Jumat, 08 Mei 2026

Buku Blended Learning Karya Suwarno, S.Pd.MM.

 

ATUR CECALA

 

Genre guritan kanggone penulis nduweni makna mirunggan ing donyaning kasusastran Jawa. Lakar sajroning lelumban ing donyaning basa sastra, ati wiwit kadudut seneng maca, banjur ajar nulis kanthi tumemen uga lumantar karya sastra jinis geguritan.

Kembang setaman kanthi irah-irahan Dalan Enggokan kang kasil katerbitake iki, saperangan geguritan wis kapacak ing maneka udayana abasa Jawa uga ariwarti kang nduwene kawigaten lestari lan tuwuhngrembakane  basa lan sastra Jawa.

Grenjet mbabar antologi geguritan dadi buku kang wus ana ing astane para pamaos iki, jumurung niat dhokumentasi ngiras pantes nandhesaken cathetan wasiat marang dhiri pripadhi: ndonya kuwi mung dalan  enggokan (mampir) kanggo sengkud luru sesangu amal pangibadah samurwat dhimen rahayu tumuju alam ndelahan (kampung akhirat).

Kumpulan gurit iki uga kanggo nengeri ambal warsa kaping 24 (patlikur) anak Laras Gupitasari kadidene geganthilaning ati kang dadi sumber inspirasi. Sumawana Lilik Endang Werdiningsih, sisihan kang setya ngampingi bungah susah urip tembayatan, ingkang dhatan kendhat tansah asung panjurung lelumban ing donyaning kasusastran Jawa.

Penulis nglenggana buku kumpulan geguritan iki isih akeh cacat lan kekurangane, mula panyeda lan panyaruwe tansah karantu kadidene pamecut lan tinampa kanthi ati tinarbuka.

Gunging panuwun tanpa pepindhan katur kadang kula sastrawan Bonari Nabonenar ingkang nglejaraken penggalih paring pangiring. Sedulur Eko Peye  ingkang kuwawi ngrengga gambar samak. Dhatan katalompen sesepuh Sanggar Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) rama JFX Hoery ingkang sampun paring pamecut terbitipun buku punika. Sarta kabeh sanak kadang warga sanggar kang wus asung panyengkuyung

Puji syukur tanpa kendhat, konjuk mring Gusti.

Mugi migunani.

Aamiin

 

                                                                        Bojonegoro, Maret  2022

 

                                                                                    Penulis












Artikel "Kekerasan di Ruang Digital"

 


(Lagi) Kekerasan Seksual Berbasis Digital

Oleh: Nono Warnono

 

Kegelisahan serius merebak di benak masyarakat secara kolektif. Hal ini terjadi karena berulangnya kasus kekerasan seksual pada perempuan. Yang lebih memprihatinkan, pelecehan kali ini melibatkan dosen dan mahasiswa di kampus-kampus ternama. Bahkan salah satunya oknum guru besar keperawatan yang diduga melecehkan mahasiswinya. Meski berdalih candaan biasa, namun hal ini tidak patut dinormalisasi sebagai tindakan beretika. Semua telah faham bahwa kekerasan seksual pada perempuan bukan hanya menyangkut kekerasan fisik ansich, namun juga pelecehan secara verbal, ujaran dengan frasa frasa vulgar, dialog-dialog yang merendahkan harkat dan martabat perempuan.

Seperti diketahui bahwa telah viral kasus pelecehan seksual yang terjadi di kampus UI, Unpad, dan ITB yang cukup menggemparkan. Kasus 16 mahasiswa Fakultas Hukum Universitas Indonesia (FH UI) mencuat setelah beredarnya tangkapan layar percakapan grup yang diduga  memuat konten tidak pantas dan terindikasi kekerasan seksual. Di Universitas Padjajaran Bandung (Unpad) seorang profesor diduga mengirimkan  pesan bernada mesum kepada seorang mahasiswa program peetukaran pelajar. Sedang di Institut Tehnologi Bandung (ITB), Himpunan Mahasiswa Tambang menertibkan konten bermuatan seksis berupa video dan audio berjudul Erika.

Semua itu bukan sekedar lelucon kebablasan atau obrolan candaan, namun lebih sebagai cerminan yang memantulkan wajah buruk masyarakat kita yang sering kali dikerdilkan pantulannya. Dimana masyarakat memandang budaya pemerkosaan dan sistem patriarki bekerjasama saling menopang. Secara sistematis menormalisasi praktik seksis dan misoginis terhadap perempuan.

Mereka mereduksi bahwa ujaran bernuansa candaan tidak sama dengan pemerkosaan, benar namun menyesatkan. Memang tidak setiap obrolan seksis dan soginis tidak selalu bermuara pada tindakan kriminal. Namun hal tersebut adalah wujud normalisasi budaya pemerkosaan yang paling sunyi pun berbahaya via candaan seksual.

Pendekatan psikologi membantu kita membaca apa yang sesungguhnya terjadi di balik layar obrolan seksis tersebut. Konsep yang relevan adalah deindividuasi, sebuah keadaan yang ditandai berkurangnya kesadaran diri dan kendali batin yang membuat seseorang lepas dari standar pribadinya. Dalam kelompok digital orang merasa lebih anonim, lebih aman dan lebih berani. Mekanisme bekerja secara halus, orang merasa tidak sendiri, tanggungjawab moral tersebar, menyebabkan tanggungjawab menurun (diffusion of responsibility). Frasa candaan yang keterlaluan berulang dan didiamkan sehingga tervalidasi, tindakan melanggar standar moral bisa diterima karena rem permisif.

Realita tersebut tidak hanya terjadi di tempat atau ruang digital tertentu saja, karena hampir semua space di ruang digital mengalami reduksi standar moral. Faktanya kini ruang-ruang digital di kelas, pesantren, kampus bahkan rumah tak  selalu bersih dan aman secara moral. Relasi kuasa guru-murid, dosen-mahasiswa, bahkan anak-orang tua sering kali menjadi medium kekerasan terjadi secara diam-diam.

Kasus kekerasan seksual di jagat intelektual tersebut semakin mengkonfmasi bahwa ruang digital yang privat  tidak bebas dari tindakan absurd. Tubuh perempuan menjadi obyek fantasi dan ledekan yang melecehkan harkat dan martabat perempuan.

 

Urgensi Kesadaran Kolektif Adanya Alarm Kekerasan Seksual

Kasus di lembaga perguruan tinggi ternama di atas bukan sekedar aib individual, ia adalah alarm sosial tentang kekerasan seksual perempuan. Penting ditumbuhkan kesadaran etis tentang tubuh dan martabat perempuan. Jangan mewariskan sistem hukum yang bias gender sejak akarnya.

Kultur pemerkosaan dan patriarki bukan abstrak, ia akan terus hidup dalam candaan seksis, dalam tafsir misoginistik, dalam relasi kuasa hingga ruang ruang digital terbatas diberbagai platform.

Saatnya jeda sejenak dalam mendidik perempuan agar lebih berhati hati, mulai mendidik laki-laki tentang empati dan penghormatan terhadap otoritas tubuh orang lain.

Perempuan butuh pengakuan sebagai subyek penuh yang memiliki agensi, rasional, berdaulat, dan otoritatif atas tubuh dan pengalamannya sendiri. Tanpa kondisi tersebut ruang aman hanya menjadi sebuah ilusi.

Normalisasi kekerasan seksual di jagat digital terhadap para (calon) intelektual adalah puncak sebuah ironi. Fenomena yang dimaknai sebagai pelacuran intelektual. Almamater yang seharusnya menjadi simbol integritas justru terseret dalam lumpur moralitas demi melindungi ego predatoris pada imperium intelektualitas.

Mensikapi adanya alarm kekerasan seksual tersebut, sudah saatnya kehadiran pelaku dalam ranah hukum sebagai ujian bagi integritas universitas. Publik menuntut transparansi total. Jangan sampai ada intervensi orang dalam atau perlindungan karena latar belakang keluarga yang berpengaruh.

Dibutuhkan kesadaran kolektif segenap masyarakat bangsa agar menolak menormalisasi segala bentuk pelecehan pun kekerasan seksual pada perempuan meski hanya obrolan vulgar dan tindakan verbal lainnya. Manakala sikap permisifisme yang mengemuka, maka tidak heran jika kejadian-kejaduan absurd dan kontra produktif tersebut akan berulang kembali di masa mendatang.

 

Nono Warnono, pegiat pendidikan, sastra, dan sosial budaya pada komunitas Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB).

Sabtu, 28 Februari 2026

Buku Antologi Geguritan "Sanja"

 


NONO WARNONO

 

Pengarang sing jeneng asline Suwarno, S.Pd.MM.iki, lair ing tlatah Baureno-Bojonegoro tanggal 14 Juli 1964. Wis seneng nulis nalika isih lungguh ing bangku Sekolah pendidikan Guru ( SPG ) tahun 1982. Asline penulis basa Indonesia. Lelumban ing jagading sastra jawa wiwit nggabung dadi anggota Pamarsudi Sastra Jawa (PSJB). Karya-karyane arupa geguritan,,cerkak, wacan bocah, cerita misteri lan reportase sumebar ing majala-majalah basa jawa.

Tulisan-tulisane wujud baha Indonesia cerpen,puisi lan opini asring kaemot ing Suara Merdeka, Simponi, Karya Dharma, Mimbar Agama, lan liya liyane.

Karya-karyane non fiksi antara liya Panduan Untuk Pembina Pramuka (1988), Evaluasi Belajar Sekolah Dasar(1989), Politik Indonesia Modern (1999), Politik Hukum (1999).

“Tes…..” (1997) tulisan kang  wujut antologi sastra jawa kang ditulis bebarengan karo pengarang-pengarang jawa ing Jawa Timur, diterbitake Taman Buday Propinsi Jawa Timur uga ana antologi kang ditulis bebarengan karo sastrawan PSJB, yaiku “Bojonegoro Ing Gurit” (2006) wujud geguritan lan “Blangkon” (2006) wujud crita cekak.

Nate Juara I Guru Teladan Jawa Timur tahun 1998 kanthi makalah “Revitalisasi Nilai Budi Pekerti Bahasa, Sastra dan Budaya Jawa”.Kajaba dadi Kepala Sekolah, pengajar pawiyatan luhur swasta ing Bojonegoro lan Lamongan uga dadi Panatacara (MC)



Nono Warnono:

 

KUSIR  TUWA  ING  NDHUWUR  KRETA

 

Jaran nurut kapecut ndhegar-ndhegar

lis sinendhal ginelak playune yayah kitiran

krenggosan

ngampet tajeme krikil-krikil ratan

saka koplakan siji marang koplakan liyane ngono sateruse

(Jaran: telekkuk kanggo cacadan turut dalan

            Ah! kringetku kanggo bancaan

jinantra rodha kreta gumerit sesambat dawa

sing nunggang buta-buta

lan duratmaka sinamudana

liwat kutha lumebu desa ngadesa

mbentus watu nerak juglangan

(Kreta: ing gelis rodhaku ana pangupa jiwa)

 

Kang Kusir

lungguhane kreta tansaya empuk kena kanggo ngantuk

wegah mudhun nganti pikun

anak putu ngantu-antu kalodhangan

ah! mokal kasembadan

(: dak anti apa kang bakal dumadi yen jaran wus padha mbalela)

 

Kang Kusir,

iki kreta kraton

dudu lungsuran kreta warisan

nora kanggo kroyokan

                                                Pasinan-Baureno Bjn 1993

 

Jaya Baya No 32 Tanggal 11 April 1993

 

 

 

Nono Warnono:

 

SEMUT – SEMUT

 

semut-semut

gumremet mumet-mumet

ngalor ngidul

ngetan ngulon

golek pangan

munggah mudhun

golek dalan kaadilan

 

semut-semut

munggah meja

munggah kursi

nyakot sikil mlebu kuping

sinampe katampel

ceblok kapidak siji mbaka sajuga

mati gilir gumanti

 

                                                Ngemplak-Baureno Bojonegoro 1993

 

Jaya Baya Nomer  09 Tanggal  31 Okteber 1993

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

MARANG ANAKKU

 

anakku cah ayu

srengenge sore iki saya adoh gumlewang tumedhak cakrawala

remeng-remeng langit tumiyung

binarung kabeh wewayangan kang sirna

kapiadreng ambujung saleksa sedya

hamestuti jatining urip kebak arti

 

anakku cah ayu,

banjur dalan iki dadi peteng parandene tapak sikil

kudu tetep lumaku

ngupadi sesangu kanggo bebadramu

kareben nora koundamana jroning kuburku

dene lamun kinacek panjangka lan kasunyatan

panglengganamu banget wigati

 

anakku cah ayu,

laju jantra ngaurip ngono tan luput ing juglangan

lan maneka sandhungan

akeh plesedan datan sethithik maneka pandadaran

kudu linakonan kanthi sumarah jejer khalifah

 

anakku cah ayu,

yagene kabuncang angin wetan kulon

kordhen atimu mobah mosik

kembang-kembang arum kang kok regem wus padha ceblok

aking jro pawuhan

ah! atimu kajuwing-juwing

 

 

 

 

 

 

anakku cah ayu,

wis cep menenga

usapen eluh dumlewermu ing dhadhane ibu

kareben tangis sesenggukanmu rinungu telenging kalbu

rangkulen! ruketen!

bebarengan nyungging esem marang kodrat kang wus tumoreh

kita pancen datan kuwawa suwala

 

                                                            Bojonegoro 1993

Jaya baya No 08 Tanggal  24 Oktober 1993

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono :

 

TIKUS-TIKUS

 

tikus-tikus wus lumebu pedaringan

mangan beras kinuras

banjur nggawe bolongan gedhe

beras-beras kinuras amblas

 

yagene lagi kadenangan

ing pedaringan wus akeh sing kelangan

apa tikus-tikus iku ingon-ingonan

umpama dithuthuk

wedi marang bendarane

 

tikus-tikus lemu

saya alus wulune

diupakara di elus-elus

nadyan ngrusak sawah lan pategalan

ngrusak lumbung lan pedaringan.

 

                                           Baureno-Bojonegoro’94.*

 

Panjebar Semangat No. 01 Tanggal 07 Januari 1995

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

T I N A R B U K A

 

swara gendhing nganyut-anyut

mahanani swasana

wiwit poncot desa tumekeng praja

ngusadani wuru ratu

nadyan sayekti mendem dahuru

kang during kawetu

wirama gendhing nganyut-anyut dawa

amblenggu dhadha

jiniwit rasa sayekti ana

pancakara

antaraning blaka lan samudana

banjur kawijil swasana blero

kasunyatan kang datan kinira

 

dhog! dhog! dhog!

dhalang nyempala kothak

gendhing banjur suwuk

rinayuk! rinayuk!

tinutup rapet !

pet!

 

                                                                                    Baureno-Bojonegoro 1993

 

Jaya Baya Nomor 30 Tanggal 27 Maret 1994

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono :

 

ING  NGAREP  KORIDOR

 

wengakna!

wengakna!

wengakna!

wengakna sing amba kareben

kabeh cetha lan terwaca

( clathune bocah cemlewo ngrudhapeksa )

 

aja, ya, cah bagus!

mengko simbah masuk angin

ing samburimu akeh duratmaka sinamudana

akeh bekasakan sluman slumun blusak blusuk

kowe kena lumebu nadyan mung samadya

 

(:pangrimuke wong aris sing melu trenyuh )

 

datan nglenggana malah dadi gendra

swara santak gelis dibungkem

tangan-tangan kablenggu

bocah-bocah cumlewo mlebu senthong

siji mbaka siji

sepa-sepi!

sepi!

                                                                        Bojonegoro 1994

 

Jaya Baya Nomor 30 Tanggal 27 Maret 1994

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono

 

NALIKA SANDHAL JEPIT PEDHOT

 

jethat-jethit!

jethat-jethit!

jethat-jethit!

swara-swara ajeg wola wali

embuh pisambat embuh panjerit

isih sinengkeran datan kawedhar

isih winadi during kabiwarakake

sing wus cetha ana tambuhing kasetyan

datan suwala nadyan ing ngisor dlamakan

jethat-jethit!

jethat-jethit!

swara ajeg wola-wali

embuh guyu embuh tangis

during cetha during cetha

kang terwaca pasuwitan

kebak saleksa pangurbanan

jethat-jethit!

swara sigra sinigeg karana

pedhot- pedhot

binuwang semprung jro pawuhan

tanpa makna tanpa piguna

banjur sapa sing arep nangisi?

banjur sapa sing nedya aweh pakurmatan?

kabeh-kabeh wus datan maelu…

                                                            Baureno-Bojonegoro 1994

 

Jaya Baya Nomor 42 Tanggal 19 Juni 1994

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

MARANG KANCAKU

 

Banyu,

saiba mulyane saumpama manungsa nulad kartimu

saka pucuk lan lengkehing gunung

tansah tumuju tataran ngisor

warta ing biru samodra

gumelar tanpa winates

kinuras tan bakal asat

 

darmamu mring sasama

masuh ing sawarna rereged

paring ngombe marang kang ngelak

paring udan marang wit-wit aking

nelesi lemah-lemah garing

lakonmu kebak pandadaran

mili nurut kali nasak alas milang karang padesan

mangkono terus tumeka sungapan

 

Banyu,

yagene banjur ngatonake kaprakosanmu

gumulung ombak nggegirisi

ngrabasa banjir bandhang

akeh tangis tawang-tawang

rekasane urip tambah panandhang

 

                                                Baureno-Bojonegoro 1993

 

Jaya Baya No 30 Tanggal 28 Maret 1993

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

P  R  E  M  A  T  U  R

 

lan nalika orgasme kuwi lumaku

kori wus tinarbuka amba gelis jugar

kinupeng bacingah-bacingah sangar

swara-swara nggegirisi

geter pater !

sinigeg !

 

nadyan siningid kapiadreng maujud

embrio-embrio kinandhut

sru anggrawuk-nggrawuk

 rosa amancal-mancal

nedya gelis linairake

ambalela !

 

banjur kaprekes

kaplenet prakosa

nedya suwala

cenger! cenger!

njur cep klakep

sepi !

sinigeg !

 

                                                            Baureno-Bojonegoro 1994

 

Panjebar Semangat Nomor 29 Tanggal 22 Juli 1995

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono

 

S E D Y A

 

lan nalika angin santer tumiyup yagene

sliramu kapiadreng menek wit klapa ngoyak mega

nyempal janur banjur

rinantam nggo rerenggan lan pepaesan

banjur sinawang asri kawuryan

 

lan nalika glugu tansaya lunyu yagene

tansaya mencit dhuwur anggonmu memenek

nyendhal rosa degan nadyan kasunyatan

duduh seger kang ginantha-gantha

 

lan nalika srengenge wus angslup surup yagene

sliramu durung bisa nglenggana marang apa kang wus

tinampa banjur

keplorod babak belur nembe kok tangisi

badan sakojur karana kurang syukur

apa kang wus sumawur saka

kang Maha Luhur

                                                Bojonegoro, Mei 1994

 

Jaya Baya 1994

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

K A N V A S 

 

yagene kanvas-kanvas ing ngarepku

kebak maneka warna gambar-gambar gegaman pathing crangap

kinarya ngilekake marus

kebak maneka warna gambar-gambar bedhil lan mimis

kanggo nguntabake playune saleksa nyawa

 

yagene kanvas-kanvas ing ngarepku

padha digambari mawa abang ludira

kanthi pigura bathang-bathang

illustrasi omonge wong-wong mlempus

kebak paekan julig munafik

 

yagene kanvas-kanvas ing ngarepku

nora padha digambari rembulan

purnama amadhangi telenging ratri

ditulisi geguritan kanggo sesangu turu

mapag endahing pangimpen

 

ah! yagene aku kumawani nyenyaruwe

kamangka durung kuwawa ambedakake abang lan biru

durung damang kalamun papan iki rananggana

arebut sasana lan swasana

ing sandhuwure kanvas-kanvas abang amelerah

 

                                                            Baureno-Bojonegoro 1995

Panjebar Semangat Nomor 14 Tanggal 08 April 1995

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

MARANG SIMBAH

 

gelis tepungna aku kambi watu karang kae simbah

kang tansah kukuh bakuh tumancep

wola wali kasempyok ombak-ombak anjambak

mawantu-wantu tinempuh angin prakosa

samadyaning samodra tanpa winates

 

gelis tepungna aku kambi segara biru kae simbah

kang jembar anteng antaraning langit tumiyung

malembak-lembak tumeka garis cakrawala

tartamtu jero datan buthek nadyan kinebur

mokal asat nadyan kinuras

 

gelis tepungna aku kambi rembulan purnamasidi kae simbah

tansah tresna sumunar ing biru langit lazuardi

terus lumaku antaraning mega-mega akasa

adreng tumeka jaladri jaladara

kadidene lentera bebadra

 

gelis tepungna aku kambi betharakala sinamudana kae simbah

kang cluthak asring nglethak lan nglangga ludira

kang ngaglah ing ngendi-endi papan panggonan

dak nyoba aweh panantang nadyan kasunyatan kapracondhang

 

gelis wulangana aku simbah

kapan nangis

kapan gumuyu

kapan nangis lan gumuyu

                                                                        Baureno-Bojonegoro 1995

Jaya Baya Nomor 36 Tanggal 07 Mei 1995

 

 

 

Nono Warnono:

 

ARANANA  AKU

 

yagene aku dinakwa minangka sawijining bajingan

blusak blusuk mlebu metu kori anjarah padaringan

blusak blusuk mlebu metu alas ngeloni gumuk

ngremusi wit-wit jati nggegemi watu-watu kali

sluman slumun mider real estate ngesaki semen

nyuwil maesan-maesan kuburan

nyuwil bendhungan lan jembatan

 

yagene aku dinakwa duratmaka

ngrayuki gabah-gabah sawah

muluki sega ndhuwur meja parandene

aku hamung papa sudra walaka

luru upa-upa keceran

saka pawongan kang lagi adreng bancaan

 

dhuh Gusti!

ngendi jejeging adil !

 

                                                            Baureno Bojonegoro 1995

 

Jaya Baya Nomor 37 Tanggal 14 Mei 1995

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

NALIKA  KUDU  JUMANGKAH

 

kelonana aku ibu,

nalika swara bence ngganter tengah wengi

kareben kembang-kembang arum

kang tansah dak regem kenceng

datan sirna kang tansah jinangka

 

rangkulen aku ibu,

nalika angin kulon santer tumuju

kareben tetep dak rungu keteg jantungmu

tansah dak rasa lirih nafasmu

kinarya ngreksa kordhen ati kareben

nora mobah mosik tinarbuka

 

ruketen aku ibu,

nalika gelap sru mendhung angendhanu

nalika buta-buta aswara santak

sangar arsa anglethak

kareben urip iki tatag

datan sanggarunggi

 

                                                Bojonegoro 1995

 

Panjebar Semangat Nomor 29 Tanggal 22 Juli 1995

 

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

ING  ETALASE

 

pancen aeng yen etalase iki renenggeng cindhil-cindhil

aganda amis gumremet mumet-mumet

kinunjara kareben nora munggah-munggah meja

            : kapiadreng lumaris datan kuwawa suwala

            rahina ratri kapang kamardhikan

            ngalor ngidul ngetan ngulon jejogedan

 

pancen aeng yen etalase iki rinenggeng piyik

during kongang nyucuk-nyucuk

during kuwawa mabur ngawiyat

wus kinunjara kebak pangrudhapeksa

kareben nora ngganggu simbah nembe suka parisuka

            : kapiadreng mabur pinencokan ing pang-pang jati

nywarakake lagu kamardhikan

mokal kasembadan

 

pancen aeng yen etalase iki rinenggeng asu lan kucing

banjur pancakara !

banjur pancakara !!

kang adu-adu sorak kalegan

mesem kebak petungan

 

ah !

etalase kebak paekan

butuh wadal !

butuh tumbal !

                                                                        PSJB Bojonegoro 1995

Jaya Baya Nomor 44 Tanggal 02 Juli 1995

 

 



Kembang Setaman PSJB 2025 Kumpulan Geguritan ,Crita Cekak lan Artikel


 

ATUR PAMBAGYA

 

 

 

Kadidene komunitas sastra kang ajeg ngleluri warisan aji tuwin mekaraken basa sastra Jawi, Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) gadhah jejibahan ngimpun karya para pengurus sarta anggota ingkang kababar dados buku. Ada- ada kalawau ing pangajab saget dados “wadhah bawa rasa” lumantar karya, ugi kinarya titikan bilih para warga PSJB maksih kersa marsudi sastra Jawi kanthi prodhuktif ngasilaken karya.

Buku Kembang Setaman PSJB 2025 kanthi iraha-irahan “Kembang Panguripan” menika awujud antologi sesarengan, ingkang kaimpun saking maneka genre. Wiwit geguritan, crita cekak, crita anak tumekeng artikel. Telulikur panyerat pengpengan sampun ngintun karya pinilih ingkang tumunten dados dokumen mirunggan. Ndadosaken kawuningan bilih lintunipun antologi sesarengan, warga PSJB ugi ajeg mbabar buku-buku karya tunggal.

Saderengipun, sanggar PSJB sampun mbabar antologi sesarengan kadosdene: Bojonegoro Ing Gurit wujud kumpulan geguritan terbit taun 2006, Blangkon antologi crita cekak terbit taun 2006, Tunggak Jarak Mrajak sekar setaman crita cekak kababar warsa 2010, Lingkar Jati ingkang kaimpun wujud crita cekak/cerita pendek miwah geguritan/puisi cetakan taun 2015, Kembang Setaman PSJB 2018 wujud antologi crita cekak tuwin geguritan, buku Udhu Klungsu terbit taun 2020, kumpulan


geguritan, crita cekak, crita misteri lan parikan, Kembang Setaman PSJB Rajapati taun 2021 antologi gurit lan cerkak, sarta Lelakon kumpulan cerkak lan gurit taun 2022.

Karya-karya ingkang kapacak salebeting Kembang Setaman PSJB 2025 menika sampun ngliwati proses kurasi dening kurator piniji. Bombonging manah bilih terbitan antologi taun 2025 menika sampun ketrocoban para pengarang mudha tumaruna ingkang kintun karya. Minangka wujud regenerasi

amrihing basa sumawana sastra Jawi gesang lestari, mboten kontal kadheseg jaman digital.

Gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng sedaya pangripta awit sampun kersa nglejaraken penggalih miwah nglonggaraken wekdal. Umiring pangajab, karya-karya sastra sarwendah salebeting buku ingkang kababar, kuwawi dados japamantra miwah umbul donga amrihipun PSJB lestari widada.

Nuwun

 

Bojonegoro, 2 Desember 2025 Sanggar Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB)


DAFTAR ISI

 

 

 


ATUR PAMBAGYA..................................................................................... iii

DAFTAR ISI....................................................................................................... v

AGUS BUCHORI

GLADHEN PASA............................................................................................ 2

AGUS SIGRO BUDIONO

BAJING.................................................................................................................. 7

NYISIH.................................................................................................................. 9

MUNG SADERMA ANGKA................................................................... 10

WEDEN SAWAH......................................................................................... 11

RAWE................................................................................................................. 13

AJUN PUJANG ANOM

GEGURITAN: NGUDHAL RASA, NGUKIR BASA.................... 15

ARIYOKO

GURIT PANAHAN....................................................................................... 21

GURIT UMBAH UMBAH.......................................................................... 22

BENNY HASSIM

IBU...................................................................................................................... 24

SURUP............................................................................................................... 26

KACA PANGILON KANG MRATAK............................................... 27

LALI JUDHULE............................................................................................. 28

D’ EROS SUDARJONO

MBOK SIMAH................................................................................................ 30

DHANU PRIYO PRABOWO

TEMBANG PANGURIPAN........................................................................ 40

SASMITAMU.................................................................................................... 41

SAMADI............................................................................................................. 42

SAKLIMAH GURIT...................................................................................... 43

BISA DISINAU................................................................................................ 44

DINDA AYU HERNAWATI

PITAKON.......................................................................................................... 46

DHAWET........................................................................................................... 47

AJABING PARA PETANEN...................................................................... 48

PEDHUT NGLANGUT................................................................................. 49

RUBA GINI...................................................................................................... 50

EMI SUDARWATI

NYUCUP  HAJAR  ASWAD...................................................................... 52

HERRY ABDI GUSTI

BRUWALA........................................................................................................ 57

KAWARAN PANGONAN........................................................................ 58

NGLURU SEPUR MBURU UMUR......................................................... 59

KAJI KAJEN..................................................................................................... 60

J.FX. HOERY

KIDUNG SESAJI............................................................................................ 63

KANG SININGIT........................................................................................... 65

TUMENGA ING GUSTI............................................................................. 67

MYADHONG BERKAH............................................................................. 68

NYUWUNNA GUSTI BAKAL MARINGI       69