CRIKAK JAMUS KALIMASADA LAN BUKU
WAYANG TANPA DHALANG
Ature : Nono Warnono
Rampung maca crita cekak (crikak)
kanthi irah-irahan Jamus Kalimasa reriptane kadang Suwardi Endraswara ing
udayana Panjebar Semangat nomer 08 tanggal 21 Februari 2026, ana kang narik
kawigatenku minangka pandhemen sastra Jawa. Jer bisa diwilang
nganggo driji mrangguli crikak mirunggan kang nggayutake crita kasebut kambi lakon jroning pewayangan kayadene lakon sinandhi Jamus Kalimasada.
Kaprigelane pangripta pengpengan
kang ngrakit enggak-enggoking crita lungit mau ora mung elok winawas saka
wasising teknik mbangun crita kewala. Parandene kang nyawabi
crikak mau nengsemake jalaran dadi ulegan maneka perspektif kauripan. Ana pasemon
jagading pakeliran kang gawe daya tarik, gayut wigatine
ngleluri seni budaya, pitutur luhur piwulang pepeling talining agesang, isih
dibumboni fenomena umyeging jagat medhia sosial kang kebak wong-wong drengki srei jail methakil. Ora
kliwatan jagat pakeliran uga kesawaban rembug rerasan kang digoreng tumekeng
sangit.
Crikak Jamus Kalimasada nyritakake
lelakone dhalang mudha Ki Panca Guna kang antuk amanah mirunggan saka Lurah
Prabangkara ing Kaboan kinen mbabar lakon sakral spiritual Jamus Kalimasada
sing butuh olah sastra dhuwur. Nadyan sambatan ning sing ndhawuhi punggawa
nagara, mula ana bobot gengsine. Njur umyeg ing medsos, akeh dhalang liya aweh panyenges
lan kemeren. Ki Panca mutung, nedya leren mayang, leren njejak kothak. Jer akeh
sing ndumuk nganggep dheweke epigon, mlagiasi nurun dhalang
kondhang liya. Njur sambat marang pangendhange kang isih kakange ipe, aran
Samirana. Gelis krenah lan asung pitutur nanging durung
kasdu rumesep. Krenahe apik,: "Kok terus gampang njeklek, Dhimas. Kaya
gabus wit tela kaspa wae, gampang mak klik, putung dadi sawalang-walang. Sing
bandhel ta, Dhimas. Nampa kritik kaya uyah
dibakar ngono kuwi kudu dawa ususe, jembar
segarane." Tetimbangan becik, nanging pandumuk
ing medsos mau wus kadhung gawe atine kagol. Sumaure dhalang Panca Guna:"Walah, Mas, konsep
njenengan ngono kuwi klasik. Sing tak adhepi iki kahanan sanyatane. Dudu
kahanan sing sarwa blenderan, imajinatif. Aku lagi paham yen donyaning wayang,
klebu olah sastra lan seni iku pancen ngremit. Merga ing kiwa tengene dhewe
akeh wong sing atine metu wulune..."
Sekawit mangu-mangu nuruti pamrayogane pangendhang mau, nanging krana krenahe Samirana kang sabar lan tanpa kendhat,
pepuntone Ki Panca Guna kaya diangslupi warna putih, abang,
kuning lan ireng. Njur mak gregah sida mayang datan ngrewes wong-wong turah lambe lan
pradondi ing medsos.
Suprandene lakon Jamus Kalimasada
dhewe nyritakake lakune Pandhawa slaras werdining impen ngener ngetan parane ing
madyaning wana gung liwang-liwung diadhang macan galak. Kadange papat wis digaglag macan
parandene Puntadewa ora tedhas dikemah kepara sing wus mlebu weteng diutahake maneh. Macan galak jugar anggone singlon, ganti rupa wujud pandhita Kalimaya kang sabanjure bisa merdeni
Jamus Kalimasada wujud dlancang tanpa tulis. Kadidene pralampita limang perkara
dumunung kiblat papat lima pancer. Mutmainah, supiyah, aluamah, amarah lan
nurcahya punjering urip. Sawuse tancep kayon sing nanggap lan kabeh penonton antuk pemarem batin lan
dalan spiritual.
Pepuntone, maca crikak Jamus
Kalimaaada kang diayati
kanthi tumemen, ora mung antuk lungit sengseming
dalan crita, ananging uga sinawung pitutur luhur, piwulang pepeling talining
agesang lumantar pasemon kang sinandhi jroning pagelaran wayang.
Blencong Pepadhang Sajroning Wayang
Tanpa Dhalang
Ana maneh
karya sastra Jawa sajroning antologi geguritan kanthi
irah-irahan Wayang Tanpa Dhalang reriptan sedulur Mas Gampang Prawoto, kang isi sarta pangiringe nyethakake bilih sastra Jawa isih ditresnani sarta digandrungi pandhemene. Maksih gesang sempulur nadyan gilir gumanti generasi sumawana
mobah mosiking jaman kelakone, luwih-luwih wus ngancik peradaban era digital kang mangaribawani bebrayan Jawa. Karya kang ora lumrah ning milih irah-irahan
nyleneh kang narik diwaca tumekeng tutug, tancep kayon.
Buku kumpalan
geguritan kanthi judhul Wayang Tanpa Dhalang pindha kembang setaman kang
kapethik saka salah siji judhul geguritan. Buku antologi kang kebak pralampita
ngenani kahanan bebrayan kebak
owah-owahan tata sosial. Pasemon laku-lelakone
manungsa ing jaman akhir kang remuk rempu. Sungsang jempalik ngaurip ing jaman gindrang. Saumpama kawawas saka perspektif (cara pandang) pagelaran wayang, gurit-gurit endah
kadidene blencong sesuluh agawe
jingglang.
Perspektif panggurit
nyawang kanyatan ngaurip nora winates nganggo pamawas lair kewala, suprandene kabeh
laku-lelakon diwaos kanthi netra batin menebing jiwa. Kanthi pralambang wayang tuwin dhalang, sajuga pralampita manungsa
tinitah ing jagat gumelar pindhane wayang. Kudu nut karsa karsaning Pangeran kadidene dhalang slaras klawan pranatan sajroning kitab suci kang dadi pituduh dalasan paugeran bebrayan
ndonya tumekeng ndelahan.
Kawuryan nalika pengarang kepengin
nduwa kanyatan jaman gindrang nungsang njungkir gesang nabrak pranatan, kang
kawogan kepengin tebih saka kanyatan sarta datan ngreridhu sapa bae ing madyaning bebrayan. Prasaja dalasan panduwa mau kapratelakake lumantar gurit Jumbleng. Panyaruwe kang surasane arsa asung
pangerten miwah pitutur luhur (edukasi) sinamar mring satengahing gesang tembayatan.
Trep klawan subasitaning bebrayan Jawi kang andhap asor kebak pasemon tuwin
pralambang, ngombyongi wasita adi kang sinawung ing salah setunggaling irah-irahan
Wayang Tanpa Dhalang: wayang wayang/ tinatah tinitah/
nut ing dhapuke lekak lekuk singkaling
luku/ nut tlacak tlacak ing debog-debog
tancepe kayon dhalang kang mbesakake
Suka pitutur luhur manungsa tinatah tinitah kanthi maneka dhapukan (peran),
satemene kebak maneka nugraha kabegjan tuwin pambengan (lekak lekuk singkaling
luku) nggaritake maneka crita kodrating Gusti ing ngalam ndonya (nut tlacak ing
debog-debog) sekawit lair tumekeng anjoging alam kelanggengan, kabeh nut purba wasesaning
Pangeran (tancep kayon dhalang kang mbesakake).
Kadidene kawula
kang ngrasuk kapitayan, wajib tansah ngudi panembah sumarah, kedahipun manut
printah tansah njunjung laku kaluhuran saka Kang Maha Wikan. Ananging kasunyatan ing
bebrayan jaman akhir kawuryan manungsa asring
singlar saka gegebengan. Nrabas pepacuhing Gusti. Ngiwakake pituduh pranatan ing maneka pandam pandoming dimensi panguripan. Kaya sinawung ing pada sabanjure: yagene ing jaman gindrang/ wayang-wayang padha mbesakake wayang tanpa dhalang/ amba-ambanan cangkem/ adu pinter ngomong mbengok
banter/ nadyan ora pener.
Ngampil istilah
kritik sosial saka R.Ng. Ranggawarsita, satemene kita ngancik jaman edan. Tumindake manungsa wus padha nerak pranatan.
Keblasuk ing ulegan gesang kang datan kawistara ngendi laku becik tuwin batil (ing
jaman gindrang). Manungsa kapiadreng ‘mentuhankan dhiri’, lali marang Pangeran.
Lakuning manungsa kang sayektine dibesakake dening Pangeran, malih diobetake
dening manungsa pribadhi (wayang wayang padha mbesakake wayang, tanpa dhalang). Manungsa wus ngadoh saka pituduhing Pangeran, koncatan
iman kapitayan, marma manembah mring gebyar kadonyan.
Nedhak sajuga
jaman ing ngendi manungsa wus akeh dadi tumbak cucukan nyolahake laku ‘provokator’,
banter-banteran swara, arebut bener nadyan keblinger (ngomong mbengok
banter,nadyan ora pener).Jalaran manungsa padha kegedhen cangkem lambe turah
kekehan wuwus nanging nggedabrus (amba-ambanan cangkem). Umpama sinugata kanthi walaka, ukara-ukara kasebut pindha wesi gligen kang ndhodhog maras. Menangi jaman gindrang, mrangguli kasunyatan kang kinarya miris, manungsa yayah nyingkur tuwin nir kapitayan ananing Gusti Pangeran. Padha ngranjab sanjata fitnah nyebar alaning liyan, rebut menang sowang-sowang.
Sajroning Wayang Tanpa Dhalang, terwaca yen penulis tan amung winates dolanan
tembung-tembung kebak lelewa. Datan ngemungkaken tembung ukara ngayawara. Ora mung nyediyani panggung estetis
imajinatif, nanging uga realis. Ngombyongi pemanggihe Subcomandante Marcos, yen kanthi
tembung tuwin ukara bisa kanggo panglenggana ndandani laku dhiri miwah mahanani ngasanes.
Saka crita
cekak Jamus Kalimasada dalasan antologi gurit Wayang Tanpa Dhalang ora mung
winates mrangguli karya sastra kang endah lan sengsem diwaos, nanging saka karya
sastra lelorone kang mralampita wewayangan ing pakeliran kasdu nyunarake blencong pepadhang satengahing panggung bebrayan cakra manggilingan sineling wirama langgam panguripan.
Tamtu
karya-karya sastra Jawa kaya kang kaandharake ing ndhuwur banget wigati
ditangkarake, dituwuhngrembakakake dening para sastrawan Jawa ing
udayana-udayana apadene kang kababar wujud buku antologi. Amrihe ing pangangkah
crita-crita kang abasa Jawa ora mung ngemungake ngripta crita kewala, nanging
nduweni “cita rasa” kang nyamleng dirahabi jalaran diracik lan dibumboni maneka
warna datan njuwarehi.
***

Illustrasi crikak “Jamus Kalimasada” kapacak
ing majalah
Panjebar Semangat No. 08
tanggal 21 Februari 2026

Sastrawan
Suwardi Endraswara

Panggurit Mas Gampang
Prawoto

Buku antologi
geguritan “Wayang Tanpa Dhalang”

Tidak ada komentar:
Posting Komentar