MEMETRI BASA LAN SASTRA JAWI
Salah sijine kupiya kanggo ngleluri lan nuwuhngrembakakake basa lan Sastra Jawi bisa lumantar nggulawenthah bocah ing lembaga pawiyatan. Mirunggan ing tataran pendidikan dasar kadidene pawitan amrihe bocah bisa tetepungan kami basa lan Sastra Jawi. Emane kalodhangan kasebut asring kalirwakaken dening pamangku kepentingan (stake holder).
Anane agenda llomba maca gegiritan ing sadhengah kutha kabupaten kudune dadi momentum mirunggan kanggo nggrengsengake kupiya nuwuh ngrembakakake kekarepan kasebut. Lumantar lomba, bocah nduweni motivasi kanggo ntesnani basa lan Sastra Jawi secara dingin. Aja nganggep kalodhangan mau minangka prastawa sepele, jer saka kang asipat cilik mau dadi pancadan nuju pengarep-arep gedhe.
Ora mung kanggo murid kewala wigatine agenda lomba kasebut, jer para dwija satemene uga butuh ada-ada mau. Ora sethithik guru-guru kita anggone mulang basa Jawa mung krama kepeksa jalaran ora ana guru sing diboti. Tamtu guru-guru mau tanpa linandhesan kompetensi kang slataa kawan nasik sinaune. Ora duwe kompetensi apa kang dikudokske dening kurikulum ing proses pembelajaran. Kanthi asring kumpul ing forum kang gayut klawan undhaking kawruh basa lan Sastra Jawa bisa nambah kwalitas guru secara gradual.
Bojonegoro, 13 Oktober 2026

Tidak ada komentar:
Posting Komentar