Kamis, 10 September 2026

 


Puisi : Nono Warnono

 

KONTEMPLASI

 

Laksa goresan harap tertoreh

dalam kanvas waktu

hitam putih dan bianglala

merealita kehidupan

terbingkai dalam pigura jaman

yang terus berkejaran

 

Lukisan dari tube dan kuas era

adalah lukisan anak manusia

di hamparan kelana

coba diikhtiarkan indah menawan

lebih berwarna dari lukisan orang

tetap tak seindah galeri Tuhan

 

Gambar-gambar dalam galeri masa

mewarnai pameran kehidupan

pelukis dan penikmat yang jumawa

akan terliput rasa kecewa

karena kurator iradat adalah Tuhan

yang memiliki purbawasesa nian

niscaya dijadikan perenungan

 

Bojonegoro, April 2026

 

 

 

 

DI MUKA CERMIN

 

Kau lihat wajah berkali

setelah sibuk bersolek

sarat aroma harum mewangi

busana jiwa raga rapi jali

namun kau tetap merasa kecewa

gambar hambar dalam cermin

 

Kau tata kembali berkali

menutupi luka-luka

bercak hidup menjelaga

wajah di dalam cermin

yang penuh bercak noda

lalu kau sesali dan tangisi

 

Acap kau pandang wajah aneh

sarat rasa bimbang

ada rasa kesal menyesak

ketika gambar dalan cermin

kau pukul dan tendang amarah

kaca pecah penuh lumurn darah

 

Tuban, Maret 2026

 

 

 

 

 

 

 

PAGELARAN WAYANG

 

Lakon panguripan dipanggungkan

oleh skenario sang dalang

memulai jejeran wayang

hingga tancep kayon

semua peraga punya peran

 

Diawali narasi nan indah

pula dialog-dialog sarat tawa

saat berdebat harta wanita tahta

dibincang dan dibagi tak rata

panggung jadi gaduh riuh

perang kembang

 

Kala keluarga berebut kuasa

semua menghunus senjata

dendam kesumat merajalela

pertikaian antar saudara

bak perang Bharatayuda

saling meniada

saling membinasa

 

Lamongan, April 2026

 

 

Karya : Nono Warnono

PGRI Baureno Kabupaten Bojonegoro

 


MENAKAR REPERTOAR KOMEDI MONOLOG

Oleh: Nono Warnono

 

Repertoar komedik sebagai ekspresi kritis melalui stand up komedi belakangan menuai kritik bahkan dibawa ke ranah hukum oleh aparatur negara yang merasa didiskreditkan oleh comika.

Ini menjadi kegaduhan di ranah publik, meski stand up komedi atau komedi monolog adalah genre komedi di mana seorang pelawak disebut comedian atau comica tampil sendirian di panggung, berbicara langsung kepada penonton, dan menceritakan lelucon, pengamatan, atau cerita lucu dari pengalaman pribadi atau topik tertentu untuk membuat penonton tertawa.

Lawakan yang seharusnya memancing tawa menghibur penonton, menjadi sensitif manakala diasosikan secara politis oleh sebagian orang.

Akan halnya  Mens Rea Pandji Pragiwaksono yang menyedot perhatian publik, menjadi pro kontra yang dibincang banyak kalangan. Padahal nyata lawakan tunggal tersebit benar benar menghibur penonton yang melakukan relaksasi sekedar membunuh jenuh dan rasa bosan.

Pertunjukan serupa stand up hakekatnya adalah karya seni. Sebagai seni, reportoar kadang bersifat eksklusif dan bebas nilai, Victor Vousin (1818), filsuf Perancis pernah mencetuskan frasa l'art pour l'art: seni untuk seni.

Pada abad ke 19 penyair dan kritikus seni Perancis Theophile Gautier mempopulerkan frasa tersebut sebagai konsep seni yang memiliki nilai intrinsik-otonom. Bahwa pada akhirnya seni tidak mengabdi pada tujuan di luar dirinya sendiri. Sebab substansi nilai pada seni teeletak semata-mata pada kualitas estetikanya.

Di negeri konoha ini sering terjadi pelaporan atau pembungkaman naratik terhadap seduatu yang semestinya bisa dilawan dengan budaya tanding, meminjam istilah Emha Ainun Nadjib.

Mengeja makna Mens Area  Pandji Pragiwaksono idealnya menjadi momentum bagi siapa saja untuk refleksi diri. Dalam keyakinannya, dia menilai telah terjadi sesuatu yang tidak seharusnya terjadi dengan narasi dalam repertoar komedik.

Kegaduhan wacana di atas nampak ada dua kutub yang kontradiktif dalam menafsir teks yang dinarasikan. Satu pihak menilai materinya bagus, pihak lain berseberangan memaknainya. Sehingga melaporkannya karena telah melecehkan agama.

Oleh karenanya aksi lapor melapor menjadi bias dan dan menimbulkan banyak tafsir.

Secara psikhologi, pelapiran terhadap karya seni mengernyitkan dahi komika dan seniman pada umumnya. Mereka dibayang bayangi kelahiran kembali era terdahulu dimana sejumlah karya seni dilarang pentas.

Sejatinya, kedewasaan cara pandang dalam repertoar seni menjelaskan posisi para pihak dalam kedewasaan maupun sebaliknya.

Benang merah yang harus dipahami dalam kasus Mens Rea, semua pihak untuk saling mengerti. Panji Pragiwaksono bisa jadi hanya perwakilan dari semua pihak yang membebaskan dirinya untuk berkeyakinan yang disampaikan yang disampaikan dalam stand up.

Begitu juga para pelapor yang sedang memerankan diri sebagai puhak yang merasa terusik. Sementara polisi dengan slogannya yang memutasi dari srmua melindungi dan menyayomi menjadi polisi untuk masyarakat sedang menjalankan tugas menyelidiki dan mengumpulkan barang bukti.

Sebenarnya jika pelapor, terlapor, aparatur dan mediator berkumpul, duduk dan ngopi bareng, benang kusutnya mungkin akan bisa tegak. Sebab salah paham diantaranya seringkali terpecahkan di meja bundar di mana kebekuan mencair.

 

Nono Warnono, pegiat pendidikan, bahasa dan sosial budaya di PSJB

Jumat, 08 Mei 2026

Tintingan Buku "Pamoring Kawula Gusti" dening Nono Warnono


 

ENDAHING GESANG

TINUNTUN PEPADHANG PAMORING KAWULA GUSTI

 

Kadidene sastrawan Jawi ingkang ugi nate ngemban jejibahan minangka jurnalis wonten ing maneka ariwarti sumawana kalawarti, rama J.F.X Hoery sampun kuwawi nyerat maneka genre karya sastra. Wiwit reriptan sejarah, babad, crita sambung, crita cekak, wacan bocah, esai, lan tamtu ugi geguritan.

Seratan-seratan kang wiwit kawuri sampun sumawur wonten ing maneka udayana kalawau kasil kababar dados buku ingkang saget kawaos dening warga masyarakat ingkang wiyar tebanipun ing madyaning bebrayan agung. Karya-karya sastra ingkang dados sumber maneka ngelmu, awit mboten kawilang para mahasiswa saking maneka pawiyatan ugi para panaliti ingkang ndadosaken karya kalawau minangka referensi kapustakan.

Parandene buku-buku ingkang terbit saha saperangan sampun nampi pengaji-aji, kathah-kathahipun wujud kumpulan crita cekak tuwin antologi geguritan. Mligi ngrembag bab karya geguritan ingkang ngimpun karya sastra minangka dokumentasi, panggurit nate ndadosaken kempalan geguritan kasebut dados tetenger. Sampun kawuningan bilih buku kumpulan geguritan kanthi irah-irahan Gurit Pitu Enem tuladhanipun, dados tandha yekti pengetan ambal warsa yuswa ingkang ganep 76 warsa pangripta.

Wondene buku kumpulan geguritan kanthi judhul Pamoring Kawula Gusti ingkang nembe kababar menika, nadyan mboten kinarya tetenger mligi, nanging kandhutan kang ginupit ing 159 irah-irahan geguritan tuwin rinengga 3 macapat,  mengku suraos mirunggan. Liripun, ing suwalikipun geguritan wau ngandhut makna sinandhi. Bilih kawaos sumawana kaayati kanthi menebing raos, saperangan ageng seratan sayekti mengku  "interaksi intens" sesambungan cinaket panembahing panggurit minangka kawula kang ngumawula dhumateng Gusti Pangeran Ingkang Maha Agung.

Tamtu sesambetan antaraning kawula Gusti kalawau ugi  nyunaraken pamor sih katresnan dhumateng sesami titah tuwin bumi saisinipun. Bab sesambetan sih tresna sesami kawuryan salebeting irah-irahan gurit : Tumandang, Perang, Kidung Kasmaran, Nglengkara, Pengarep-arep, Pangangkah, Piweling, Amot Momot, tuwin sanesipun. Judhul Tumandang bilih dipunsemak nggambaraken raketing kekadangan.

 

.......

Mitra

Ana trubus ngelak siraman

Trubusing katresnan

Trubusing kabudayan

Trubusing kasusastran

Ngranti kekudangan

Aku lan sliramu

Dina iki prasetya tumandang

 

Kadidene panggurit kang gandrung dhumateng kaendahan kaelokan susastra lungit, terwaca dening pangripta raos sengsem kalawau ginupit wonten ing judhul: Pengadilan Puisi, Mega, Langit, Tekad, Gurit Esuk, Colok, Kang Siningit, Tuntas, Balada Ki Ageng Buwana Keling, sarta lintunipun. Gupita lungit kalawau kawuryan rinantam salebeting irah-rahan Colok

Dak rakit gurit alit

Gawan saka bumi kelairan

Mbabar anggit nyimpen rasa

Ngetut tekane mangsakala

Sineksen kang ngreksa jiwa

Dadi cecoloking pangangkah

 

Saperangan geguritan wonten kangungunan mrangguli kasunyatan, asung pamawas pitutur luhur ingkang gegayutan klawan kahanan gesang bebrayan salebeting puisi: Jangkah, Blero, Ngrengkuh, Swara Dumeling,  Piwelinge Simbah, Angen-angen, Tanggap, Pangajab, Pamungkas, Rasa Jati Sejatining Rasa, sumawana Pituwas. Wonten kaendahan santiaji ingkang mralampita pitutur luhur salebeting geguritan Rasa Jati Sejatining Rasa.

Pangoning budi luhur,

Linambaran cipta wening,

Ginantha ing rasa sumewa,

Arum asih marang lekasing karep,

Ing swasana kang kinayungan bebuden

 

Kumeluning puji rinakit keketing panyuwun,

Iing awang awang ngaluk aluk,

Ngrengkuh tebaning panggayuh,

Aja kathik tumambuh ing kewuh.

.......

 

Kadosdene andharan sekawit bilih saperangan ageng geguritan ingkang rinantam salebeting kembang setaman menika ngemu suraos tumajebing panembah, pamartobat, sumawana kontemplasi (perenungan) dhumateng Gusti, saget kawaos salebeting reriptan: Mungkur, Salib, Napas Wengi, Dakronce Donga, Madhep Manteb, Sapa Kang Kumlebat, Kidung Pasrah,  Sangareping Altar, Mahargya Paskah, Mahargya Natal, Kidung Panggayuh, Kidung Kamulyaning Batin, Kidung Sesaji, Tumenga Ing Gusti, Nyadhong Berkah, Kidung Panjangkaning Sukma, Kidung Angon Sukma, Kidung Sarira Jati, Kidung Kawaskithan, Kidung Panjangka sumawana kidung-kidung salebing gurit lintunipun.  

Ngresepi gupita asesirah Salib, sanadyan namung kalih larik parandene ngandhut pamawas dhiri, panglenggana manah ingkang manglung pasrah jiwa raga karana dosa lan kalepatan ing mangsa kawuri, minangka gurit ingkang kraos sakral salebeting wardaya.

Anane kayu pamenthangan

Amarga aku calunthangan

Salajengipun kita cecep gurit kang rinacik kanthi piranti diksi ingkang nunjem telenging manah tinengeran Kidung Panjangkaning Sukma.

.......

Trajuning urip ginaris ing wewaton maton

Laku utama linambaram tedak tapa brata

Sumingkir tumindak cengkah dhawuhing Allah

Jroning pangrasa mbabar ati sabar

Manages lumunturing sih wilasa

Kang dadi pepadhanging laku batin.

 

Pepuntonipun pangrumpaka, saget dipunwerdeni karya-karya salebeting buku Pamoring Kawula Gusti kasebut satuhu ngandhut nilai-nilai subtil (alus) saha kasdu nggayuh level sublim ingkang kaudi dening pangguritipun. Salebeting geguritan-geguritan kalawau sumirat tata laku spiritual, nggayuh pethiting pangumbaran jiwa kang pasrah. Menebing jiwa salebeting laku rohani kinarya ayem tentreming gesang karana manunggaling pamor kawula Gusti. Ngombyongi pemanggihipun Immanuel Kant (Abad ka-18), "Sastra sublim yaiku karya sastra kang kasdu nglantarake pamaos mlumpati donyaning fisik tumuju alam spiritual utawi moral (transenden)".

Ingkang dados cathetan mirunggan, geguritan ingkang kaimpun salebeting antologi menika mboten namung seratan enggal, ananging sampun wiwit warsa 1971 tumekeng 2025. Sanadyan panyeratipun mboten adhedhasar tata urut mangsakalanipun. Ugi ing akhir buku sekar setaman menika karengga geguritan jinis macapat Sinom, Kinanthi, Pangkur sarta Megatruh ingkang nggambaraken linairipun manungsa tumekeng mangayun mring Gustine.

Pungkasan, alfakir ndherek mangayubagya wiyosipun buku antologi geguritan Pamoring Kawula Gusti, seratan pepundhen kula rama Josef Fransiscus Xaverius Hoery. Mugi tumanja ing madyaning bebrayan agung, umiring pandonga mugi Gusti ngijabahi sumawana hamberkahi.

Nuwun

 

Bojonegoro, 29 Sawal Taun Dal 1959

(Surya 18 April 2026)

                                                             

Nono Warnono

Sutresna Sastra