PANGIMING-IMING
Dening
: Nono Warnono
Jeneng
sing disandhang mengku pralampita endah. Basa arab, Zuhrotun Nisa. Nduweni teges
wanita kembang. Wong tuwane biyen duwe gegadhangan dheweke bisa dadi wanita
kang arum. Kaya kembang kang wangi angambar.
Wiwit
cilik wis katon lantip. Lungguh bangku SD ajeg rangking siji ing kelas. Dadi
siswa sing digemateni guru. Ditresnani sapepadha murid. Bapake asring paring
hadiah kanggo prestasine. Pengaji aji sing disengguh kadidene motivasi mligi.
Kanggo
njembarake pesrawungan, ngancik tataran SMP nganti SMA dheweke sekolah menyang
kutha. Prestasi manjila.Wong tuwane tansaya mongkog atine, banjur dielokake
tabungan beasiswa. Kanggo nyengkuyung pendidikan amrih gangsar lumakune.
Kabeh
mau ora mokal, jer bapake, Alfan Jazuli, wis lawas nyambut gawe ing salah siji
bank pemerintah daerah Lamongan. Wis banget faham babagan jasa keuangan. Cekel
abang ijone kredit kanggo para pengusaha ing maneka bidang.
Gilir
gumantine wektu nyakramanghilingan. Nisa beda slagane. Prestasine mudhun.
Asring gumbul karo kanca-kancane kluyuran rame-rame.
"Nisa,
bapak ibu wis nyedhiani bandha kanggo pendidikanmu," semantane Alfan ing
sawiji dina.
"Inggih,Pak.Kula
mangertos," tumanduke kanthi swara alon.
"Bapak
krungu kabar lamat-lamat, kurang sedhep yen dirungu. Jajal critaa, apa bener
rumor mau?" Alfan nyarawidekake.
"Bab
napa nggih bapak?" ujare Nisa api-api ora paham.
"Ngenani
srawungmu kuwi lho ndhuk?!" pamunggele Fauziah ibune.
"Kula
medal sareng kanca-kanca yen wonten kegiatan sekolah kok,Bu. Menapa
lepatipun?" wangsulan semu nyaruwe.
"Ngumpul
kanca ngrampungake tugas sekolah kuwi apik. Ning aja njur rame-rame nganti
tengah wengi,"
Nisa
ora wangsulan. Mung pilih meneng embuh apa sing dibatin. Nganti biyunge
nyambung ukara maneh..
"Bapak
ibu wis nyiapake kabeh keperluan pendidikanmu. Malah taun ngarep rencana arep
ngejak kowe plesir menyang Singapura" pangiming-iming marang anak ontang
anting.
Wiwit
kedadeyan kasubut, Nisa idhep-idhep nglenggana marang tumindake. Taberi sinau.
Ngeloni kegiatan-kegiatan positif ing sekolahan. Nganti lulus kanthi prestasi cukup
manjila.
"Miliha
perguruan tinggi sing bisa nambah kawruhmu ing babagan manajemen
perusahaan," prentah wong tuwane sarampunge lulus SMA.
"Kula
estunipun kepengin terjun ing bidang pertanian,bapak. Nglajengaken pakaryanipun
simbah," ature Nisa ngenyang.
"Aja
ndhuk, bapak wae suthik nerusake pakaryane simbahmu. Jaman digital usaha ing
bidang petanian kuwi kurang prospektif. Pupuk sering langka. Obat-obatan
larang. Tenaga kerja angel golek-golekane. Isih ketambahan saben panen rega
asil tetanen anjlog"
"Nanging
sakmenika kathah para petani milenial ingkang sukses,bapak?"
Nisa
adreng anggone kepengin ambyur ing bidang pertanian. Nerusake ngemonah tegal
sawah simbahe sing diwaris bapake.
"Aja
ndhuk! Bapak kepengin masa depanmu luwih apik ketimbang jamane simbah lan bapak-ibu.
Aja njegur ing bidang pertanian. Ngemonah tegal sawah kuwi akeh susahe
tinimbang bungahe. Jaman wis ngalami owah-owahan gedhe." mojar akeh-akeh
Alfan ngadhang kekarepan anak semata wayang.
Nisa
ora kuwawa wangsulan maneh. Pilih meneng disambi ngempet tangise sing meh
ambrol. Gelis mlayu, mlebu kamar. Meneb lawang. Ngebrukake awak ing peturon
kambi ungkeb-ungkeb bantal.
Biyunge
sing ora tega gelis jumangkah nututi. Mlebu kamar alon kanthi ngati-ati.
Lungguh peturon karo ngelus alon anak sing ditresnani.
"Nis,
bapak ibu iki ora duwe tujuan njlomprongake anak. Apa sing dikarepake bapak mau
ana benere. Kabeh kanggo masa depanmu sing luwih apik. Slaras karo jaman kelakone.,"pitutur
alus
Tangise
anak ontang-anting leren. Gelis ngrangkul biyunge.
Genahe,
Nisa banjur gelem kuliah slaras kekarepane wong tuwa sekawit. Mlebu salah siji
perguruan tinggi terkenal ing Surabaya. Senadyan dheweke sejatine duwe krenteg
kuliah ing Bandung apa Jakarta.Tekan semester lima prestasine apik. Ngelmu manajemen
dikuwasani. Teori bisnis keuangan wis
dipahami.
Dumadakan
dhdhane kaya disamber bledhek. Ora perkara kuliah. Nanging jodho. Nedya dipacangake
kambi wong lanang jeneng Budiono. Putrane pegawe bank aran Ahmad Kholik. Kanca
nunggal profesi karo bapake. Mung beda bank papan nyambut gawe.
Dheweke
durung nyaguhi. Durung aweh wangsulan. Atine ora trima, kuliah durung rampung
kok wis digolekake pacangan. Apa maneh kuwi dudu pilihane dhewe. Mung nuruti
ambisi wong tuwa sing duwe karep ngana-ngene. Kanthi pangiming-iming, dijamin
urip mulya. Jer calone saka keluarga mapan kanthi jabatan cukup kinurmat.
Nekat
matur biyunge ing sawiji wengi. Didukani piye wae nedya ditampa. Sing baku
ruwet pikirane bisa diudhari.
"Bu,
menapa kula kedah nuruti sedaya kersa kersanipun bapak?" panglocitane Nisa
kamisesegen.
"Bab
jodho, sejatine bapak ibu ora meksa. Mung menehi gambaran mbokmenawa kowe bisa
dadi tetimbanganmu,ndhuk?" clathu biyunge kanthi sareh.
"Nanging
dhawuhipun bapak kados meksa. Kedah kula lampahi. Menapa kula mboten kepareng
gadhah pilihan piyambak?" pitakon ing antaraning pegat-pegat tangis.
"Tak
pikir pilihane bapak kae ya ora luput ta,ndhuk?. Kabeh ngemu tujuan becik. Endi
ta ana wong tuwa sing kepengin nyengsarakake anak?"
Kabeh tembung mung
dibatin lan diempet jroning dhadha. Arep mbantah, atine ora kuwawa. Jer wiwit
cilik digladhi urip jroning keluarga tradhisi jawa nengenaken subasita.
Kabeh
seseging dhadha mung digembol. Ora curhat marang sapa-sapa. Disimpen, disangga
dhewe. Ora kepengin wong liya ngerti. Dheweke duwe dudutan yeng wadul masalah
marang liyan durung kepara mesthi antuk solusi. Salah-salah malah dadi rerasan
ngakeh ora tumanja.
Owah-owahan
ngadhepi kanyatan mau mung nate diblakakake arang Lingga Prasetya kanca kuliah
sing mambu ati karo dheweke. Wiwit ketarik lelorone. Kamangka padatan mung
disengguh kanca lumrah. Sakiki ora mung trima kepethuk ing kelas perkuliahan,
nanging ajeg kangsen sanjabane kampus kanggo sawiji keperluan.
Meneng-meneng
Nisa gawe ada-ada investasi. Kanthi pawitan tabungan saka wong tuwa. Investasi
wujud foreign exchane, cryptocurency, lan saham. Pangiming-iming profit gedhe.
Dheweke
dhapuk owner dibantu Lingga. Main treding. Ngrekrut bocah sapantaran minangka
reseller kanggo golek member. Dhuwit saka member disetor dheweke lumantar
reseller. Menehi insentif lan komisi saben rekrutan member anyar.
Kegiatan
bisnis kang disambi kuliah sukses. Uripe mubra mubru. Tumpakan mobil weton
anyar rega larang. Tuku omah rega
sakmilyar punju.. Wong tuwane kaget mrangguli kanyatan.
"Nisa,
saka ngendi olehmu urip mubra-mubru? Apa melu bisnis investasi bodong? Bapak
ibu melu kuwatir!" Alfian nlesih.
"Kula
namung bisnis alit-alitan bapak. Kados kersanipun bapak-ibu rumiyin. Kula kedah
nyemplung donyaning bisnis. Mboten kepareng njegur ing bidang pertanian," wangsulane
Nisa kanthi swara abot.
"Ning
kok cepet temen ngolehake keuntungan? Bisa gelis tuku ika-iki,"
"Menika
bisnis sesarengan kanca-kanca kuliah sajurusan. Investasi alit-alitan.Nggabung
jaringan pengusaha milenial," ujare kanthi pasemon yakin.
Nampa
wangsulan mau Alfian ora takon maneh. Nadyan atine samar, mung dibatin. Nganti
ing sawiji kalodhangan Alfian krungu rame-rame ing jagat medsos. Banjur muncul pawarta surat kabar. Isi berita ora
ngepenakake.Malah wus ana sing ngancam lan nganakake demonstrasi.
Geger
ngenani investasi bodong pranyata bener. Dudu berita hoks. Ora suwe kabeh aset
kendaraan, tanah,lan perumahan disita
polisi. Klebu dhuwit ing rekening bank. Polisi mburu pawongan inisial ZN lan LP
owner investasi bodong. Alfian tansaya goreh atine. Gemeter sakojur awake.Samar
yen inisial ZN kuwi Zuhrotun Nisa, anake. Mangu-mangu. Ora mungkin anake investasi bodong kadidene tindak penipuan.
Ndadak
polisi nekani omahe. Nggoleki Nisa minangka pelaku penipuan sing mlayu ndhelik
embuh menyang ngendi.Lan ora suwe omahe digrudug puluhan member lan reseller
sing wis setor dhuwit. Alfian lan bojone ora bisa kumecap apa-apa. Blangkemen.
Kamiweden. Ngadhepi wong-wong sing padha teka. Nywarakake maneka tuntutan,
dhuwite kudu enggal bali. Ana sing bringas ngancam kanthi tindak kekerasan.
Saka
kono Alfian sadhar yen Nisa anake nindakake investasi bodong. Ngapusi wong-wong
kanthi janji profit mencut ati. Mony game skema Ponzi. Mung muterake dhuwit
profit saka member anyar marang anggota lawas. Banjur macet,dadi urusan polisi.
Ora
gantalan suwe Nisa lan Lingga dirangket polisi. Pelarian pindhah panggonan
saben dinane. Singidan kanca kuliah siji, menyang kanca liyane. Ngono sateruse.
Nganti polisi nggrebeg omah kancane kuliah ing Bojonegoro.
Krungu
anak ontang antinge ditangkep lan diinterogasi polisi, Alfian gegancangan
nyusul. Tekan kantor polisi adu arep karo Nisa sing diborgol tangane. Alfian
ora bisa kumecap. Kamitenggengen nyawang bocah wadon ing ngarepe. Anak semata
wayang. Banjur sirahe krasa klemun-klemun. Penyawange ora cetha. Ndadak
gumebrug tiba semaput. Rame dadi layatan.
Cuthel

Tidak ada komentar:
Posting Komentar