WIWIT WETAN BUNTAS KULON
wiwit gajah indhah sakidule babat
mingset ngulon mampir mejid coklat
dakcegad ing dalan talun kepara papat
keplasan mobil mandheg rada kliwat
tekan kutha ning panase rinasa jingkat
andhok cau gondrong enake ora mekakat
jam wis nuding angka rolas seprapat
tumuju kantor pamarintah sing tingkat
gati kukuhe satuan karya lagi kajabat
longgar wektu golek kopi kanggo obat
warung bu tiok sing pindhah ngalamat
warkop calon dewan sing arep mangkat
bakune ing kantor budaya seperlu rapat
bagas "pantes budlal" klawan mupakat
banjur nututi playune surya minger klebat
mampir purwasaren nepas malem jumat
resi Sunawan nedheng ngrapal jejimat
petenge wengi gawe weteng sesambat
semriwing ngawe nyumanggaake rikat
kangkung, cendhil goreng, sambel tomat
tetembang koes plus nambahi nikmat
imbuh tanduk waregen ngadeg ora kuwat
weteng mendheh miyar kaya udun semat
niyat sowan sesepuh kang miwiti riwayat
kula nuwun, sanga kurang seprapat
rama Hoery dheng nekung malem jumat
munjuk ing ngarsane Gusti kanthi hidmat
binukak tembung ukara tan kasendhat
gayeng jandon nganti wektune kliwat
wiwit welan puput kulon saderma liwat
saka kulon buntas wetan rinasa nikmat.
Bojonagari,29102026

Tidak ada komentar:
Posting Komentar