Kamis, 17 September 2026

ESAI "KLUNGSU-KLUNGSU YEN UDHU" Dening: Nono Warnono

 KLUNGSU KLUNGSU YEN UDHU


Komunitas sastra Jawa ing era digital tansaya wigati eksistensi-ne kanggo melu ngleluri lan nuwuhngrembakake basa lan sastra Jawa. Ora mung kanggo wong dhiwasa apadene para lalu yuswa, parandene kang luwih penting yaiku kepiye para bocah lan kanoman ketarik melu nyinaoni lan ngulinakake ngecakake basa lan sastra Jawa ing madyaning bebrayan agung. 


Ngulinakake ing kanyatan iki wigati krana ing tengah bebrayan kang dinamis mawa lompatan teknologi kang super canggih, luwih luweh ngrebdane Akal Imitasi (AI) banget mutawatiri. Nadyan werit kupiya nggladhi bocah kanoman jaman saiki,  kupiya tetep kudu ditindakake sacara ajeg sarta tan kendhat arepa asile durung nglegakake ati. Jer ing keluwarga modhern, wulang wuruk, sakora-orane ngecakake basa lan sastra Jawa ing satengahing kulawarga wus tansaya langka. Ora mung iku, ing madyaning bebrayan umum sarta ing maneka instansi pamarentah, akhir-akhir iki wis padha nyingkur basa Jawa kadidene warisan aji (legacy).


Mula komunitas-komunitas basa lan sastra Jawa kang preduli marang kasunyatan ing ndhuwur, kudu tetep setiyar nadyan mung cara cilik-cilikan utawa prasaja. Krana nandur apa wae asile nembe diunduh ing dalem wektu kang suwe. Apa kang ditindakake dening Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) klebu ada-ada cilik yaiku wujud Pelatihan Nulis Geguritan lan Crikak kanggo jenjang SD/MI, SMP/MTS engga tataran SMA/SMK tetep dikupiyakake. Ngiras ngjak instansi liya kayadene Dinas Perpustakaan dan Arsip Daerah Bojonegoro, sarta Dinas Pendidikan kang satuhune duwe jejibahan gedhe kanggo lestari lan tuwuhngrembakane basa lan sastra Jawa.


Pangemonah PSJB nglenggana yen para netizen akeh kang  nyaruwe cara kayadene pelatihan nulis gurit lan cerkak kanggo bocah sekolah kuwi wis kepancal sepur. Cara klasik kang dirasa kurang efektif kangho nyempulurake basa lan sastra Jawa. Suprandene mungguh warga PSJB mung siji gegebengane, "klungsu-klungsu yen udhu", ketimbang kita mung nyambati kasunyatan kang kurang nyenengake nyawang pangemonahe basa lan sastra Jawa. 


Wusana sawuse ikhtiyar kanthi maneka cara ksng bisa kaudi, bab asile kepriye kita wajib tawakkal marang Gusti Kang Maha Kawasa. Saora-orane usaha kanggo ngleluri lan nuwuhngrembakakake basa lan sastra Jawi lumantar panggulawenthah marang bocah-bocah kadidene laku pangibadah. Mugi-mugi pinaringan berkah.


(Dening: Nono Warnono)

Bojonegoro, 8 September 2026


Tidak ada komentar:

Posting Komentar