Selasa, 22 September 2026

PUISI NONO WARNONO

 TRESNA GUSTI BUMI DALAN ROHANI


Katresnan kuwi datan mung kabiwara

Rasa iku kaejawantah maneka cara

Bisa rerangken ukara lungit kaweca

tanjebing smara lumantar tunggal raga

kang kaiket ing maneka pranatan sajuga


Katresnan iki ombaking segara jiwa

kang kaeja wiwit pedisir sinempyok rasa

kang jumlegur engga prpunton cakrawala

nalika camar-camar mabur kekiter lelana 

bebadra marang dalan rohani Kang Kuwasa


Katresnan kuwi metung tumiyup angin gunung

kang tan kuwawa kawilang nadyan ginunggung

cinipta gumelaring bumi dening Kang Maha Agung 

kita mung kastu nikmating swasana kang luhung

manungsa sukur mawa kupiya  kinarya tan duwung


Yogjakarta, 20 September 2026


Tidak ada komentar:

Posting Komentar