ATUR CECALA
Genre guritan kanggone penulis nduweni makna mirunggan
ing donyaning kasusastran Jawa. Lakar sajroning lelumban ing donyaning basa
sastra, ati wiwit kadudut seneng maca, banjur ajar nulis kanthi tumemen uga lumantar
karya sastra jinis geguritan.
Kembang setaman kanthi irah-irahan Dalan Enggokan kang kasil katerbitake iki, saperangan geguritan wis
kapacak ing maneka udayana abasa Jawa uga ariwarti kang nduwene kawigaten
lestari lan tuwuhngrembakane basa lan sastra
Jawa.
Grenjet mbabar antologi geguritan dadi buku kang wus ana
ing astane para pamaos iki, jumurung niat dhokumentasi ngiras pantes nandhesaken
cathetan wasiat marang dhiri pripadhi: ndonya kuwi mung dalan enggokan (mampir) kanggo sengkud luru sesangu
amal pangibadah samurwat dhimen rahayu tumuju alam ndelahan (kampung akhirat).
Kumpulan gurit iki uga kanggo nengeri ambal warsa kaping
24 (patlikur) anak Laras Gupitasari kadidene geganthilaning ati kang dadi
sumber inspirasi. Sumawana Lilik Endang Werdiningsih, sisihan kang setya
ngampingi bungah susah urip tembayatan, ingkang dhatan kendhat tansah asung
panjurung lelumban ing donyaning kasusastran Jawa.
Penulis nglenggana buku kumpulan geguritan iki isih akeh
cacat lan kekurangane, mula panyeda lan panyaruwe tansah karantu kadidene
pamecut lan tinampa kanthi ati tinarbuka.
Gunging panuwun tanpa pepindhan katur kadang kula
sastrawan Bonari Nabonenar ingkang nglejaraken penggalih paring pangiring.
Sedulur Eko Peye ingkang kuwawi ngrengga
gambar samak. Dhatan katalompen sesepuh Sanggar Pamarsudi Sastra Jawi
Bojonegoro (PSJB) rama JFX Hoery ingkang sampun paring pamecut terbitipun buku
punika. Sarta kabeh sanak kadang warga sanggar kang wus asung panyengkuyung
Puji syukur tanpa kendhat, konjuk mring Gusti.
Mugi migunani.
Aamiin
Bojonegoro,
Maret 2022
Penulis
Tidak ada komentar:
Posting Komentar