Sabtu, 07 November 2026

GEGURITAN NONO WARNONO "KOBONGAN"

 Nono Warnono:


KOBONGAN


Alas geni lan kasangsaya

Kobare dahana jer jumawa

Wola wali disirep tan kuwawa

Situs sejarah kajarah geni dadi awu

Sengsara dipulihake bali

Jer napsune manungsa ngalahake geni


Kukus dadi angus ing akasa

Kabuncang angin ngrabasa

Ndhedhet bebrayan manungsa

Lelimengan nandhang cintraka

Kesawaban angkara murka

Alas ditrabas gugur gunung


Hawa panas semromong

Keconggah njalari owah-owahan

Mangribawani sana swasana

Rengetan dadi tela amba

Manungsa kaplened bencana

Temahan melu dadi s


angkrah jaman

Manungsa keblasuk dalam sidhatan


Bojonegoro, Nopember 2026