Senin, 11 Maret 2013

Alaming Lelembut


TENDHA SANGA WOLU
Dening : Nono Warnono

Dhapukan panitia Perjusami utawa Perkemahan Jumat Sabtu Minggu wis jangkep dirembug nagti tutug. Uga ngenani tugas-tugas sing kudu enggal dirampungake sasuwene kegiatan perkemahan lumaku.
Satemene aku rumangsa kabotan ketiban tugas dadi ketua panitia. Senadyan wis lawas ambyur ing donyaning pramuka, nanging ing papan nyambutgawe anyar iki aku durung ngaweruhi kanthi gambling cara nyambutgawene kanca-kanca sing satemene. Lumrah yen banjur kepanjingan maneka rasa sumelang gegayutan karo lancer lan rendhete kegiyatan perkemahan sing kagolong kebak resiko lan tantangan.
Nalikane persiapan wis ndungkap kemput, satemene isih ana bab sing ngganjel tumrap batine kanca-kanca panitia. Yaiku  ngenani bumi perkemahan sing arep dipanggoni. Yen aku ngono wis ora ana masalah, genah perkara panggonan ing kono pancen aku sing usul nomer siji.
Ana sing kandha yen bumi perkemahan Ringin catur kuwi wingit, angker, gawat. Ajeg nggawa bawon lan maneka crita sing tlonjonge nggathuk-nggathukake sawiji kedadeyan karo pangamuke sing mbaureksa Ringin Catur ing alaming lelembut.
Yen banjur padha nglenggana nyarujuki, mbokmenawa jalaran anane rasa sungkan lan pakewuh marang aku sing wis kadhung dipercaya dadi ketua. Sejene kuwi pancen wis dadi titikan yen jabatan lan kalungguhan ngono bisa mangaribawani ing maneka keputusan. Nadyan ati iki sejatine condhong marang musyawarah sing nengenake swasana demokratis. Yen banjuraku mikukuhi usul mau, jalaran kepengin ngilangi rasa sanggarunggi krana bab-bab sing mambu takhayul.
Sidane Perjusami dianakake ing Bumi perkemahan Ringin Catur kanthi panyengkuyung kabeh panitia. Wiwit panitia indhuk nganti panitia rumah tangga. Ya ing kene iki apike jiwa pramuka. Senajan ana beda panemu yen wis dadi keputusan musyawarah kabeh melu mikul tanggung jawab sing dipikul-pundhakake.
Jumat sore bocah-bocah kanthi sergam pramuka lengkap umur-umuran penggalang, wis padha teka ndlidir lan banjur sengkud adeg tendha manut kaplingan sing wis ditata panitia sedina sadurunge. Gendera-gendera pramuka katon kumlebat katiyup angin padesan sing sumilir gawe tentrem piker.
Sadurunge acara pembukaan, aku nyedhaki Kak Masduri ing bagian secretariat. Kepengin nyumurupi gunggunge peserta lanang wadon sing wis adeg tendha. Aku melu mongkog krungu laporan sementara sing wis nyedhaki angka rongatus.
Acara kawiwitan kanthi tinengeran pengguntingan pita dening bapak camat kang uga nyarirani minangka Pembina upacara. Nyawang saka praupan aku bisa mangerteni yen panjenengane uga melu mongkog nyumurupi swasana perkemahan nalika mertinjo ing sanjerone lokasi madege tendha sapirang-pirang.
Kabeh padha baris jejer ing ngarep tendhane dhewe-dhewe. Menganggo seragam lan atribut sing sarwa padha. Saka kono aweh dudutan anane kemanunggalan rasa senasib sepenanggungan. Adoh saka wong tuwa ngudokake ajar mandhiri, gladhen ngadhepi tantangan. Ya mengkono kuwi sejatine mungguh guna mumpangate piwulang pramuka.
Aku banjur kelingan pambijine  saperangan masyarakat sing duwe penganggep yen pramuka kuwi mung ngumpulake bocah-bocah kanggo nyanyi-nyanyi lan keplok-keplok. Kemah njur diplesetake, kere ora duwe omah. Satemah anggone aweh panyengkuyung anane kegiyatan pramuka mung setengah hati. Pancen banget nuwuhake rasa prihatin.
Wengi kawitan Perjusami ndadak wis nemu masalah sing ora kepikir sadurunge, yaiku ndadak lampu mati. Diesel rusak ora bisa nguripake lampu neon sing wis dipasang nrentheng ing saben tendha. Kepeksa Pembina-pembina sing bingung nyumed lampu lan lilin. Kuwi yen kebeneran nggawa, sing  klalen ora nggawa pasedhiyan ya mung bekah-bekuh setengah misuh.
Bocah-bocah sing wis siap ngrampungake kegiyatan bengi, malih buyar semburat nuju tendhane dhewe-dhewe. Panitia melu kedandapan bingung. Jadual kegiatan sing wis gumathok kepeksa kudu diowahi pangecake krana kahanan darurat. Nanging panitia pranyata ora kurang akal. Sinanmbi ngrantu rampunge dandan diesel, acara diganti ketrampilan morse peluit lan morse senter. Mula ketertibane bocah-bocah bisa pulih maneh. Ketungkul anggone ngrampungake tugas secara beregu.
“Dospundi,Pak. Menapa sampun beres perkawis diesel?” Aku miterang marang pak Subekhi sing nembe gegancangan nuju secretariat.
“Radi rekaos,Pak. Wonten  piranti ingkang kedah digantos.”
“Saget enggal rampung napa betah wekdal dangu,nggih?”
“Kula kinten nggih dangu.”
“Pripun Bu Vivin.” Aku noleh marang Bu Vivin sing kedhapuk seksi kegiyatan.
“Mboten masalah,Pak. Kegiyatan ingkang mboten saget mlampah sampun dipun gantos kegiyatan lintunipun.”
Pepuntone acara wengi kapisan dirampungi luwih awal. Senajan ing kana-kene ana kekurangan, nanging nyatane saperangan gedhe wis  wis bisa lumaku kanthi rancag. Aku melu nicil ayem. Paling ora kegiyatan ora nganti mandheg. Pancen wis dadi resiko cekel tanggungjawab kegiyatan ing alam terbuka sing kebak pepalang lan tantangan. Kudu sabar lan tatag.
Tengah wengi nalika kabeh peserta wia padha turu angler, dumadakan ana swara umyeg rame ing tenda putrid nomer kode DD. Sumbere perkara jalaran ana salah sijine anggota regu sing ilang tanpa dikawruhi pembinane.
Kanggo ngawekani swasana rame supaya ora ngambra-ambra aku kepeksa aba marang Pembina kiwa-tengen sing melu nyedhak amrih bali ing panggonan sekawit. Cukup panitia sing ngupadi ketemune anggota penggalang sing ilang. Iku wae durung kepara mesthi yen ilang temenan. Adate turu ing perkemahan ana sing bingung marang tendha asale, terus sakepenake melu turu ing tendha sakiwa tengene.
Kanca-kanca de-ka-er lan saperangan panitia tak kerigake nliti saben tendha mbokmenawa kepanggonan peserta sing dudu anggotane. Kanggo rancaging gawe, tak pilah-pilah sing ngayahi tugas mimpin. Ing tendha putrid Bu Endang minangka pengarepe, lan pak Jatmika ing tendha putra.
Kemput nliti saben tendha pranyata ora nggawa asil sing nyenengake. Anggota sing digoleki isih durung katon irunge. Senadyan mangkono panitia isih durung kemba ngupadi nganti bisa ketemu.
Esuke ana kedadeyan rame ing ngisor wit ringin. Jebul anggota penggalang sing akhire dingerteni jeneng Marpu’ah, esuk kuwi lagi turu angler ing sela-selaning wit ringin gedhe ngrembuyung. Manggon ora adoh ing lapangan pojok kidul kulon.
Saka anane kedadeyan aeng kuwi tundhone peserta Perjusami malih ora jenjem. Akeh sing padha kamiweden njur enggal njaluk mulih. Akibate acara sing wis ditata mathis dadi semrawut. Sakehing pambudidaya ngyakinake peserta supaya tetep tenang ngeloni acara sing isih terus lumaku ora kendhat-kendhat dibiwarakake.
Ngelingi kahanan sing ora nguntungake mau sidane aku uga melu judheg. Wengi pungkasan aku terus kilter ngalor ngidul melu ngreksa keamanan, kanthi pangajab ora ana maneh prastawa sing nyalawadi. Saben tendha tak tliti maneh kahanane. Wola-wali sorot senter ngubengi kiwa-tengen tendha. Umpama lampu-lampu sing pathing crenthel kuwi bisa murub mbokmenawa kedadeyane ora nganti kaya ngene. Kepriye maneh, nyatane tekan wengi pungkasan disel tetep ngadat.
Cedhak ringin kidule tendha sangangpuluh pitu, aku njenggirat kaget. Lha kok sakidule ana tendha maneh kanthi nomer sangangpuluh wolu. Saelingku nalika maca gunggunge peserta sing dicathet ing secretariat kok mung sangangpuluh pitu tendha putra lan sangangpuluh lima tendha putrid. Apa aku sing salah maca. Ah! Mbolmenawa aku sing pancen salah maca lan kurang tliti.
Rasa tidha-tidha sajrone dhadha enggal tak kipatake adoh. Lampu senter ing tangan terus tak uripake sinambi nliti sakiwa-tengene tendha sing krasa sepi dhewe mau. Ora ana barang lan peralatan sing lumrah digawa peserta perkemahan liyane.
Nalika lampu senter tak sorotake njero tendha, panyawangku mrangguli kanyatan aneh. Jebul sing manggon ing njero tendha mung bocah loro. Kuwi wae ora padha lanange, nanging lanang lan wadon. Kamangka tendha kanthi nomer kode angka kabeh mung kanggo peserta putra.
“Lho ki cah wadon kok mlebu kumpul regu lanang? Pitakonku karo panyawang manther.
“Kula ajrih,Pak. Kula ndherek kakang kula ing panggenan mriki,” Wangsulane sing wadon kanthi praupan pucet.
“Njur anggota regu sing liya endi, kok sepi?”
“Sampun sami wangsul,Pak. Sedaya ajrih.
“Bapak pembinane kok ya ora ana? Apa ya melu mulih?
“Inggih,Pak.”
Suwe anggonku nyawang bocah loro sing kemulan dadi siji kaya tanpa rumangsa salah. Embuh daya apa sing mrambat ing awakku. Ana rasa trenyuh lan welas tumpuk-tumpuk sajrone ati. Bocah loro banjur tak prentah turu jalaran wektune wis kliwat lingsir wengi.
Ora krasa aku dhewe ndadak melu ngglethakake awak ing sapinggire. Nalika padha sambat kadhemen, tanganku gelis ngekep kareben ora nemen-nemen kadhemen. Nanging malah kekarone padha njerit, tangi njaluk enggal diulihake ing omahe wong tuwane. Tanganku digeret-geret kenceng supaya gelem diajak mulih. Rumangsa duwe tanggungjawab gedhe ing bumi perkemahan, aku puguh emoh ngeterake mulih. Bocah loro nangis tansaya banter. Awakku dioyog-oyog. Rambutku dijambak wani. Hasduk ing gulu disendhal rosa. Aku kepeksa mbengok.
Waktu subuh ngerti-ngerti aku dadi layatan wong sapirang-pirang. Tanganku sraweyan karo cekelan oyot ringin catur. Bareng eling, aku takon bocah loro ing tendha sanga wolu. Kabeh padha pathing plenggong semu gumun.

 (Kapacak ing Kalawarti Panjebar Semangat No.27 Tanggal 5 Juli 1997)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar