ENDAHING GESANG
TINUNTUN PEPADHANG PAMORING KAWULA GUSTI
Kadidene sastrawan Jawi ingkang ugi nate ngemban jejibahan minangka jurnalis wonten ing maneka
ariwarti sumawana kalawarti, rama J.F.X Hoery sampun kuwawi nyerat maneka genre karya sastra.
Wiwit reriptan sejarah, babad, crita sambung, crita cekak, wacan bocah, esai, lan
tamtu ugi geguritan.
Seratan-seratan kang wiwit kawuri sampun sumawur wonten ing maneka udayana kalawau kasil
kababar dados buku ingkang saget kawaos dening warga masyarakat
ingkang wiyar tebanipun ing madyaning bebrayan agung. Karya-karya sastra ingkang dados sumber
maneka ngelmu, awit mboten kawilang para mahasiswa saking maneka pawiyatan ugi
para panaliti ingkang ndadosaken karya kalawau minangka referensi kapustakan.
Parandene buku-buku ingkang terbit saha saperangan sampun nampi pengaji-aji, kathah-kathahipun wujud kumpulan
crita cekak tuwin antologi geguritan. Mligi ngrembag bab karya geguritan ingkang ngimpun karya sastra minangka
dokumentasi, panggurit nate ndadosaken kempalan geguritan kasebut dados tetenger. Sampun kawuningan bilih buku kumpulan
geguritan kanthi
irah-irahan Gurit Pitu Enem tuladhanipun, dados tandha yekti pengetan ambal warsa yuswa ingkang ganep 76 warsa pangripta.
Wondene buku kumpulan geguritan kanthi judhul Pamoring
Kawula Gusti ingkang nembe kababar menika, nadyan mboten kinarya
tetenger mligi, nanging kandhutan kang ginupit ing 159 irah-irahan geguritan
tuwin rinengga 3 macapat, mengku suraos
mirunggan. Liripun, ing suwalikipun geguritan wau ngandhut makna sinandhi.
Bilih kawaos sumawana kaayati kanthi menebing raos, saperangan ageng seratan sayekti
mengku "interaksi intens"
sesambungan cinaket panembahing panggurit minangka kawula kang ngumawula dhumateng
Gusti Pangeran Ingkang Maha Agung.
Tamtu sesambetan antaraning kawula Gusti kalawau
ugi nyunaraken pamor sih katresnan
dhumateng sesami titah tuwin bumi saisinipun. Bab sesambetan sih tresna sesami
kawuryan salebeting irah-irahan gurit : Tumandang, Perang, Kidung Kasmaran,
Nglengkara, Pengarep-arep, Pangangkah, Piweling, Amot Momot, tuwin sanesipun.
Judhul Tumandang bilih dipunsemak nggambaraken raketing
kekadangan.
.......
Mitra
Ana trubus ngelak siraman
Trubusing katresnan
Trubusing kabudayan
Trubusing kasusastran
Ngranti kekudangan
Aku lan sliramu
Dina iki prasetya tumandang
Kadidene panggurit kang gandrung dhumateng
kaendahan kaelokan susastra lungit, terwaca dening pangripta raos sengsem
kalawau ginupit wonten ing judhul: Pengadilan Puisi, Mega, Langit, Tekad, Gurit
Esuk, Colok, Kang Siningit, Tuntas, Balada Ki Ageng Buwana Keling, sarta
lintunipun. Gupita lungit kalawau kawuryan rinantam salebeting irah-rahan Colok
Dak
rakit gurit alit
Gawan
saka bumi kelairan
Mbabar
anggit nyimpen rasa
Ngetut
tekane mangsakala
Sineksen
kang ngreksa jiwa
Dadi
cecoloking pangangkah
Saperangan geguritan wonten kangungunan
mrangguli kasunyatan, asung pamawas pitutur luhur ingkang gegayutan klawan kahanan
gesang bebrayan salebeting puisi: Jangkah, Blero, Ngrengkuh, Swara Dumeling,
Piwelinge Simbah, Angen-angen, Tanggap,
Pangajab, Pamungkas, Rasa Jati Sejatining Rasa, sumawana Pituwas. Wonten
kaendahan santiaji ingkang mralampita pitutur luhur salebeting geguritan Rasa
Jati Sejatining Rasa.
Pangoning
budi luhur,
Linambaran
cipta wening,
Ginantha
ing rasa sumewa,
Arum
asih marang lekasing karep,
Ing
swasana kang kinayungan bebuden
Kumeluning
puji rinakit keketing panyuwun,
Iing
awang awang ngaluk aluk,
Ngrengkuh
tebaning panggayuh,
Aja
kathik tumambuh ing kewuh.
.......
Kadosdene andharan sekawit bilih saperangan
ageng geguritan ingkang rinantam salebeting kembang setaman menika ngemu suraos
tumajebing panembah, pamartobat, sumawana kontemplasi (perenungan) dhumateng Gusti,
saget kawaos salebeting reriptan: Mungkur, Salib, Napas Wengi, Dakronce Donga,
Madhep Manteb, Sapa Kang Kumlebat, Kidung Pasrah, Sangareping Altar, Mahargya Paskah, Mahargya
Natal, Kidung Panggayuh, Kidung Kamulyaning Batin, Kidung Sesaji, Tumenga Ing
Gusti, Nyadhong Berkah, Kidung Panjangkaning Sukma, Kidung Angon Sukma, Kidung
Sarira Jati, Kidung Kawaskithan, Kidung Panjangka sumawana kidung-kidung
salebing gurit lintunipun.
Ngresepi gupita asesirah Salib,
sanadyan namung kalih larik parandene ngandhut pamawas dhiri, panglenggana
manah ingkang manglung pasrah jiwa raga karana dosa lan kalepatan ing mangsa
kawuri, minangka gurit ingkang kraos sakral salebeting wardaya.
Anane kayu
pamenthangan
Amarga aku calunthangan
Salajengipun kita cecep gurit kang rinacik
kanthi piranti diksi ingkang nunjem telenging manah tinengeran Kidung
Panjangkaning Sukma.
.......
Trajuning
urip ginaris ing wewaton maton
Laku utama linambaram tedak tapa brata
Sumingkir
tumindak cengkah dhawuhing Allah
Jroning
pangrasa mbabar ati sabar
Manages
lumunturing sih wilasa
Kang
dadi pepadhanging laku batin.
Pepuntonipun pangrumpaka, saget dipunwerdeni karya-karya salebeting buku Pamoring Kawula Gusti kasebut satuhu
ngandhut nilai-nilai subtil (alus) saha kasdu nggayuh level sublim ingkang kaudi dening
pangguritipun. Salebeting geguritan-geguritan kalawau sumirat tata laku
spiritual, nggayuh pethiting pangumbaran jiwa kang pasrah. Menebing jiwa salebeting laku rohani
kinarya ayem tentreming gesang karana manunggaling pamor kawula Gusti. Ngombyongi
pemanggihipun Immanuel Kant (Abad ka-18), "Sastra
sublim yaiku karya sastra kang kasdu nglantarake pamaos mlumpati donyaning
fisik tumuju alam spiritual utawi
moral (transenden)".
Ingkang dados cathetan mirunggan, geguritan ingkang
kaimpun salebeting antologi menika mboten namung seratan enggal, ananging
sampun wiwit warsa 1971 tumekeng 2025. Sanadyan panyeratipun mboten adhedhasar
tata urut mangsakalanipun. Ugi ing akhir buku sekar setaman menika karengga
geguritan jinis macapat Sinom, Kinanthi, Pangkur sarta Megatruh ingkang
nggambaraken linairipun manungsa tumekeng mangayun mring Gustine.
Pungkasan, alfakir ndherek mangayubagya wiyosipun buku antologi
geguritan Pamoring Kawula Gusti, seratan pepundhen kula rama Josef Fransiscus
Xaverius Hoery. Mugi tumanja ing madyaning bebrayan agung, umiring
pandonga mugi Gusti ngijabahi
sumawana hamberkahi.
Nuwun
Bojonegoro,
29 Sawal Taun Dal 1959
(Surya
18 April 2026)
Nono
Warnono
Sutresna Sastra
Tidak ada komentar:
Posting Komentar