapake dhana luwih gedhe tinimbang sadurunge. Banjur apa enake nampa pangalembana lan pangaji-aji, nanging wani isin nyaut dhuwit sebrakan mrana mrene. Witekna, wis terang bayaran saben sasi kewuhan njereng ngiwa-nengen.
            “Tekan ngomah ibune bocah-bocah gita-gita mrepegi. Aku dibrondong pitakon.”
            “Iya,”
            “Maju maneh,Pak?”
            “Iya.”
            “Njur hadhiahe?”
            “Ya ana, kertas salembar.”
            “Njur…”
            “Pangalembana,”
            “Terus?!”
            “Terus apa maneh,Bu? Maju menyang propinsi kudu nanggung kabeh biaya. Klebu transportasi lan akomodhasi. Rampung seleksi nembe antuk ganti.”
            Suratmi ngowoh kamitenggengen. Kabeh mlesed saka geegambaran endah sak durunge.
            “Adhuh cilaka,Pak.
            “Yagene,Bu. Rak kuwi ta sing sampeyan enteni? Gengsi, prestasi lan pangalembana.”
            “Ya wis,Pak.Perkara dhuwit aku mengko sing ngubetake. Tak nyebrak dhuwit arisan pe-ka-ka. Kepiye maneh, karuwan wis kadhung.”
            Budhal seleksi menyang propinsi aku kelangan greget. Senajan mangkono tetep kudu jumangkah. Upama mupus nglokro ing tengah dalan , rasane kok kaya kurang prayoga. Embuh kepriye wae, apa sing wis lan bakal linankonan tamtu ana hikmahe sowing-sowang.
            Seleksi ing propinsi klakon rong rambahan. Pranyata jangkahku isih pinayungan dewa kabegjan. Ngono ujare wong akeh. Senajan kanggoku kabeh mau lumrah lan ora ana sing istimewa.
            Dibenum dadi guru teladhan tingkat propinsi, tegese aku kudu luwih rekasa maneh meres pikiran lan tenaga. Klebu ngetan-ngulon golek dhuwit utangan kanggo persiapan maneka kebutuhan.
            Atiku brontak. Eling murid-muridku sing bola-bali kerep tak tinggal. Bocah-bocah lugu ing poncot desa sing padha ngenteni piwulangku. Begja sasuwene seleksi aku ketemu dewan juri sing nganggep aku kaya sedulur sinarawedi. Asmane pak Nurali. Wonge wicaksana lan sabar.
Sasi mei rancangane seleksi menyang Jakarta. Sawulan sadurunge detraining lan pembinaan seminggu ing propinsi. Wiwit etika mangan ing pasamuwan, menganggo jas lan dhasi sing bener, nganti nganggo piyama nalika mapan turu. Kamnagka aku seneng kemul sarung yen mapan turu.
Tiket pesawat wis dicepaki panitia. Nanging keperluan liyane kabeh ditanggung dhewe. Mula jan-jane aku ora tega ngomong ibune bocah-bocah. Yen mung kabar bungah ngenani seleksi menyang Jakarta ngono wae, ora masalah.Nanging bareng nyenggol bab dhuwit sing ora sethithik gunggunge ati malih dadi sanggarunggi. Pepuntone bareng tak piker jero, luwih becik kandha blaka anane.
“Bu, ka ngendi maneh awake dhewe golek utangan. Kamangka dhuwit sing diperlokake semono akehe,” pisambatku nalika mulih.
“Butuh pira ta,Pak?”
“Sajake kaya ora kurang saka  sepuluh yuta lho,Bu?”
“Lha, pa panitiane ora nyepakake bantuan?”
“Informasine besuk yen wis tekan Jakarta kabeh diganti. Malah kabare ya isih arep diwenehi tambahan sembulih saka menteri lan presiden. Uga ana dhuwit pembinaan saka maneka perusahaan sing dadi sponsor.”
“Njur butuhe ki apa wae kok nganti kudu cucul dhuwit semono gedhene.”
“Akeh,Bu. Wiwit seragam pe-es-ha, bathik, olahraga, busana dhaerah sing kabeh rong stel. Isih nyiapake jas kanggo ceremonial, cendera mata khas dhaerah kanggo kabeh peserta, nganti nyiapake kebutuhan padinan sing perlu diganti kayadene tas, sepatu lan sebangsane.”
Krungi crita kaya ngono Suratmi krasa lemes awake. Suntrut praupane. Witekna dhuwit semono kuwi kanggone pegawe rendhahan klebu gedhe lan angel golekane.
Nembe krasa lan percaya yen njegur ing maneka lomba utawa seleksi mono gedhe resiko lan konsekwensine. Tumus apa sing sasuwene iki tak sumelangake.
Gilig rembug ibune bocah-bocah sarujuk ngutang koperasi. Potong gaji nyicil lawase rong taun. Krasa owel jan-jane. Karuwan njereng gaji sesasi kanggo urip lumrah bae wis ngrekasa.
Ngerti aku blanja kebutuhan sepirang-pirang, Tangga-teparo padha umyeg rame. Wis sumebar pawarta yen ora lawas maneh aku budhal menyang Jakarta. Akeh-akeh komentar sing tak rungu. Kabeh prasasat isi pangalembana. Tembung-tembung penyanjung pengaji-aji. Karan wong ndesa sing isih winates pengalaman lan sesurupane. Kadhang keladuk kliwat anggone nggagapi.
“Njing napa tindak Jakarta, Mas Guru? pitakone mbah Srono tanggangarep omah.
“Dereng ngertos ,Mbah. Ngrantos printah saking nginggilan.”
“Napa ibune nggih ndherek?”
“Nggih mboten wong menika urusan dhinas.”
“Mpun supe lho,Mas Guru. Yen teng Jakarta mangke kepanggih presiden, kanca-kanca mangke didhdhah nggih menawi mlebet tipi.”
Aku mesem krungu kandhane mbah Srono. Dikira yen menyang Jakarta kuwi mesti bisa ketemu karo presiden lan mlebu layar televise. Ora mung mbah Srono wae sing wanti-wanti pesen lan ndongakake budhalku menyang Jakarta. Nganti kesel rina-wengi nglegani tekane tamu-tamu sing meh kemput sadesa. Ora krasa mripatku kekembeng eluh nampa kawigaten sing samono gedhene saka warga masyarakat.
Awan kuwi ing kantor sekolah dasar papanku mulang ketekan petugas saka kantor dinas pendidikan. Aweh katrangan ngenani kabar pungkasan seleksi guru teladhan ing Jakarta.
“Wau wonten telphon saking kanwil ngengingi panjenengan.” Petugas sing isih mudha kuwi mbukani rembug.”
“Bab menapa menika?” wangsulanku kebak tandha pitakon.
“Wulan mei niki Jakarta kathah ontran-ontran lan obong-obongan. Seleksi dipun batalaken. Surat resmi ngengingi pembatalan menika badhe dipun kintun menyusul.”
Kaya disamber bledhek krungu kabar lan katrangan sing ora kanyana-nyana sadurunge. Mendah wirangku marang tangga-tangga sing wis kadhung tak pamiti lan tak suwuni donga pangestu. Krasa lemes otot bebayuku. Luwih-luwih yen kelingan tanggungan utang koperasi sing dhuwite kadhung ditanjakake. Sirah ngelu. Bumi sing tak sawang krasa munyer.

(Kapacak ing Kalawarti Jaya Baya No.23 Tanggal 14 April 2002)

 
T  I  K  U  S
Dening : Nono Warnono


Brakkk!! Tangane Hartono nggebrag meja makan. Dhadhane kebak pangigit-igit. Dhendheng mangsakane sing wadon mau esuk gusis. Ludhes tanpa nyisa. Mulih saka kantor wetenge keroncongan ora kena disemayani. Arep jumangkah golek isi weteng menyang ngendi? Omahe adoh warung. Umpama ana adate ora cocog karo selera.
Tansaya getem-getem atine eling-eling dhendheng nyamleng masakane sing wadon mau anggone wanti-wanti nyambati bojone nalika arep budhal ngantor. Arep miterang, jebul  sing wadon wis ora ana ngomah. Esuk mau pamit sambang keluarga ing Sugihwaras karo Gatot, anake.
Sepatu sing nembe dicopot diuncalake ing pojok jogan. Kumleyang meh wae nyawat tivi. Seragam dines mung disampirake ing kursi. Atine goreh. Enggal njupuk kayu salengen gedhene saka pawon. Karepe arep mburu tikus mungsuh lawase. Nanging ing endi dununge? Pikirane judheg. Endhas ora gatel wola-walu dikukur. Lungguh sedhela karo nggelar pikir golek cara balas dendam kambi tikus kurang ajar kuwi.
Dietung-etung pancen wis rong wulan Hartono jengkel marang makhluk aran tikus.Ora pisan pindho dheweke digelakake. Malah tansaya ngece, kaya sing dialami dina iki. Wingenane kaos kaki sepasang sing nedya dianggo dines menyang kantor ya digondhol tikus digawe nyusuh, weruh-weruh sepasang kari ditinggal sesisih.
Rina wengi kaya-kaya ing mripate Hartono katon tikus-tikus pathing sliwer. Dhadhane kemrungsung anggone mburu tikus-tikus sing tambah akeh gunggunge. Urip kaya-kaya dirubung maewu-ewu tikus. Saumpama omah sing dipanggoni ora mung siji-sijine sing diduweni, kira-kira wis diobong kareben mungsuhe mau mati dadi areng.
Kanthi penthung ing tangan, Hartono leyeh-leyeh ing ndhuwur kursi. Weteng ngelih ora dirasa maneh. Kayu salengen dicekel bakuh. Nedya dugitikake yen ana kemliwere tikus. Suwe nggone ngenteni ora ana tanda-tanda liwate tikus. Ora krasa kebacut ngeremake mripat. Ngambah impen kerajaan tikus.
Tengah wengi Hartono gurawalan tangi. Sikil krasa perih. Digrayang metu getihe. Dikrikiti tikus.
“Kurang ajar!” ngono kewetu pisuhe.
“Bu! Buuu….cepet tangi!” Hartono ngoyog-oyog sing wadon. Sing digugah mung mulat mulet.
“Ana apa,Pak?” tengah wengi bengak-bengok mbribeni tangga teparo.”
“Sampeyan ki piye. Delengen dlamakan karo driji sikilku perihe ra jamak. Dicokot tikus. Sisa pindhang mau sore isih pa ra? Bengi iki uga arep tak racun!!” pangancame Hartono karo krekal mudhun saka peturon.
“Ngapa bengi-bengi mungsuhan karo tikus. Aran kewan, ya lumrah ngono kuwi. Sing aneh malah njenengan kuwi,Pak. Mosok tengah wengi arep ngracun tikus. Kaya kurang gaweyan,”
Krungu wangsulane sing wadon, Hartono tansaya muntab atine.
“Ora! Pokoke bengi iki uga tikus keparat kuwi kudu diracun. Yen ora pikirku terus ra jenjem. Pokok kudu diracun!” pangancame diambal-ambali. Swara banter kuwi njalari anake lanang melu tangi. Swasana malih rame kaya wong padudon ing tengah wengi.
“Pak, mbok sing sareh. Sesuk rak isih ana dina.” sing wadon elik-elik saka kamar. Hartono ora nggape Kapiadreng anggone ngracun mungsuhe.
“Ora!! Pokok kudu diracun. Sabarku wis entek,Bu!”
Lingsir wengi Hartono iwut anggone ngudheg sega campur pindhang sisa mangan. Ora lali dipyuri racun tikus. Mampus kowe! Ngono batine Hartono ngigit-igit. Kringet pathing dlewer ora dirasa. Racun age-age diseleh pojok pawon cedhak kandhang pitik sing kerep dinggo sarang tikus.
Rampung nyeleh racun, nuli reresik awak. Dhdha sing mau kaya mengkap-mengkap wiwit suda. Batine yakin yen sesuk tikus-tikus kuwi bakal mati pathing glimping tanpa nyawa. Hartono bali mapan turu. Sisihane sing ngedumel ora direwes. Kuping mung krungu swara maewu-ewu tikus.
Tangi esuk mak cekekal sing dijujug racun tikus pojok pawon. Kabeh entek gusis. Sanalika atine marem bisa ngesok kesumat. Ngempak rokok sak ler kanthi keluk kebul-kebul. Krasa lega dhadhane.
Mulih kantor Hartono mangan nikmat banget. Krasa nyamleng mirasa. Beda karo dina-dina sadurunge. Dhasar lawuhe ayam panggang. Sego rong piring gelis entek gusis. Ning jro ati ana tandha pitakon gedhe. Saka ngendi sing wadon antuk ayam panggang. Mangka sangertine esuk mau ora blanja menyang pasar.
“Jajal mrene,Bu.” Hartonoa age-age ngundang sing wadon.
“Ana apa,Pak.” Windhi api-api ora ngerti
“Kok dingaren ana ayam panggang akeh banget. Ka ngendi ki mau?”
“ya ka nggone dhewe,Pak. Rak njenengan dhewe sing mau bengi ngracun pitik. Tinimbang kabeh mati, njur sing isih urip tak belehne ustad Riduwan,” wangsulane sing wadon setengah nglulu.
Hartono kaget. Praupane sing wadon disawang tajem.
“Da…dadi…..” durung rampung nggone Hartono nerusake omongan, sing wadon enggal medhot.
“Iya,Pak. Sing njenengan dhahar kuwi pancen pitike dhewe.”
“Njur tikus-tikus kae ya melu mati?” Hartono tambah kemrungsung atine.
“Tikus-tikus sing njenengan mungsuhi kae isi padha playon. Malah ngece.”
Hartono meneng klakep. Ora kuwawa ngumbar omong maneh. Katon semlengeren ndeleng bathang pitik kemanggang pathing glethak. Nanging tikus-tikus sing akhir-akhir iki dadi mungsuh malah playon ora ana sing mati. Rasa gething lan kesumat kambi makhluk aran tikus tambah gedhe.
“Aku kentekan akal,Pak Min. Rumangsaku tikus-tikus kuwi luwih julig tinimbang aku. Diracun ora gelem mangan. Malah pitikku sing padha mati. Ah! Kurang ajar tenan tikus-tikus kuwi.” panggresahe Hartono marang pak Kasmin. Tangga sebelah sing sore kuwi lungguhan ing teras ngarep.
“Padha ae pak,Har. Aku dhewe ya kentekan akal. Pari ing sawah lagi wiwit kuning wis diama. Rasane ra isa nyaur utang pupuk lan obat-obatan sing akhir-akhir iki regane larang banget.” Tangkepe pak Min ngombyongi pisambate Hartono.
“Becik dha nganakake program gropyokan ae pak,Min.” Hartono nyoba nawakake alternatif.
“Muspra!”
“Kok muspra nalare piye pak,Min.”
“Gek piye. Wingenane wis bola-bali digropyok bareng-bareng wong sasawah. Jebul asile ra sumbut karo kringet lan tenagane. Tikus-tikus padha ndhelik jero banget ing leng-leng. Kaya-kaya wis padha ngerti sadurunge yen bakal ana gropyokan. Cekake, tikus-tikus saiki angel cekel-cekelane.” Wangsulane pak Min kebak teges. Sing ngrungu mung meneng sajak ana sing dibatin.
“Lan sing kurang ajar maneh pak,Min. Tikus-tikus saiki wis akeh sing seneng saba kantor. Mangan kertas. Mbolongi lemari. Nganti meja-kursi ya dikrikiti. Awake lemu-lemu. Wulune alus-alus.” Ngomong ngono tangane Hartono karo sraweyan menehi gegambaran wujude tikus.
“Ckk…ckk..ckk. Apa ya ra ana sing ngoyak ta,Pak Har.” sing ditakoni malah mesem sinis.
“Alah, tikus ning omah ae aku ra isa ngatasi, apa maneh tikus-tikus kantor sing werog kuwi. Yen ra kasil, lupute malah nyokot awak dhewe. Rampung mangsuli Hartono njur ngenggokake underane rembug marang bab-bab liya. Yen diterusake ngrembug masalah tikus atini tansaya kebrongot panas. Nambahi rasa gela.
Esuk kuwi kantor kecamatan rame banget. Wayah pengisian pamong desa. Akeh wong padha ngurus administrasi persuratan. Sinambi nutul tuts keybort computer, Hartono isih kober nglirik menjaba liwat kaca. Banjur nyeblek Muhadi sing lungguh ing pinggire. Kedhep mripat aweh sasmita yen ing njaba ana boss-e sing nembe teka. Camat sing pirang-pirang ndina iki dadi berita rame ing koran-koran. Isyu bab pengisian perangkat desa sing akeh penyimpangan. Ora prosedural. Lan uga kasus sogokan.
Camat mawa kacamata kandel kuwi mlebu ruwangan. Hartono bali ngrampungake tugas sekawit. Bola-bali kerep kleru anggone ngetik. Asil ketikan ing print diuntel-untel diremet dilebokne tempat sampah. Apa maneh sebabe yen ora kelingan tikus-tikus wirog sing dimungsuhi. Kaya-kaya ora klebu nalar, mung perkara tikus bae njalari urip ora tenang. Kepiye maneh, jer kasunyatane pancen mangkono.
Ora ngerti sangkan parane, esuk kuwi ana tikus blusukan ing rak file kantor. Ndlesep ing arsip surat-surat penting. Hartono kaget. Banjur anggone ngrampungake pakaryan dilereni sedhela. Nyedhaki pernahe tikus-tikus sing lagi sesingidan. Dioyak. Dumadakan playune nuju lawang ruwang kerjane camat. Hartono enggal nyandhak asbak ndhuwur meja. Gelis dibalangake tikus kanthi rosa. Bareng karo lumepase asbak, dumadakan camat metu ruangan. Temahan asbak mbentus bathuk sing wis dhasar bothak. Currr! Getih seger muncrat ing sapandurat. Seragam dhines werna krim kebak getih dleweran. Wong sak kantor rame-rame mbopong camat sing meh kapidara. Nganggo kendharaan dinas kecamatan digawa menyang dhokter. Hartono dhewe malah kamitenggengen. Ora ngerti apa sing kudu ditindakake. Ora percaya karo kedadeyan sing nembe diprangguli.
Tekan omah Hartono mbanting awak ing kursi tamu. Durung kober cucul klambi seragam dhinas lan sepatu. Tangane loro nyekeli sirah sing krasa nggliyer. Batine campur adhuk maneka rasa. Judheg. Bingung kabeh campur dadi siji.
“Ana masalah apa,Pak?” Hartono kaget. Ngerti-ngerti sing wadon wis ana cedhake. Hartono cekekal lungguh. Rambute sing morat-marit ditata nganggo driji tangane. Ngraupi rai tanpa banyu.
“Apes bune,” wangsulane cekak. Ora kuwawa nyawang sing wadon.
“Ngapa apes,Pak?” Wiwik lungguh nyedhak.
“Pak Priyadi,”
            “Ana apa pak camat Priyadi?” sing wadon adreng anggone kepengin ngerti apa sing sejatine nembe kelakon.
“Bathuke bocor gudras getih tak sawat asbak,” swarane Hartono alon. Wiwik sajak ora percaya. Sing lanang disawang landhep.
“Njenengan aja guyon,Pak! Ngapa nyawat asbak pak camat?” Hartono dicekel dioyog-oyog. Sawetara meneng ora wangsulan.
“Aja salah tampa,Bu. Temenan aku ra sengaja nyawat asbak ning bathuke pak camat. Mula wiwit mau aku wis ngomong yen lagi apes. Nalika lagi enak-enak ngetik dumadakan ana tikus ing rak arsip. Tak oyak ndilalah playune menyang lawang ruang kerjane pak camat. Tikus tak balang nganggo asbak. Tan kocapa, pak Priyadi metu saka ruwangan. Wis isa dibadhe piye akibate…” Hartono ora bisa mbacutake crita. Pikirane uleng.
“Rak bener omonanku dhisik ta,Pak. Tikus-tikus kuwi ora perlu disengiti. Ngapa dioyak-oyak. Yen wis wareg rak ya mendha dhewe.” Wiwik semu nutuh sing lanang. Sing diswarani ming nyedhot ambegan landhung.
Sore srengenge tansaya gumlewang ngulon parane. Mendhung saka langit kidul wiwit ngebaki langit. Kahanan tansaya peteng kaya atine Hartono sing lagi bingung direridhu maewu-ewu tikus ing rasa-pangrasane.

(Kapacak ing Kalawarti Jaya Baya)

 
BOTOH
Denening   :   Nono Warnono

Tumrap Sokran adu jago klebu klangenan nomer siji. Senajan weteng durung klebon upa, anggere wis nyawang jago telu ing njero kurungan sanalika dadi wareg. Tangi turu krekal sing dielus-elus dhisik mesthi jago klangenan. Cekake tresna lan kawigatene marang anak-bojo ora krasa wis diliyer marang Si Wiring Kuning, Si Cluring lan Si Blerok.
Jago telu beda-beda ulese. Kabeh klebu jago adon pethingan sing kena dipatohi. Duwe kaluwihan dhewe-dhewe nalika mudhun kalangan. Si Wiring Kuning unggul dedeg piadege. Kabrukane uga ngedap-edapi. Isih ketambahan kluruke landhung banter ngaluk-aluk. Mungsuh sing krungu kedher sadurunge magut kalangan. Siji kekurangane si Wiring Kuning, nalika ngadhepi mungsuh kerep ninggal aturan. Durung diaba wis ndhisiki nladhung.
Si Cluring uga pilih tandhing. Jalune dadi piandel, landhep kaya gegaman. Yen nladhung kumeclak. Semangate makantar-kantar ora tepung tembung nglokro. Cakrak. Ora gigrik bleger lan sumbare mungsuh. Tarunge yayah thathit. Sabetane cukat trengginas. Emane Si Cluring keladuk kendel tanpa nglelimbang kahanan.
Yen Si Blerok pancen kalah gedhe katandhing liyane. Nanging cucuke landhep kaya gunting. Angger nemu kalodhangan nladhung bisa njejuwing endhase mungsuh. Anteng kebak petungan. Ora grusa-grusu. Sorot matane gawe kewanene mungsuh ndadak ngedhap.
Anggone rekasa ngupakara jago esuk-sore, ngelus elar swiwi nganti ngetung sisik-sisik ing sikil, nyatane ora muspra. Kabeh notohi jagone dhewe ing kalangan. Akeh botoh liyane melu nglelimbang condhong pasang totohan. Wong-wong padha keket ngubengi kalangan rame gumeder. Surak gumerah. Siji loro ana sing alok lantang. Lan maneh-maneh jagone Sokran sing menang.
Senajan kerep digrebeg pihak keamanan, kalangan adu jago malah tansaya regeng lan grengseng. Dioyak sisih kulon ngalih ngetan. Diuber ing lor, bukak kalangan ing kidul. Arepa laku kucing-kucingan,nyatane nagbotohan bisa nekakake kemareman. Luwih-luwih kanggone wong cilik kaya Sokran sing ora kongang melu adu nasib ngrebut maneka jabatan. Ora ngerti alang ujure permainan politik. Ora duwe jago sing dielus-elus kanggo nglungguhi kursi panguwasa. Duwene ya mung jago adon klangenan kanggo nglipur ati sing ajeg sumpeg.
Lakar wis dadi klangenan. Kasiatun dhewe ya njur gelem nglenggana lan sabar ngadhepi kanyatan. Etung-etung kanggo mbuwang kesnengan lawas. Sadurunge adu jago, Sokran pancen asring saba komplek pelanyahan ngombe arak mabuk-mabukan. Yen wis teler njur ngamuk-ngamuk. Dhuwit kanggo modhal bakulan blanja gelis dirayuk. Saploke ajeg saba kalangan adu jago, klakuwane lawas sithik mbaka sithik tansaya suda senajan durung bisa ngilangi kanthi temenan.
Nyelot jero dirasa, ana perangan sing ilang sajrone uripe Kasiatun. Jebul sasuwene iki sing lanang mung nyuntak rasa senenge marang jago-jago klangenan. Tumeka lingsir wengi sing diupakara mung makhluk ing njero kurungan. Wengi-wengine Kasiatun krasa atis lan liwung. Anak-anake uga ora kopen. Adate angger esuk Sokran  sregep ngedusi anak-anake yen arep mangkat sekolah. Saiki wis ora maneh. Sing diedusi dhisik mesthi Si Wiring Kuning, Si Cluring lan Si Blerok.
Yen penyakit watuk ngono gampang wae golek tetamba, barang watak gawan lair, bisane ilang ya yen wis mlebu luwangan kubur. Seje sirah beda watak. Ana sing alus ana sing kasar. Sokran dhewe klebu wong sing duwe watak kasar lan seneng urip mardhika. Yen duwe karep angel dicandhet. Ndablege setengah mati. Embuh wis kaping pira sing wadon elik-elik. Swara sing keprungu dianggep angin liwat. Mlebu kuping kiwa, metu kuping tengen. Adu jago ngabotohan jalan terus.
Jebul wong ndableg ora slaawse kedhot. Yen keslomot pangrasane uga uga bisa mbledhos kanepsone.
“OranTun. Kowe ki yen ana wong lanang lagi seneng sithik wae lambemu entheng wae njeplak. Biyen aku saba komplek we-te-es kowe uring-uringan. Aku mendem ngome arak kok gremengi saenake udelmu. Pa wong lanang ka aku ki kudu ndhekem lan turu mlungker na omah?”
“Ngumbar seneng mbok ya ndeleng-ndeleng ta,Kang. Awake dhewe isih urip rekasa. Bingung ngubetake butuh njejegake kendhil. Direwangi nyambut gae adus kringet ae urip sik kecingkrangan. Mesakake nasibe bocah-bocah,Kang.”
“Lho, ngono kuwi jeneng kowe nganggep aku ki wong lanang sing ra tanggung jawab,Tun. Arepa wong abangan, aku isih mikir nasibe anak bojo. Apa dhit sing tak wenehake kanggo tuku sandhangane bocah-bocah kae dudu kringetku? O,kuwi dhit asile menang ngabotohan ing njero kalangan,Tun. Apa kowe wis lali?”
“Ngertiya yen dhit ra nggenah aku emoh nampa,Kang”.
“Blaik! Aja ngimpi,Tun.Jaman saiki endi ana dhit sing ora klebon reget. Jajal pikiren, lagi kowe bakulan ae kerep nggorohake reregan. Durung maneh sing cekel jabatan kepethuk kesempatan.Mbangun ratan ya ngesaki watu. Adeg jembatan ya nggegem semen. Isih klebu apik adu jago,tanpa laku slinthutan. Bares embuh kalah apa menang”.
“Ning mesakake Kang. Kewan ra luput apa-apa diedu kabruk-kabrukan”
“Kejem endi karo wong sing seneng adu-adu manungsa padha manungsa. Ngumbar fitnah njur pancakara paten patenan. Yen ra ngono ya ngidak idak nasibe wong cilik sapadha bangsa.”
“Embuh,Kang.Aku malih ra mudheng tembunge sampeyan. Kemenciten. Nyrempet-nyrempet bahaya. Awakae dhewe ki mung wong bodho. Ngertine ya mung nyambut gawe, kareben bisa urip saben ndina.”
Swara-swara santak. Tembung-tembung atos. Kaya wis ajeg dadi uba-rampene padudon meh saben dina. Parandene durung kongang ngowahi kelakuane Sokran sing puguh bukak kalangan adu jago ngabotohan. Kasiatun wis kemba. Kentekan akal kepiye kudune nrenggalangi. Pepuntone trima pasrah ing keadaan,nalika kabeh pambudidaya wis ora kuwawa nguwohake asil.
Diumbar tanpa diaruh-aruhi, Sokran malah nglenggana karepe dhewe. Katitik wolw-wali ditembung kanca-kancane nunggal kalangan, dheweke nampik pilih ora budhal. Panyawange manther kaya ana sing lagi abot dipikir.
Urip lan panguripan pancen ora langgeng. Kabeh tansah owah gingsir. Gilir gumanti. Padha karo pikiran lan karepe manungsa sing ajeg mobah mosik angel dibatang tlonjonge. Kadhang esuk bungah ndadak sore wis nangis sesenggrukan. Awan seneng, bengine gelis suthik. Yen wingi-wingi Sokran isih kapiadreng ngupakara lan adu jago ing kalangan, ora mokal yen saiki ndadak malik grembyang. Si Wiring Kuning,Si Cluring lan Si Blerok gelis diliyer marang wong liya. Mulihe wis ora nggendhong jago, nanging nggembol dhuwit sadhompet kandel. Ora cukup semono, pit motor weton lawas sing asring ditunggngi uga katut ditukar dadi lempitan dhuwit. Mungguh seja apa sing arep ditempuh, ora ana wong sing mudheng karepe.
Ngerti Sokran laku nganeh-anehi salin slaga, Kasiatun kepeksa miterang apa sejatine sedya sing diangkah bojone. Makaping-kaping diteter puguh ora gelem blaka.
“Mbesuk yen wayahe pilkades milih gambar klapa lho,Tun.”Tembunge Sokran wanti-wanti sing wadon.
“Apa pamrihe,Kang.Sampeyan kok ndadak melu bingung kampanye ndhukung ganbare Badrun kae,”
“Wis,ta,Tun. Anggere kowe gelem ajak-ajak tangga kiwa tengen milih gambar klapa, mbesuk yen menang kowe bakal melu kecipratan enak. Awake dhewe mentas saka urip keingkrangan,”
“Ah! Aja ngumbar tembung ngayawara,Kang. Aja ngimpi sing ora-ora.Lan maneh aku sumelang piye dadine desa kene yen nganti dipimpin wong brangasan kaya Badrun kae.”
“Byuh! Kaya ra ngerti ae,Tun. Wong sak iki ngono dha pinter nyandhiwara. Katon apik sembarange yen pinuju duwe karep. Janjine muluk-muluk sundhul mendhung. Yen wis krasa kepenak nyatane ya prek, janji tetep janji. Manut panemuku malah wong kaya Badrun kuwi ora duwe bakat dadi koruptor.”
“Ora Kang. Aku ra sir blass milih gambar klapa. Ndeleng pawongane ae genah warga kene pilih gambar nanas duweke pak kaji Solikhin. Lupute ya gambar jagung lambange pak Kastur pensiunan tentara sing anteng lan merbawani.”
“Cilaka,Tun. Yen kowe ndeleng wong sakha kethune apa saka klambine. Sepisan maneh tak kandhani, saiki ngono akeh wong pinter laku paekan. Pinter api-api golek kawigaten. Politik kuwi kotor. Aja ndeleng bungkuse. Sawangen lan rasakne ndhisik lagi kena gawe kesimpulan.”
“Embuh,Kang. Aku ra dhong abang ijone politik. Tak rasak-rasakake tembunge sampeyan kuwi kedhuwuren. Orane,Kang! Sampeyan mesthi duwe tujuan liya, ngapa mbelani gambar klapa nganti mati-matian. Mesthi leh sampeyan adol jago klangenan lan pit montor kae kanggo patohan,”
Kenyonyok tembung panuding saka Kasiatun, Sokran njola rada kecipuhan. Suwe ra bisa aweh wangsulan gumathok. Durung rampung anggone padha udreg perkara pilihan gambar pilkades, dumadakan saka njaba krungu swara wong nothok lawang. Bareng dibukak ana polisi loro seragam lengkap ngadeg ngejejer. Sokran lan Kasiatun ora bisa kumecap. Mlongo kamitenggengen.

*
(Kapacak ing Kalawarti Panjebar Semangat No 45 tanggal 08 Nopember 1997).


 
SAMBEL
Dening   :   Nono Warnono

Pancen luputku dhewe.Ngapa dhisik nalika isih urip legan ora mikir sinau kepriye mungguh mbesuk yen wis kelakon mbangun bale somah sing satemene.Ora duwe panggraita saranane wong bebojoan ngono kudu duwe pawitan bisa ngrampungi maneka pakaryan. Wiwit kabisan olah-olah lan nata meja makan, nganti ketrampilan ngatur prabot omah kayadene tempat tidur lan meja kursi.
Bareng saiki klakon ngawula urip saomah karo maratuwa,samubarang sing dhisik tak sengguh mung prakara sepele,malih krasa temenan yen kabeh mau banget wigati tumrap wong urip tembayatan. Pakaryan ing pawon sing mesthine kudu tak rampungake malah maratuwa dhewe sing ajeg nandangi. Nanging njur kepriye maneh, lakar aku ora damang theg kliwere wong olah-olah maneka mangsakan. Arep nekat tiwas asile ora nggenah.Mbuwang ragat ora rupa. Aja maneh arep mangsak sing cocog karo selerane bojo lan maratuwa, nggoreng pindhang bae gosong. Gawe sayur asem ora ngalor ora ngidul. Cemplang! Mula anggere wayah wong olah-olah aku pilih ethok-ethok ora ngerti.
Isih begja bojoku klebu wong sing nduweni rasa sabar lan pangerten sing gedhe. Ora kendhat anggone mbombong atiku supaya gelem ajar olah-olah senajan krasa abot kawitane. Maneka buku resep mangsakan embuh pira bae sing dituku Mas Parno diulungake marang aku kanggo tak sinaoni. Nanging yakuwi,bareng wis kadhung salah ndhisike. Isih ketambahan yen aku iki klebu wong lumuh ora doyan penggawean. Witekna mbiyen nalika isih prawan rina-wengi senenganku mung turu klekaran. Perkara mangsakan,panganan cukup dicekel pembantu. Aku ora perlu melu kangelan. Mula panjurunge mas Parno mung tak iyani nanging aku ora tau gelem tumindak.
Aku banjur kelingan lembaran lawas  nalikane wis manteb nibakake pilihan dadi sisihane mas Parno wong asal nggunung adoh kawat. Kamangka akeh nom-noman gagah sing wis tuwuk atmosfir kutha, padha ngarepake katresnanku. Nyatane aku tetep condhong marang mas Parno sing tak anggep bisa ngemong aku ing tembene. Aku wis ora kegiwang gebyare wong kutha sing akeh-akehe padha seneng mamerake kulit lan bungkus ketimbang isi njerone. Ora kurang-kurang aku kesandhung pengalaman digawe dolanan wong lanang.
Siji maneh sing njalari atiku gilig ngawula kadidene sisihane mas Parno. Wonge prasaja kebak tanggungjawab lan seneng ngayomi. Senajan wonge pancen bagus,nanging dudu kuwi sing sepisanan gawe atiku poyang payingan. Aku wis wareg ditunggoni wong bagus sing akeh-akehe mung pinter ngomong mlempus.Yen wong nggantheng tur pinter olah basa lan ngrakit geguritan ya kaya mas Parno kuwi pawongane.
Saploke urip ing wewengkon padesan sing semanak, aku nemu swasana beda sing durung tau tak rasakake sadurunge. Emane, senajan mapan ing kahanan nyenengake aku malah krasa dadi wong asing  durung bisa nyawiji karo lingkungan. Nalikane wong-wong wadon ing karang padesan padha sregep olah-olah lan kumbah-kumbah aku mung dadi penonton sing kepanggonan rasa ngungun.
Sing ora ngepenakake rasa-pangrasaku,sasuwene urip saomah karo maratuwa aku mung dadi sanggan. Kawitane pancen ora ana masalah apa-apa. Suwene-suwe  minangka wong sing duwe pikiran normal ngumangsani yen sejatine maratuwaku suthik kanggonan aku. Polatane kerep sinis. Tembung-tembunge krasa atos lan pedhes. Arepa sing asring dadi sasaran mas Parno dhewe nanging aku ngrumangsani won sing paling luput.
“Biyen ibu rak wis elik-elik,ta Par.Milih bojo ngono kudu sababag kareben ajine dhirimu ora diidak-idak wong wedok. Apa untunge mangku wong ayu yen kowe njur dadi babu. Jajal endi ana wong lanang kaya kowe kuwi. Esuk sore kedandapan mergawe golek dhuwit kanggo blanja lan wedhake bojo, isih iwut melu mangsak lan umbah-umbah.” Ibune aweh panyaruwe nalika esuk kuwi mas Par nggirahi kumbahane ing sumur mburi.
“Jenenge wae wong ajar mbangun bale somah,Bu. Ya lumrah ta yen samubarange wiwit sinau.”
“Ning ya ra ka ngono kuwi,Par. Mosok wis wani omah-omah nyambel ae ra jegos!”
Ora sengaja swara pedhes kuwi tak rungu. Atiku angles. Mesakake mas Par. Umpama ora ngelingi dhweke,aku wis semparet mlayu mulih. Untunge aku njur nglenggana marang kabeh kekurangan. Isih bisa momong emosi sing kadhang bisa mbilaeni
Nalika rasa welasku runtuh marang mas Par sing ketiban awu anget, dheweke malah nyumelangake kahananku. Kuwatir yen aku njur mopo ngadhepi maratuwa sing duwe watak kurang sabaran lan gampang mbledhos kanepsone. Sumelang yen aku lara ati njur njaluk mulih marang omahe wong tuwaku dhewe.
Mas Par pancen ora tepung tembung kemba. Ora pisan pindho aku dierih-erih supaya sabar sauntara sadurunge adeg omah dhewe urip mandhiri. Aku dikon ngalah. Ora ateges kalah. Ibu dhewe sejatine ya duwe karep apik kanggo tembe mburine awake dhewe. Nanging mung carane sing kurang mathuk. Ngono grenenge mas Par setengah nuturi aku.
Kanggo ngawekani kahanan sing ora nyenengake mau, aku wiwit jumangkah ajar mangsak lan kumbah-kumbah. Maratuwa durung tangi aku wis cekel sapu reresik lan korah-korah ing pawon. Yen dhisik mas Par isih kerep kumbah-kumbah dhewe, saiki kabeh wis bisa tak tandangi.
Atiku wis tak gawe sabar. Ora kurang-kurang anggonku setiyar nyenengake maratuwa. Nanging kabeh muspra kaya ora ana asile. Arepa sewernaning penggawean meh bisa tak rampungi,kabeh tansah didumuk ora ana sing bener. Ngene salah ngono luput. Aku tambah bingung.
Kaya kedadeyan wingi nalika aku mangsak sega. Akeh-akeh komentare sing tumlonjonge aweh panyaruwe. Sig kurang ngono apa kurang ngene. Nyambel ya dicandra. Lupute kurang asin ya diduwa kurang alus nganti kurang pedhes. Cekake kabeh tandang grayangku ora tau oleh pangalembana sing nyenengake. Kuping krasa panas. Tembung-tembunge sarwa natoni ati.
Saiki aku lagi ngerti temenn yen sejatine ibu maratuwa ora seneng duwe mantu aku. Sing dikarepake wiwit dhisik bisowa duwe mantu kaya pilihane kakang-kakange mas Par sing gandhes luwes lan wekel ing sembarange. Betheke mbesuk bisa dingengeri yen wis ndhungkap tuwa. Bareng kanggonan mantu aku sing ora bisa jaritan, malah seneng menganggo clana lan kaosan, maratuwa gethinge setengah mati. Kosok balen kambi tangkepe bapak maratuwa sing ora kakehan gunem. Mungguh ngemong anak mantu apa anake dhewe mung pilih tutwuri anggere duwe tujuan becik.
Libur sekolah sedulur-sedulur sing mencar adoh kapinujon padha ngumpul saomah. Mas Eko sedulur tuwa sing duwe usaha ternak gedhe ing Semarang teka nggawa keluargane komplit. Anake papat sing isih semega uga ora keri padha melu jemrinthil. Ora beda karo mas Jatmika sing adeg percetakan ing Trenggalek, anggone tilik keluarga ing Bojonegoro mesisan ngirit anake lanang loro sing mbedhige ngudubilah. Wis kena dibadhe kepriye umyeg lan ramene omah yen dikebaki bocah-bocah samono akehe. Untunge omahe maratuwa klebu gedhe tur jembar balene. Witekna omahe wong tani, yen ora diwangun jembar genah ora bisa mapanake asil panen.
Kanggo nuduhake bektine anak mantu sing paling enom, aku nyoba nyenengake atine sedulur-sedulur adoh sing tak anggep kayadene tamu. Mula esuk sore aku iwut olah-olah maneka mangsakan kanggo nyugata. Wiwitane ana rasa rangu-rangu. Ketir-ketir yen mangsakanku ora cocog kao selerane sedulur-sedulur lan keponakan sing beda-beda  kesenengane.
Jebul bener kabeh panggraita lan wassumelangku. Awan kuwi dhadhaku kaya disamber bledheg. Nalika tata dhahar ing meja makan kanggo kabeh keluarga, ndadak sambel salayah olehku nguleg dibuwang semprung dening ibu maratuwa. Ora mung cukup semono kedadeyane. Mas Par sing ora ngerti apa-apa melu kenan sasaran.
“Orane,Par. Bojomu ki njarag pa piye! Wis ngerti yen aku lan sedulur-sedulurmu ki ra seneng sambel sing legi, lha kok iki mau dikeladuki gulane!” ngomong ngono tangan lorone karo malangkerik.
“Ya sepurane ae sing gedhe ,Bu.Mbokmenawa dhik Ririn during ngerti.”
“Mosok kumpul maratuwa samono suwene, senenge ibu ae ra tau niteni. Ncen ya ndableg tenan bojomu kuwi kok,Par.”
“Wiwit mbiyen aku rak wis matur ta ,Bu. Sisihanku kuwi pancen ora bisa olah-olah nyamleng. Mula yen ana kekurangane ya ibu sing wajib ngelingake mungguh kepriye becike. Ora njur kaya ngono kuwi carane. Kasar lan gawe larane ati.”
“Bojo ko ngono sik terus kok belani,Par. Apane sing arep kok purih?”
Semparet! Ibu maratuwa nglungani mas Par karo menjeb. Sing ditinggal ndhingkluk ora kumecap apa-apa. Ana rasa gela sing disimpen jero. Atine angluh.
Kabeh sandhangan ing njero almari gelis tak dhudhah. Cekat-ceket tak wadhahi tas gedhe. Nggawa ati kemranyas aku pamit mulih marang Mas Par sing sejatine banget tak tresnani. Wong lanang sing anggne nggemateni aku ditohi nganggo jiwa-ragane. Nanging kepriye maneh atiku wis kadhung tatu. Ing omahe ibu maratuwa aku kaya wong wadon sing tanpa guna.
Karepku wis gilig. Kabeh sing arep menggak ngalang-alangi lungaku ora ana sing tak paelu. Mas Par dhewe senajan adreng anggone nyegati aku kanthi mripat kaca-kaca, ora kuwawa nyandhet lakuku.
Bengine mas Par nusul kanthi nggawa ati semplah. Wola-wali njaluk sepura. Njur ngrimuk gelema aku bali kaya dina-dina sak durunge. Bisaku mung nangis sesnggrukan. Mas Par tak ruket kenceng. Nanging aku tetep ora bisa nuruti kabeh karepe senadyan tujuane becik lan linambaran ati resik. Embuh wis kaping pira mas Par ngusap eluh sing dumlewer ing pipiku. Nalika tak sawang jero mripate sing edhum, atiku kaya remuk rasane. Nanging aku wis gawe keputusan,suthik ndulit sambele maratuwa. Apa maneh tembung-tembunge sing pedhes natoni rasa pangrasaku.
*

(Kapacak ing Kalawarti Jaya Baya Tanggal 27 Juli 1997).

 
MEJA KURSI

Dening : Nono Warnono



Kanggone Herman mbangun bale somah ora beda karo wong budhal perang ing tengah palagan. Mawa jiwa satriya taker nyawa. Dimen kasembadan tumlonjonge ancas tujuan sing wis dikerek dhuwur.
Nyatane temenan. Nalika kasil ngrengkuh Mujiati, kabeh penjaluke kabeh disembadani. Eling-eling bojo ayu sing gelem diajak urip tembayatan bungah susah ing tengah bebrayan mono ora gampang diprangguli. Akeh pepalang. Akeh pacoban sing kudu diadhepi. Nglenggana ngaurip kadidene perjuangan. Kebak sandhungan. Akeh pepalang sing kudu diliwati. Urip ora beda sawijining pandadaran.
Nalika sing wadon wola-wola nembung njaluk prabot omah aran meja-kursi, Herman enggal saguh minangkani senajan dhuwit bayaran during nyukupi. Witekna dadi andhahan puluhan taun durung kecipratan kamulyan. Kanca-kancane wis padha jigang nglungguhi maneka jabatan. Dheweke malah ajeg ketleyek kecemplung juglangan nasib. Kesrimpung maneka paekan kanca nunggal pakaryan.
Urip kuwi kanyatan. Dudu pangimpen. Bungah susah lan maneka masalah dadi sega jangan. Ora kena nglokro krana isih akeh solusi pilihan. Dhuwit pancen wigati nanging dudu siji-sijine pilihan. Yen ora duwe isih bisa ngredhit barang lan ngutang ing maneka lembaga keuangan.
Jebul dudu kuwi sing njalari sirah ngelu. Meja-kursi sing dikarepake pranyata ora sembarang meja-kursi. Kipa-kipa emoh yen lumrahe meja kursi sing diduwene tangga kiwa-tengen. Meja-kursi sing dadi angen-angene modhel nyleneh kaya sing diduweni wong tuwane. Wujud antik. Ukiran remit kanthi kualitas seni manjila. Kualitas kayu jati pilihan.
Mlebu-metu toko mebel wis ora bisa diwilang. Milang-miling mrana-mrene nganti kabeh kemput dijingglengi. Nganti ati  pegel meksa durung mrangguli meja kursi sing cakrik lan ukirane  ngemperi. Witekna barang sing digoleki pancen klebu  aeng lan wis akeh dadi barang koleksi.  Ora saben pawongan bisa nglungguhi, jalaran wis dadi barang langka.
Wola-wali batine ngresula. Yagene panjaluke sing wadon ndadak sing aeng-aeng. Prabot meja-kursi wae pilih sing ora lumrah. Kamangka umpama gelem sing modhel umum ora nganti ndadekake bingung. Wis jamak lumrah yen bale somah dipepaki meja kursi empuk sing kepenak dilungguhi. Nanging yen njur neka-neka, nyleneh lan emoh dikembari meja kursine tangga teparo, genah wis nyimpang saka tujuan ngrengga bale wisma sing samesthine.
Herman klebu siji ing antarane maewu wong lanang sing tumemen anggone mikukuhi ajining dhiri. Kebukten, nalika antuk kabar saka sing wadon yen meja kursi wong tuwane kena digawa mulih dheweke nampik kanthi cara alus. Luwih becik lungguh njogan tinimbang nglungguhi warisan kursi empuk olehe njejaluk. Ngrampog cara alus. Dilungguhi krasa ora kepenak. Nalika digaw jejagongan krasa ora jenak. Swara batin brontak. Urip krasa kelangan saperangan ajining dhiri sing ora kena dikertaaji.
Wiwit ndhisik batine wis janji ora kemba ngadhepi maneka pepalang lan pacoban. Soroh maneka pangurbanan jiwa-raga ditekadi anggere ora nggadhekake ajining dhiri. Ora luru pangalembana. Suthik urip ngangsa-angsa. Kepeksane nungsang njempalik nglegani karepe sing wadon njejegake bale somah sauger ora adol kehormatan.
“Piye,Pak!” pangatage Mujiati rada meksa.
“Ora ! Aku emoh kanggonan barang kuwi. Aku kepengen duwe meja-kursi sing pikolehe kanthi kringetku dhewe. Ora meres kringete liyan. Apa enake ngutang kabecikane liyan. Ati kurang jenjem”.
“Ning barang kuwi paringane wong tuwa, dudu awehe wong liya?”
“Apa maneh nglungsuri kagungane wong tuwa. Katon aleman. Ngarep-arep barang warisan. Kuwi jeneng adol ajining dhiri kanthi sembulih pengaji meja- kursi. Sampeyan kudu eling Bu. Prabot kuwi isih dibutuhake. Tamu-tamune bapak-ibu luwih pantes nglungguhi tinimbang awake dhewe sing arang klebon tamu penting. Apa maneh anak loro ya sik cilik-cilik. Umpama rada sabar sithik, disumenekake kekarepan nduweni meja-kursi, tak kira luwih becik. Mandar ana wektu kanggo madik-madik barang  sing mutune luwih apik”.
“Njenengan ki aneh,Pak. Golek meja-kursi mrana-mrene gagal, diparingi wong tuwa malah ditampik. Yen perkara meja-kursi njur digathukake karo ajining dhiri rasane kok kejeron negesi. Mandhiri ya mandhiri, Pak. Ning yen buktine awake dhewe durung keconggah, kudune ya nglenggana. Wis samesthine wong tuwa melu mikir kahanane anak. Ora mung kandheg wujud materi thok, ning uga palungguhan ing maneka jabatan. Akeh contone sing padha kasil nglungguhi jabatan jalaran fasilitas saka wang tuwa”.
Krungu tembung-tembung mambu panutuh Herman njola. Praupane mbrabak abang. Sing wadon disawang landhep.
“Sepisan maneh aku emoh kanggonan paweweh wujud apa wae sing dudu asil kringetku pribadhi. Aku duwe cara dhewe kanggo ngawekani kabeh masalah iki. Dudu wong liya. Sampeyan aja nyoba mincing-mancing kanepsonku!”
“Aku mung dhapur udhu panemu,Pak. Mbokmenawa ana guna pedahe. Coba ta dipenggalih maneh. Mikukuhi harga dhiri ya becik ning ya kudu kanthi nyawang sikon. Ya krana mikukuhi prinsip mau, ing kantor njenengan dadi kurban. Akeh kanca nunggal pakaryan pada rebut kalodhangan mawa maneka cara, njenengan malah kesimpar terus dadi andhahan.”
“Cukup, Bu! Aku aja terus kok kompori. Atiku wis panas. Dhadhaku krasa kemranyas jalaran ing ngendi-endi wis kebak hawane geni.”
“Ya,wis.Pak. Njenengan turu ngomah wae. Aku tak usaha golek meja kursi.” Dhadhane Herman kaya didhodhog wesi gligen. Tembunge sing wadon krasa nyepelekake. Kadidene wong lanang sing wajib nyembadani butuhe bale somah, dheweke krasa dikilani dhadhane. Kanepsone arep mbledhos. Kepelan tangan meh kumlawe ning gelis dicandhet. Eling anake loro isih cilik-cilik. Yen nganti weruh pasulayan ora apik tumrap jiwane bocah-bocah.
Semparet ! Mujiati enggal klepat nginggati. Nggawa rasa sengit. Ngondhok-ondhok nggembol kacuwan.
Herman lenger-lenger krasa mikir abot. Sirah diregem tangan loro.Kala-kala njambak rambute sing wis ora tumata. Ana rasa keduwung. Gedhe-cilike wis natoni atine sing wadon. Kedadeyan sing satemene banget ora dikarepake. Sekawit mung perkara meja-kursi, ndadak ngambra-ambra tekan bab-bab sing gepok senggol karo rasa-pangrasa. Luwih-luwih bareng ditintingi, tembung-tembunge sing wadon ora kabeh luput.
Panggresah tambah. Nyerot ambegan landhung. Pikiran uleng. Kagubel pitakon nggembuleng. Pitakon gedhe ngenani bener-luput prinsip sing ajeg dipikukuhi. Idhealisme sing wis ora dipaelu bebrayan krana rubuhe pranatan. Pitakon ngenani cangkriman tanpa batangan ing ngaurip cakra manggilingan.
Durung rampung ngumbar pangangen ndadak dijugarake swara mobil mandheg ngarep omah. Kendharaan  isi prabot rumah tangga, wiwit piranti pawon nganti barang-barang kayadene meja-kursi. Ah!! Saiki ing ngendi-endi kena kanggo papan promosi. Saklebatan Herman nyawang meja-kursi apik-apik memencut ati. Embuh mutune, kuwi ora wigati. Genah jaman saiki akeh sing mung sengsem bleger ketimbang isi njerone. Luwih seneng ndeleng gebyar bungkus lan kulite.
Ana rasa mangu-mangu. Mripate blawur. Meja-kursi sing disawang malih wewujudan nggegirisi. Mawa cakar-cakar landhep siap ngrawus sapa wae. Untune ngisis kaya arep nglethak. Mripat murub ngobarake geni mangalad. Herman kamiweden.
Rikala mripat diuceg-uceg nganggo tangan, wewujudan ing ngarepe lagi sirna. Ngerti-ngerti tangga kiwa-tengen wis pathing grudug ngepung dagangan ing ngarep omah. Genti genten nyedhaki meja kursi. Akeh sing padha ketarik njajal melu nyekel sikilane. Ngelus-elus ukiran. Ana sing nyoba njunjung sepira bobote. Malah ana sing njajal lungguh kra empuk lan orane. Ambak mung kursi pranyata akeh sing rebut kepinging nglungguhi.
Nyipati kanyatan ing ngarepe, Herman gedheg-gedheg. Jebul ora mung bojone dhewe sing kedanan marang meja kursi. Cilik gedhe enom tuwa sugih mlarat kabeh padha kedanan. Anehe, padha ora maelu mungguh kepriye becike tetuku meja kursi sing slaras kambi bale somah. Ora maelu kepriye nata meja kursi sing bener. Lan ora maelu kepriye tata cara nglungguhi kursi kanthi unggah-ungguh sing samesthine.
Sapungkure bakul barang prabot rumah-tangga lan wong-wong sing padha umyeg ngrubung dedagangan, Herman ketekan tamu kanca nunggal kantor. Gita-gita nggawa kabar wigati. Ndadak lerege omong uga ngrembug perkara meja-kursi.
“Dadi awakmu ki ya melu-melu bisnis prabot ngono kuwi?” pitakone Herman miterang.
Yuwono manthuk.
“Ning aku mung nampa titipan. Dudu barangku dhewe,” sumambunge Yuwono sinambi nyeleh stopmap ing ndhuwur meja.
“Njur apa gandheng cenenge karo aku?”
“Manut panemuku, pawongan sing pantes lan cocog tuku njur nglungguhi meja kursi iki mung sampeyan.”
“Regane?”
“Mung satus yuta.”
“Mung satus yuta??” Herman kaget semu ora percaya.
“Yen wong liya bisa ngancik satus seket yuta.”
“Edan!!”
“Ora perlu edan.”
“Maksudku, meja kursi rega semono kuwi rupane barang kepriye?”
“Kaya sing mapan ning kantor kae.”
“Sing dilungguhi Wisa Marta kae?
Yuwono manthuk.
Herman malah plenggang-plenggong. Wong loro banjur adu panyawang. Padha uleng nggrayang batine sowing-sowang.

(Kapacak Ing Kalawarti Panjebar Semangat No.20 Tanggal 17 Mei 1997)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar