PURWAKA
Kumpulan
Geguritan kang dakwenehi tenger Laras Gupitasari iki, saperangangedhe wis nate
dipacak ing udayana basa Jawa. Derange tekad nerbitake Kumpulan Geguritan
iki,kepengin leladi lan asung pisungsung tumrap mekar lan tumangkar sarta lestarine
sastra Jawa,mligine babagan Gurit.
Laras
Gupitasari ,ing suraosipun mengku teges wirama kang sinawung ing geguritan
kanthi pangajab bisa agawe sengseng sok sinten mawon ingkang maos geguritan
menika. Lereging kekarepan ingajab wonten komunikasi panyerat lan penikmat
sastra,saget wawan pangandikan engkang sekeca lan sengsem. Mula ing kumpulan
geguritan Laras Gupitasari iki aku niyat
omong-omong sajrone pikir,sajrone batin,ing alam kasunyatan lan ing alam batin
Atur
panuwun marang Sanggar Sastra Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) sarta
para anggotane sing wis paring pambiyantu,eguh pertikel,panyurung saengga aweh
kakuwatan niyat nerbitake antologi iki.
Saran
sarta penyeda kang bakal dadi pamecut, tansah dak antu-antu.Ora lalingaturake
gunging panuwun marang Mas Drs.Dhanu Priyo Prabowo, M.Hum, kang kersa paring
cecala. Ugi datan katalompen matur nuwun marang Mas Alang Khoiruddin ingkan
sampun kersa ngedit sarta nata gambar samak.
Bojonegoro,
Juli 2018
CECALA
Nulis
geguritan iku dadi sawijining kanikmatan tumrape si penggurit. Lumantar
guritane dheweke bisa aweh paseksi marang samubarang sing gumelar ing ngalam
ndonya. Mula geguritan bisa kanggo sawijining cathetan marang owah-owahaning bebrayan
agung (masyarakat) apadene owanh gingsiring panemu. Senajan antologi geguritan
Laras Gupitasari iki dikarepake dening sing nyusun minangka
“omong-omong”,nanging apa sing digelar ora mung apa anane. Ana ing
omong-omongan mau dheweke kepengin uga aweh paseksen marang sauntara prakara
sing kelakon ing kiwa tengene (lingkungane). Ora mung nyuntakake apa sing dadi
pengangen-angen sing imajinatif, nanging uga “njlentrehake’ kedadean sing nyata
dumadi ing madyaning bebrayan.
Antologi
Laras Gupitasari sing cacahe ora sethithik mau dheweke mbabar maneka warna
masalah sing nabet tumrap pengangen angene. Minangka jejering pengawas sekolah
kang nduweni jiwaning dwija/guru dheweke wis ngengkoki. Tegese sajroning milih
saka sakehing reriptan geguritane, dheweke njumbuhake kalenggahane mau karo apa
sing bakal dipacak ing antologi. Saka antologi iki dheweke aweh sesuluh tumrap
sing padha maca bukune mungguh perkara ala lan becik sing kudu diugemi. Guru
ana ing madyaning bebrayan Jawa dadi paraga sing pokok,inti, sentral. Miturut
sejarahe, guru tansah dadi paran pitakon dening masyarakat ing sakiwa tengene,
jalaran guru iku sumbering ilmu lan pengetahuan. Mula jeneng ora aneh menawa
jaman biyen (nganti saiki) para guru tansah ora bisa diuwalake saka masyarakat.
Awit guru, tumatane masyarakat lan adat bias kasawang. Dadi menawa guru nganti
“ngendika” prakara sing “kritis” iku ateges ana perkara sing “wigati” kepara
malah “gawat”. Ing antalogo Laras Gupitasari iki, panggurit sing uga ngasta
pengawas/guru mau ora mung “mulang” marang sing maca linier (biasa) bae,
nanging uga nggambarake kahanan masyarakat sing sabenere kalebu gawat, yaiku
masalah korupsi utawa tumindak ngrugekake liyan kanthi cara sing ora
samesthine. Kayata geguritan “Tikus-Tikus”, “Aranana Aku”, “Ing Etalase”,”Kucing
lan Tikus”,lan isih akeh maneh. Senajan perkarane dadi underaning rembug
warganing masyarakat, nanging si penggurit tetep ngengkoki marang dhasaring
kasusastran, mligine guritan.
Supaya
rasa kaendahan bisa dicecep dening sing padha maca lan kanggo geguritan iku dheweke
mula anggone medharake prakara nganggo basa “sinamudana” utawa ora blaka suta.
Contone kanggo nyebut wong sing seneng korupsi panggurit nganggo tembung
“tikus”. Sapa bae nguningani yen tikus
seneng mangan darbeking liyan kanci cara licik. Menawa penggurit nganti
nganggo tembung koruptor,geguritane dadi wantah lan sepah merga “rasane” ora
ana. Mula banjur sing dienggo pepindhane “tikus”
Nyemak
antologi geguritan iki,ana paugeraning sastra gurit liyane sing katon dadi
lageyane. Juru gurit kecaba migunake tembung-tembung sing wus anyar, uga kerep
migunakake tembung-tembung basa Jawa sing rada arkais, kayata nora, kapiadreng,
marma, jiwangga, parandene,lsp. Pancen iku dadi hak-e si juru gurit nganggo
tembung-tembung apa bae. Jalaran iku mesthi mengku karep amrih karya-karyane
luwih nengsemakae. Tembung-tembung mangkono bias dadi woting pamengku panggurit
karo kasunyatan sing bakal digelar.
Purnaning
ukara, wus samesthine antologi gurit Laras Gupitasari iki yen ditampa ing
jagading kasusastran Jawa,bias kanggo pangupaya rumasuke kabudayan Jawa ing
tlatah Jawa pesisiran. Ngiras pantes ngupaya nglestantunaken edi endahing
budayajawi luhung ing kawuri kadidene
warisan aji.
Ngayogyakarta, 17 Juli 2018
Drs.
Dhanu Priyo Prabowo, M.Hum.
Balai Bahasa
Yogyakarta
NIP:
19610115 198903 1 001
DAFTAR
ISI
|
|
|
Kaca |
|
|
Halaman Cover |
i |
|
|
Purwaka |
ii |
|
|
Cecala |
iii |
|
|
Daftar Isi |
iv |
|
1. |
Lindhu Kadidene Sasmita |
1 |
|
2. |
Punagi Sesuluh |
2 |
|
3. |
Marang Anakku |
3 |
|
4. |
Tikus-Tikus |
4 |
|
5. |
Tinarbuka |
5 |
|
6. |
Ing Ngarep Koridor |
6 |
|
7. |
Nalika Sandhal Jepit Pedhot |
7 |
|
8. |
Marang Kancaku |
8 |
|
9. |
Prematur |
9 |
|
10. |
Sedya |
10 |
|
11. |
Kanvas |
11 |
|
12. |
Marang Simah |
12 |
|
13. |
Aranana Aku |
13 |
|
14. |
Nalika Kudu Jumangkah |
14 |
|
15. |
Ing Etalase |
15 |
|
16. |
Banyu |
16 |
|
17. |
Gurit Kanggo Bocah Lanang |
17 |
|
18. |
Kucing Lan Tikus |
18 |
|
19. |
Gambar-Gambar Ing Kalender |
19 |
|
20. |
Layon |
20 |
|
21. |
Episode Sumantri lan Sukrasana |
21 |
|
22. |
Gurit |
22 |
|
23. |
Pandakwa |
23 |
|
24. |
Dongenge Simbah |
24 |
|
25. |
Gurit Katresnan |
25. |
|
26. |
Ing Ngarep Layar Bening |
26. |
|
27. |
Lumut |
27. |
|
28. |
Pacelaathon Ing Pasar |
28. |
|
29. |
Wengi Ing Pojok Halte |
29. |
|
30. |
Tikus Lan Kucing |
30. |
|
31. |
Samungguhna Ngaurip Iki |
31. |
|
32. |
Sepi |
32. |
|
33. |
Gurit Kanggo Adi |
33. |
|
34. |
Marang Sitaresmi |
34. |
|
35. |
Praupan-Praupan Aeng |
35. |
|
36. |
Perang Kang Sejati |
36. |
|
37. |
Swara-Swara Jangkrik |
37. |
|
38. |
Tansaya Cedhak |
38. |
|
39. |
Gurit Kanggo Sumitra |
39. |
|
40. |
Marang-Mu |
40. |
|
41. |
Piweling |
41. |
|
42. |
Kasunyatan Iki |
42. |
|
43. |
Marang Laku Bebadra |
43. |
|
44. |
Sawijining Pitakon |
44. |
|
45. |
Watu |
45. |
|
46. |
Protret |
46. |
|
47. |
Prosesi |
47. |
|
48. |
Ulegan |
48. |
|
49. |
Reroncen Pandonga |
49. |
|
50. |
Ing Tlaga Wening-Mu |
50. |
|
51. |
Rembulan Ing Pucuk Cemara |
51. |
|
52. |
Gurit Kangen |
52. |
|
53. |
Tetela |
53. |
|
54. |
Wus Ndhungkap Surup |
54. |
|
55. |
Ing Pandadaran |
55. |
|
56. |
Pitakon |
56. |
|
57. |
Ing Sarasehan |
57. |
|
58. |
Karikatur |
58. |
|
59. |
Marang Laku Bebadra |
59. |
|
60. |
Ing Titik Koordinat |
60. |
|
61. |
Ing Garis Wates |
61. |
|
62. |
Tembang Panguripan |
62. |
|
63. |
Sepi |
63. |
|
64. |
Ing Wit Ngrembuyung |
64. |
|
65. |
Sapa Kandha |
65. |
|
66. |
Bener Kandhamu |
66. |
|
67. |
Sore Ing Plataranmu |
67. |
|
68. |
Layang |
68. |
|
69. |
Banyu Kali |
69. |
|
70. |
Pandakwa |
70. |
|
71. |
Kasunyatan |
71. |
|
72. |
Bocah Bajang |
72. |
|
73. |
Wong Lara |
73. |
|
74. |
Antaraning Bumi Lan Langit |
74. |
|
75. |
Omah |
75. |
|
76. |
Kadang |
76. |
|
77. |
Tamba |
77. |
|
78. |
Dzikir |
78. |
|
79. |
Gambar-Gambar Sajroning Pigura |
79. |
|
80. |
Gurit Pepeling |
80. |
|
81. |
Layang Katresnan |
81. |
|
82. |
Potret Sajroning Kanvas |
82. |
|
83. |
Marang Bapak Lan Simbah |
83. |
|
84. |
Iradat |
84. |
|
85. |
Ajar Sabar |
85. |
|
86. |
Horeg |
86. |
|
87. |
Gendra |
87. |
|
88. |
Dhalang |
88. |
|
89. |
Pawarta Saka Pangumbaran |
89. |
|
90. |
Ing Ngendi Pepadhang |
90. |
|
91. |
Dheweke Ngaku Pahlawan |
91. |
|
92. |
Prasapa |
92. |
|
93. |
Piwulang |
93. |
|
94. |
Ing Ngarep kaca Pangilon |
94. |
|
95. |
Pepeling |
95. |
|
96. |
Gurit Kanggo Kanca |
96. |
|
97. |
Nalika Bumi Sesambat |
97. |
|
98. |
Slingkuh |
98. |
|
99. |
Ing Njero Pigura Pangimpen |
99. |
|
100. |
Panglenggana |
100. |
|
101 |
Lelakon |
101. |
|
102. |
Ngaurip Kuwi |
102. |
|
103. |
Pagelaran |
103. |
|
104. |
Kursi Kencana |
105. |
|
105. |
Poligami |
106 |
|
106. |
Gosip |
107. |
|
107. |
Tamu-Tamu Nyalawadi |
108. |
|
108. |
Dak Ulungake Kembang Edelweis |
109. |
|
109. |
Sesangu |
110. |
|
110. |
Kasunyatan |
111. |
|
111. |
Kebat |
112. |
|
112. |
Tikus-Tikus Ing Omah Anyar Kuwi |
113. |
|
113. |
Amputasi |
114. |
Nono Warnono:
LINDHU KADIDENE SASMITA
Geter pater bumi gonjing cakra
manggilingan jaman
Maneka rasa jugrug mosik uleng panguripan
Karana moyag-mayig iman kabebidhung gebyar kadonyan
Ngaurip nangisi rubuhing kapitayan
Bebendu lingsir jaman manungsa gupak
kanisthan
Geter pater bebrayan koncatan
pranatan
Nyingkur keblat katalompen
werdining panembah
Ulir pikir njungkir kedlarung sasar
dosa saalar-alar
Kinarubut kemaksiyatan duraka
kawengisan
Gunung njeblug tsunami gumulung
nrajang samubarang
Jerit tangis ngrerujit ati sumelang
: Gusti wanci asung pepeling
sinandhi
Bojonegoro, 5 Agustus 2018
Nono Warnono:
PUNAGI SESULUH
Peteng ndhedhet sajroning dhadha
Rinuket sepi samun kablenggu leksan
rasa
Dalan ireng langes datan kawistara
langking seta
Samar lumaku lekas tumekeng ancas
ginagas
Kabentus kesandhung watu pepalang
Juglangan ngaurip kebak pacoban
Peteng lelimengan tanpa sitaresmi
Langit lazuardi mentiyung sawegung
tan adamar
Sanggarunggi tumuju dalan ngendi nggayuh sawiji
Gamang sasar laku nalisir ugeran
kang wus gumathok sakalir
Banjur muhung kapiadreng manekung
manembah
Abang biru lelaku ngaurip nut
lakuning takdir sumarah
Peteng ndhedhet ati suwung gelis
sesuluh dzikir
Tahlil tahmid lan takbir
ngumandhang jiwa tasawuf
Angulir pikir sewu ikhtiyar slaras
pitutur kang wus kababar
Marang Kitab Suci lan Sunnah
tumlonjong garis qada lan qodar
Kacaryan suluhing Gusti Kang Maha
Wikan
Bojonegoro, Oktober 2018
Nono Warnono:
MARANG ANAKKU
anakku cah ayu
srengenge sore iki saya adoh
gumlewang tumedhak cakrawala
remeng-remeng langit tumiyung
binarung kabeh wewayangan kang
sirna
kapiadreng ambujung saleksa sedya
hamestuti jatining urip kebak arti
anakku cah ayu,
banjur dalan iki dadi peteng
parandene tapak sikil
kudu tetep lumaku
ngupadi sesangu kanggo bebadramu
kareben nora koundamana jroning
kuburku
dene lamun kinacek panjangka lan
kasunyatan
panglengganamu banget wigati
anakku cah ayu,
laju jantra ngaurip ngono tan luput
ing juglangan
lan maneka sandhungan
akeh plesedan datan sethithik
maneka pandadaran
kudu linakonan kanthi sumarah jejer
khalifah
anakku cah ayu,
yagene kabuncang angin wetan kulon
kordhen atimu mobah mosik
kembang-kembang arum kang kok regem
wus padha ceblok
aking jro pawuhan
ah! atimu kajuwing-juwing
anakku cah ayu,
usapen eluh dumlewermu ing dhadhane
ibu
kareben tangis sesenggukanmu
rinungu telenging kalbu
rangkulen! ruketen!
bebarengan nyungging esem marang
kodrat kang wus tumoreh
kita pancen datan kuwawa suwala
Bojonegoro
1993
Jaya baya No 08 Tanggal 24 Oktober 1993
Nono
Warnono :
TIKUS-TIKUS
tikus-tikus
wus lumebu pedaringan
mangan
beras kinuras
banjur
nggawe bolongan gedhe
beras-beras
kinuras amblas
yagene
lagi kadenangan
ing
pedaringan wus akeh sing kelangan
apa
tikus-tikus iku ingon-ingonan
umpama
dithuthuk
wedi
marang bendarane
tikus-tikus
lemu
saya
alus wulune
diupakara
di elus-elus
nadyan
ngrusak sawah lan pategalan
ngrusak
lumbung lan pedaringan.
Baureno-Bojonegoro’94.*
Panjebar Semangat No. 01
Tanggal 07 Januari 1995
Nono Warnono:
T I N A R B U K A
swara gendhing
nganyut-anyut
mahanani swasana
wiwit poncot
desa tumekeng praja
ngusadani wuru
ratu
nadyan sayekti
mendem dahuru
kang during
kawetu
wirama gendhing
nganyut-anyut dawa
amblenggu dhadha
jiniwit rasa
sayekti ana
pancakara
antaraning blaka
lan samudana
banjur kawijil
swasana blero
kasunyatan kang
datan kinira
dhog! dhog!
dhog!
dhalang nyempala
kothak
gendhing banjur
suwuk
rinayuk!
rinayuk!
tinutup rapet !
pet!
Baureno-Bojonegoro
1993
Jaya Baya Nomor 30 Tanggal 27 Maret 1994
Nono Warnono :
ING NGAREP KORIDOR
wengakna!
wengakna!
wengakna!
wengakna sing
amba kareben
kabeh cetha lan
terwaca
( clathune bocah
cemlewo ngrudhapeksa )
aja, ya, cah
bagus!
mengko simbah
masuk angin
ing samburimu
akeh duratmaka sinamudana
akeh bekasakan
sluman slumun blusak blusuk
kowe kena lumebu
nadyan mung samadya
(:pangrimuke
wong aris sing melu trenyuh )
datan nglenggana
malah dadi gendra
swara santak
gelis dibungkem
tangan-tangan
kablenggu
bocah-bocah
cumlewo mlebu senthong
siji mbaka siji
sepa-sepi!
sepi!
Bojonegoro
1994
Jaya Baya Nomor 30 Tanggal 27 Maret 1994
Nono Warnono
NALIKA SANDHAL JEPIT PEDHOT
jethat-jethit!
jethat-jethit!
jethat-jethit!
swara-swara ajeg
wola wali
embuh pisambat
embuh panjerit
isih sinengkeran
datan kawedhar
isih winadi
during kabiwarakake
sing wus cetha
ana tambuhing kasetyan
datan suwala
nadyan ing ngisor dlamakan
jethat-jethit!
jethat-jethit!
swara ajeg
wola-wali
embuh guyu embuh
tangis
during cetha
during cetha
kang terwaca
pasuwitan
kebak saleksa
pangurbanan
jethat-jethit!
swara sigra
sinigeg karana
pedhot- pedhot
binuwang
semprung jro pawuhan
tanpa makna
tanpa piguna
banjur sapa sing
arep nangisi?
banjur sapa sing
nedya aweh pakurmatan?
kabeh-kabeh wus
datan maelu…
Baureno-Bojonegoro
1994
Jaya Baya Nomor 42 Tanggal 19 Juni 1994
Nono Warnono:
MARANG KANCAKU
Banyu,
saiba mulyane saumpama manungsa
nulad kartimu
saka pucuk lan lengkehing gunung
tansah tumuju tataran ngisor
warta ing biru samodra
gumelar tanpa winates
kinuras tan bakal asat
darmamu mring sasama
masuh ing sawarna rereged
paring ngombe marang kang ngelak
paring udan marang wit-wit aking
nelesi lemah-lemah garing
lakonmu kebak pandadaran
mili nurut kali nasak alas milang
karang padesan
mangkono terus tumeka sungapan
Banyu,
yagene banjur ngatonake
kaprakosanmu
gumulung ombak nggegirisi
ngrabasa banjir bandhang
akeh tangis tawang-tawang
rekasane urip tambah panandhang
Baureno-Bojonegoro
1993
Jaya Baya No 30 Tanggal 28 Maret 1993
Nono Warnono:
P R E
M A T U R
lan nalika
orgasme kuwi lumaku
kori wus
tinarbuka amba gelis jugar
kinupeng
bacingah-bacingah sangar
swara-swara
nggegirisi
geter pater !
sinigeg !
nadyan siningid
kapiadreng maujud
embrio-embrio
kinandhut
sru
anggrawuk-nggrawuk
nedya gelis
linairake
ambalela !
banjur kaprekes
kaplenet prakosa
nedya suwala
cenger! cenger!
njur cep klakep
sepi !
sinigeg !
Baureno-Bojonegoro
1994
Panjebar Semangat Nomor 29 Tanggal 22 Juli
1995
Nono Warnono
S E D Y A
lan nalika angin santer tumiyup
yagene
sliramu kapiadreng menek wit klapa
ngoyak mega
nyempal janur banjur
rinantam nggo rerenggan lan
pepaesan
banjur sinawang asri kawuryan
lan nalika glugu tansaya lunyu
yagene
tansaya mencit dhuwur anggonmu
memenek
nyendhal
duduh seger kang ginantha-gantha
lan nalika srengenge wus angslup
surup yagene
sliramu durung bisa nglenggana
marang apa kang wus
tinampa banjur
keplorod babak belur nembe kok tangisi
badan sakojur karana kurang syukur
apa kang wus sumawur saka
kang Maha Luhur
Bojonegoro,
Mei 1994
Jaya Baya 1994
Nono Warnono:
K A N V A S
yagene kanvas-kanvas ing ngarepku
kebak maneka warna gambar-gambar
gegaman pathing crangap
kinarya ngilekake marus
kebak maneka warna gambar-gambar
bedhil lan mimis
kanggo nguntabake playune saleksa
nyawa
yagene kanvas-kanvas ing ngarepku
padha digambari mawa abang ludira
kanthi pigura bathang-bathang
illustrasi omonge wong-wong mlempus
kebak paekan julig munafik
yagene kanvas-kanvas ing ngarepku
nora padha digambari rembulan
purnama amadhangi telenging ratri
ditulisi geguritan kanggo sesangu
turu
mapag endahing pangimpen
ah! yagene aku kumawani nyenyaruwe
kamangka durung kuwawa ambedakake abang
lan biru
durung damang kalamun papan iki
rananggana
arebut sasana lan swasana
ing sandhuwure kanvas-kanvas abang
amelerah
Baureno-Bojonegoro
1995
Panjebar Semangat Nomor 14 Tanggal 08 April
1995
Nono Warnono:
MARANG SIMBAH
gelis tepungna aku
kambi watu karang kae simbah
kang tansah
kukuh bakuh tumancep
wola wali
kasempyok ombak-ombak anjambak
mawantu-wantu
tinempuh angin prakosa
samadyaning
samodra tanpa winates
gelis tepungna
aku kambi segara biru kae simbah
kang jembar
anteng antaraning langit tumiyung
malembak-lembak
tumeka garis cakrawala
tartamtu jero
datan buthek nadyan kinebur
mokal asat
nadyan kinuras
gelis tepungna
aku kambi rembulan purnamasidi kae simbah
tansah tresna
sumunar ing biru langit lazuardi
terus lumaku
antaraning mega-mega akasa
adreng tumeka
jaladri jaladara
kadidene lentera
bebadra
gelis tepungna
aku kambi betharakala sinamudana kae simbah
kang cluthak
asring nglethak lan nglangga ludira
kang ngaglah ing
ngendi-endi papan panggonan
dak nyoba aweh
panantang nadyan kasunyatan kapracondhang
gelis wulangana
aku simbah
kapan nangis
kapan gumuyu
kapan nangis lan
gumuyu
Baureno-Bojonegoro
1995
Jaya Baya Nomor 36 Tanggal 07 Mei 1995
Nono Warnono:
ARANANA AKU
yagene aku
dinakwa minangka sawijining bajingan
blusak blusuk
mlebu metu kori anjarah padaringan
blusak blusuk
mlebu metu alas ngeloni gumuk
ngremusi wit-wit
jati nggegemi watu-watu kali
sluman slumun
mider real estate ngesaki semen
nyuwil
maesan-maesan kuburan
nyuwil
bendhungan lan jembatan
yagene aku dinakwa
duratmaka
ngrayuki
gabah-gabah sawah
muluki sega
ndhuwur meja parandene
aku hamung papa
sudra walaka
luru upa-upa
keceran
saka pawongan
kang lagi adreng bancaan
dhuh Gusti!
ngendi jejeging
adil !
Baureno
Bojonegoro 1995
Jaya Baya Nomor 37 Tanggal 14 Mei 1995
Nono Warnono:
NALIKA KUDU JUMANGKAH
kelonana aku
ibu,
nalika swara
bence ngganter tengah wengi
kareben
kembang-kembang arum
kang tansah dak
regem kenceng
datan sirna kang
tansah jinangka
rangkulen aku
ibu,
nalika angin
kulon santer tumuju
kareben tetep
dak rungu keteg jantungmu
tansah dak rasa
lirih nafasmu
kinarya ngreksa
kordhen ati kareben
nora mobah mosik
tinarbuka
ruketen aku ibu,
nalika gelap sru
mendhung angendhanu
nalika buta-buta
aswara santak
sangar arsa
anglethak
kareben urip iki
tatag
datan
sanggarunggi
Bojonegoro
1995
Panjebar Semangat Nomor 29 Tanggal 22 Juli
1995
Nono Warnono:
ING ETALASE
pancen aeng yen
etalase iki renenggeng cindhil-cindhil
aganda amis
gumremet mumet-mumet
kinunjara
kareben nora munggah-munggah meja
: kapiadreng lumaris datan kuwawa
suwala
rahina ratri kapang kamardhikan
ngalor ngidul ngetan ngulon
jejogedan
pancen aeng yen
etalase iki rinenggeng piyik
during kongang
nyucuk-nyucuk
during kuwawa
mabur ngawiyat
wus kinunjara kebak
pangrudhapeksa
kareben nora
ngganggu simbah nembe suka parisuka
: kapiadreng mabur pinencokan ing
pang-pang jati
nywarakake lagu kamardhikan
mokal kasembadan
pancen aeng yen
etalase iki rinenggeng asu lan kucing
banjur pancakara
!
banjur pancakara
!!
kang adu-adu
sorak kalegan
mesem kebak
petungan
ah !
etalase kebak
paekan
butuh wadal !
butuh tumbal !
PSJB
Bojonegoro 1995
Jaya Baya Nomor 44 Tanggal 02 Juli 1995
Nono Warnono:
B A N
Y U
satemene nana
ing tumitahing langit lan bumi
lan gumantina
rahina ratri
lan baita kang
lelayaran ing samodra
lan anggung
migunani mring manungsa
lan anggone
Allah wus nurunake banyu saka wiyati
lan mawa banyu
iku diuripake bumi kang wus mati
lan dituwuhake
thethukulan tetuwuhan saka lemah kang wus garing
lan nyebarake
kewan-kewan
lan mbabar
angina miwah mega mendhung
lan dikendhaleni
kanthi permati antaraning langit lan bumi
lan kapan kita
maujud banyu
lan mili saka
lengkehing aldaka
lan malbeng
karang padesan
lan nelesi sawah
pategalan
lan terus lumaku
tumekeng sungapan samodra
lan kapan kita
maujud banyu
tansah biru ing
saben wektu
Bojonegoro
1995
Jaya Baya Nomor 01 Tanggal 03 September 1995
Nono Warnono:
GURIT KANGGO BOCAH LANANG
wengi wus
lingsir yagene
tangismu tansaya
layung-layung anakku
dumlewer eluh
saka poncot mripat
sapandurat
kawistara ana kang oncat
kinarya ati
sinaput mendhung angendhanu
apa krana
keplasing sedya ngawiyat
jugar wigar ati
cabar
gelis kendhat
sakehing tekad
kudune linuwih
adreng sinau
piwulang
kasunyatan
nora hamung
aksara lan angka-angka
pagelaran iki
akeh angin lan ombak anjambak
akeh buta-buta
culika akeh duratmaka sinamudana
kowe kudu ajar
tatag lan nglenggana
yen papan iki
rananggana
aja kekembeng
eluh anakku, usapen
gawanen glathi
kewanen kanggo maju perang
wangsulana
kanthi sembada sinatriya
sewu panantang
gumontang
saleksa pepalang
budhala anakku,
cah lanang
sesuk bang wetan
srengenge sumambirat padhang
Bojonegoro,
1994
Panjebar Semangat Nomor 4 Tanggal 04
Nopember 1995
Nono Warnono:
KUCING LAN TIKUS
mawa kuku-kuku
prakosa
kanthi untu-untu
landhep
kanthi mripat
sumunar
kapiadreng
ngoyak tikus-tikus lemu
kang asring
blusak-blusuk malbeng padaringan
munggah-munggah
meja
parandene
tikus-tikus tansaya ndadra
mawa paeka!
mawa paeka!
nalika kucing-kucing
padha murina
tikus-tikus
asung sasmita
ana
pindhang! ana pindhang!
kucing lan tikus
banjur adreng bancaan
Baureno-Bojonegoro
1995
Jaya Baya Nomor 12 Tanggal 19 Nopember 1995
Nono Warnono :
GAMBAR-GAMBAR ING KALENDHER
rinasa
angka-angka saben dina lumaku urut tinata
datan silih
ungkih arebut ngarsa parandene
gambar-gambar
ing sandhuwure kinarya giris keladuk miris
iline marus
oncate nyawa ndadra yayah tanpa dosa
demonstrasi
unjuk rasa anggegirisi
gendra
pabrik-pabrik gelis dadi awu
bebarisan
ngungalake dhadha ngacungake gegaman ngrangsang
rinasa dina-dina
terus lumaku kebak maneka illustrasi
gambar-gambar
mutawatiri prostitusi
ing ngendi-endi
ngrerujit ati
korupsi kolusi
sesingidan samburine kori kinunci
lan monopoli
sinamudanane petani kalungan dhasi
rinasa dina-dina
lan angka-angka rikat lumaku
gambar-gambar
ing kalender terus mobah mosik
katiyup samirana
Bojonegoro
1995
Jaya Baya Nomor 18 Tanggal 31 Desember 1995
Nono
Warnono :
L A Y
O N
( Kanggo: Suripan sadi Hutomo)
kawuri papan iki
rinasa bawera ngrebut pandulu
akeh kang padha
gegojegan nggaru-mluku imajinasi
tinanduran gurit
ledhung-ledhung
katresnan
bun-bun esuk pinencokan ing pucuk-pucuk gegodhongan
lan sore
manuk-manuk mabur kekiter wewuyungan
jaman rodha
cakra manggilingan
papan iki wus
dadi kuburan sangar samun
akeh bocah-bocah
lola padha nangis sesenggrukan
ndedonga nyekar
bapa biyung kang wus nora kinrawuhan
bebarengan
angslupe susastra kelangan cahya
mbokmanawa kowe
lan aku dina iki isih kuwawa
kanthi sisa
pegat-pegat ambegan
nglacak lan
njumputi geguritan-geguritan cicir nadyan
kesandhung-sandhung
kontal tinendhang bal globalisasi
sesambat tangis
layung-layung
gelis angemasi?
apa ngrantu
tumekane reinkarnasi?
Wengi
Mendhung Poncot 1996
Panjebar Semangat Nomor 12 Tanggal 23 Maret
1996
Nono
Warnono :
EPISODE
SUMANTRI LAN SUKRASANA
kasetyan
kuwi yayah samodra datan kinira
yen
diwilang angka-angka nora kuwawa
kadya
sekawit tansah tutwuri anjampangi
bebadra
kiyi rahina pantaraning ratri
suthik
kemba sanadyan wola-wali
datan
kapaelu
sukrasana
dhi,
kapiadreng
tansah kakanthi jantra laku kiyi
ambudidaya
jinangkane jejangka
kongsi
taman sriwedari ing maespati
hamestuti
patembayane prabu arjuna sasrabau
pranyata
dadi kasunyatan
sukasrana
dhi,
jebul
aku kang sinubya-subya kawula sapraja
piniji
menangake patembayan mirunggan
parandene
kowe malah sesingidan
sanggarunggi
yen nganti kejodheran
kadidene
paraga tartamtu aku kang nandhang wiring
sukrasana
dhi,
yagene
nalika kowe adreng sabela
langkap
enggal pinenthang lumepas warastra tan sinengaja
palastra
! nana swara geter pater
horeg
bantala binarung muncrate rasa keduwung
sukrasana
dhi,
pangorbanan
kuwi datan murwat kalamun tinuku
kambi
tetesing waspa lan
ing
sepi kiyi nora nana maneh sesulih
kadya
kasetyanmu sakawit
sabela
sabiyantu sakalir kang werit werit
sukrasana
dhi,
ing
pagelaran kiyi aku kinepung wong-wong culika
mbeburu
pangalembana
PSJB
Bojonegoro 1995
Panjebar
Semangat Nomor 16 Tanggal 20 April 1996
Nono
Warnono :
G
U R I T
tanganmu
ukara-ukara anjawil
lathimu
wirama adreng dumeling
datan
kapaelu !
nora
rinungu !
:
sepi !!
Bojonegoro
1995
Panjebar Semangat Nomor 17 Tanggal 27 April
1996
Nono
warnono :
P
A N D
A K W A
ah
!
apa
ora rumangsa
apa
ora rinasa
nalika
driji aweh panuding marang wong liya
papat
liyane ngarah marang sapa ?
:
terwaca
Bojonegoro
1995
Panjebar
Semangat Nomor 17 Tanggal 27 April 1996
Nono
Warnono :
DONGENGE SIMBAH
Pranyata bocah-bocah ora nampik nalika
didongengi simbah
ngenani maneka
pakarti kewan
“Iki bunglon
saparan-paran ajeg sesinglon
sawayah-wayah
tansah owah werna kulite ing anggone dedunung
datan kawistara mamaeka ngadhepi maneka prastawa
nyinamudana ing sawerna swasana”
Simbah terus lumaku
bocah-bocah tutwuri angombyongi
“Kae kalamangga rina wengin ngenam jaring-jaring tinata
ing pang-pang lan maneka gegodhongan
ngadhang mangsa ! ngadhang mangsa !!
tegel ngolu getih lan daginge sapadha bangsa”
Tan kendhat
simbah terus kandha
bocah-bocah
ngrungokake tan pegat-pegat
“Kuwi bebarisan
semut-semut gumremet mumet-mumet
guyup rukun gotong royong mbangun papan panggonan nut
gatining sowang-sowang. Kalamun nemu sisa sega bancakan
padha dipangan bebarengan
emane ora nana kang aweh kawigaten nalika asring
kepidak sandhal lan sepatu”
Simbah terus crita kebak pralampita
bocah-bocah setya nyurasa nadyan kurang cetha
“kae tawon seneng pinencokan necep maneka sari kembang
netesake madu kanggo jejantu, aja disengiti yen
ngentup
mbebayani”
Simbah terus
kekojah
bocah-bocah
lumaku tut wuntat
“Kuwi kuda
tansah tuhu setya nggeret kreta
saka koplakan siji tumeka koplakan candhake
krenggosan wola-wali kapecut kusir tuwa kang adreng
nyendhal lis kendhali”
Simbah tansaya adoh jumangkah
bocah-bocah terus mbinayangkari
“Iki tikus wulune alus-alus
ajeg saba petegalan lan pedaringan
sesingidan nyolongi pindhang”
Simbah terus
crita
bocah-bocah padha
manthuk nadyan kurang terwaca
“Kae kucing
untune landhep cakare lincip-lincip
kerep ngoyak tikus-tikus bancakan
emane dheweke uga melu njaluk panduman”
Simbah mandheg
bocah-bocah kamiwedan gelis ngruket
“Aja wedi macan kang wus kelangan untu lan cakar
mung kuwawa ngetung mlethek lan angslupe srengenge
ing sewalike krangkeng kinunci”
Simbah kekembeng
eluh
bocah-bocah
padha mlongo nora ngerti tegese
Bojonegoro, 1996.*
Panjebar Semangat Nomor 28 Tanggal 13 Juli
1996
Nono Warnono :
GURIT KATRESNAN
walaka aku wes jinja yayi
yen kudu wola-wali mranata cuwilan
rasa cicir
mungkur sadawane dalan- dalan rumpil
suthik ngenam tali rasa telenging
nala
marma kang ajeg tinemu ati cuwa
tan kumbi aku wus kemba yayi
yen kudu nganglang kekiter
wewuyungan
ing ndhuwur tlaga wening kekinclong
karana asring mung fatamorgana
memaeka pancanndriya
walaka aku wus suthik nembang
asmarandana yayi
yen tundhone ngrerujit ati
marma tinemune lumer katresnan
sejati
hamung ing astane gusti kang maha
suci
aja kongsi ko-tangisi dhuh yayi
yen jiwangga kiyi condong mestuti
margining leladi ing ulegan sepi
kambi njlumati lembaran lelakon
kawuri
kang rojah-rajeh tumoreh tatu-tatu
Bojonegoro, 1994*
Panjebar Semangat Nomor 42 Tanggal 19 Oktober 1996
Nono Warnono :
ING NGAREP LAYAR BELING
pranyata saben omah bocah-bocah
padha gentur manembah
gumregah tan metung wayah
madhep tan marang Gusti kang wus
akarya jagad
sumuyud gambar-gambar
kebak dzikir-dzikir maksiyat
jebul bocah-bocah tansaya taberi
nembangake lagu iklan tanpa ugeran
lan wirama-wirama lekoh cengkah
norma-etika
dinulang film-film wisa
ngranuhi
lan saiki bocah-bocah tansaya bekti
nora marang bapa biyung parandene
kanggo idhola ing kothak sinetron
kang kadhang datan slaras kurang santun
dhestun ginulung ulegan jaman edan
bocah-bocah wus racak pinter macak
pepaes apupur keladuk mutawatiri
lan simbah ambegan landhung
kasunyatan kang mrucut saka kekudangan
Bojonegoro, 1996
Panjebar Semangat Nomor 42 Tanggal 19 Oktober 1996
Nono
Warnono :
L
U M U T
asring
tinemu ing sadhengah papan panggonan
ing
poncot-poncot
ing
ngarsa lan wuri adreng tumuwuh
maneka
rupa lan warnane
lunyu
! lunyu !
banjur
padha keplesed
tiba
njerbabah kasulayah
asring
thukul ing poncot-poncot lathi
ing
rina klawan ratri
ing
pucuking ilat
maneka
rupa swarane
banjur
padha keplesed
banjur
padha kesleo
swara-swara
ajeg mblero
Baureno-Bojonegoro
1995
PSJB
Panjebar
Semangat Nomor 05 Tanggal 03 Pebruari 1996
Nono Warnono:
PACEELATHON ING PASAR
jeneng pasar
kabeh dagangan kemput ginelar
kapiadreng
nggawa tekad makantar
saben pawongan
disemantani
yen perlu mawa
pangatag
kareben antuk
kawigaten mirunggan
arebut maneka
kalodhangan
kang menganggo
klambi ijo kae bakul buwah
lungguh kursi
kambi ngumbar tembung promosi
“mangga mbak, mangga mas,
iki rambutan aceh, apel new zeland apel pelem manalagi
kabeh rinasa seger manis. Saki mbayar sesuk gratis”
bakul terus
ngecipris
dibumboni
ukara-ukara lamis
kang menganggo
klambi kuning kae bakul daging
daging wedhus
nganti daging sapi
tetembunge
memencut ati ujare kwalitas nomer siji
isih dikantheni
maneka janji
“mangga mbak, mangga mas,
rame-rame dadi lengganan aja kongsi
salah pilih
becik nyengkuyung kang
tan kendhat
bakul ngumbar pariwara
nadyan asring
dora sinamudana
kang nganggo
klambi abang kae blantik kewan
nora nyawang
esuk tan petung awan
swara ajeg
santak bengkerengan
“mangga kang, aja tansah sumelang
enggal gegancangan gelis dicancang
aja uwas iki wus tuwa kowel
pinter mancal prakosa nyrudhug”
o,tan terwaca
sangkan paran
blantik-blantik
padha dedreg udreg pasulayan
atmosfir tansaya
panas kemranyas
pasar-pasar
tambah regeng
jejel riyel
silih ungkih
tembung-tembung
lelamisan laku paekan
amor dadi siji
tan damang
mestuti sajuga lan sawiji
Bojonegoro
1996
Jaya Baya Nomer 13 Tanggal 24 Nopember 1996
Nono warnono :
WENGI ING POJOK HALTE
o, jebule aku dudu rembulan
kang kuwawa sumunar
memadhangi wengi petengmu
lan mendung angendanu
ah!!
aku pranyata uga datan banyu
kang kuwawa anjamasi
lebu-lebu njo atimu
lan langes pathing cloneh ing sapandurat
( aku mung bisa ngedonga kapan
padha mertobat
oncat papan maksiyat )
Bojonegoro, 1996
Djaka Lodang Nomor 22 Tahun 1996
Nono warnono :
TIKUS LAN KUCING
terwaca wus tansaya ngrebda
tikus-tikus lemu wulu-wulu alus
blusak-blusuk malbeng pedaringan
gawe maneka bolongan
sliman-slumun munggah mudhun lemari
makan
sesingi lan nyolong pindhang
wola-wali asring disaruwe
datan kapaelu!
nalika teka kucing mawa untu-untu
lincip
cakar-cakar landhep
ngoyak tikus nedya dikremus gusis
jebul mung padha laku sandhiwara
walaka
gandheng kunca kebak petungan
banjur adreng bancakan
Bojonegoro, 1996
Djaka Lodang No 30
1996
Nono Warnono :
SAMUNGGUHNA NGAURIP IKI
samungguhna
ngaurip iki panggung sanddhiwara
kadidene paraga
apa kang wus kuwawa kita ayahi
kanggo sesangu
kalamun wus titiwanci bali
nalika geber
pagelaran diringkesi
samungguhna
ngaurip iki pakeliran
apa wus damang
karsa-karsane dhalang
jer kita mung
paraga wayang
parikedah tuhu
mestuti jejibahan
kebak ing panglenggana
samungguhna
ngaurip iki rananggana
apa wus terwaca
malbeng bebarisan
apa wus sawega
ubaya mikul kesaguhan
dinuta menangake
paprangan
kadidene satriyatama
samungguhna
ngaurip iki pangumbaran
apa wus pepeg
ing sesangu bebadra
tumekeng lekas
jejangka karana
margane laku
yekti kebak pandadaran
rupa juglangan
lan sandhungan butuh kaprayitnan
samungguhna
ngaurip iki samodra
apa wus sawega
mapag ombak-ombak anjambak
uga watu karang
kesombongan
apa wus sumadya
lentera obek lan layar
tumuju biru
cakrawala
Bojonegoro
1996
Jaka Lodang No.18
Nono Warnono:
S E P I
ing pesisirmu
tinemu cuwilan cuwilan lelakon abang biru
dak jumputi siji
mbaka sajuga
noreh garit
geguritan
sirna sinempyok
alun wola wali
ing biru
malembak-lembakmu pranyata ana weninging kalbu
kinarya
lelambaran mobah mosiking jiwangga
tumuju gisiking
gegayuhan
ing suwalike
meneng antengmu
ing baweramu ana
ombak rasa pangrasa
nyempyok watu
karang kesombongan
cinipta
unthuk-unthuk panglenggana
seta sucining
sanubari
ing cakrawalamu
ana papan ati sumeleh
sumuyud rebah
pasrah manembah
marang garising
kodrat
Bojonegoro
1996
Jaya Baya Nomor 36 Tanggal 05 Mei 1996
Nono Warnono:
GURIT KANGGO ADHI
tartamtu bakal
dak temaha dhi,
sakabehing
pangatagmu nadyan malbeng
telenging
jalanidhi lak-laking naga karana
walaka
prasetyaku kapiadreng sabela
jro bebadra
tumekeng tanjebing langit panguripan
tartamtu bakal
dak pikukuhi sumpah kiyi
sabiyantu
nyolahake obek lan layar
nempuh bawera
samodra datan winates
ing peteng tanpa
lentera
tartamtu puguh dak jejampangi
ing
pangulandaramu mburu kasunyataning jejangka
kasaguhan kang mokal dak ulur bali
nadyan kudu
tumekeng biru langit lazuardi
aja sanggarunggi
dhi,
angin ambuncang
ombak anjambak mendhung mentiyung
kabeh piwulang
pepeling ngagesang
ing alam
sawegung
Baureno-
Bojonegoro 1996
Jaya Baya Nomor 37 Tanggal 12 Mei 1996
Nono Warnono:
MARANG SITARESMI
ing antaraning
abyor lintang
leledhang ing
padhang jagad gumelar
ing kene ginubel
kapang ngrantu sajuga paseban
lawas mung wujud
pangimpen
wengi iki yagene
tanpa esemmu kadya sekawit
apa srengenge
aweh panduwa tekamu kanthi sumunar
kuwi mung
butarepan mring kasulistyan jirih kasoran
jalaran akeh
kang kekiter wewuyungan
bumi iki isih
butuh sewu damar
madhangi
grumbul-grumbul
ngupadi
duratmaka sesingidan
Bojonegoro
1996
Jaya Baya Nomor 38 Tanggal 19 Mei 1996
Nono Warnono :
PRAUPAN-PRAUPAN AENG
Aneh ?! Ora !
pancen jaman
mangsa gumanti slaga
durjana sinubya subya kadidene
pahlawan
menangake patembayan
Aeng?! Ora !
ngaurip
akeh praupan-praupan pathing
caloneh
ireng njanges
gelis dipupur
Aneh?! Ora !
jaman
duratmaka limpat sesingidan
suwalike topeng-topeng kemunafikan
samara sinamun
Aneh?! Ora !
jaman kaliyer duweke wong slingkuh
nggegegi papan-papan lungguh
lan meja kursi kebak dluwang kolusi
samburine kori kinunci
Lumrah? Embuh !
jaman tansaya kaseser ulegan
simbah sengkut gawe ngengrengan mirunggan
bocah-bocah kudu nglenggana dadi
reca
dina-dina ngetung kasunyatan
ngrerujit ati
gilir-gumanti
Bojonegoro
1996
Mekar Sari No. 15 Tanggal 6 Juni 1996
Nono Warnono :
PERANG KANG SEJATI
perang ing ulegan jaman kang wus
ninggal laku memitran
nora kudu manggul maneka gegaman
uga datan ngungalake kasudibyan
priyangga
suprandene kang sayekti kuwawa
meper napsu
suthik ing laku dudu
perang ing bebrayan yayah magut
rananggana bawera
nora ngerigake wadya bala
pirang-pirang bregada
uga datan bleger pidegsa gagah prakosa
marma kang wigati tansah mestuti
laku kadarman
nut ugeran jro dhadhane
sowing-sowang
perang ing ngaurip werit kelangan
keblat
nora ulah paekan arebut kalodhangan
jer iki papan patembayan sumawana
pandadaran
kridha satriyatama kang dinuta
ngemban sesanggeman
memayu hayuning bawana
PSJB
1996
Mekar
Sari Nomor 30 Tanggal 19 September 1996
Nono Warnono :
SWARA-SWARA JANGKRIK
nadyan wiwitane mung pathing
gremet-gremet mumet -mumet
luru kamardikan nywamake lagu-lagu
kaadilan
nalika tangan-tangan prakosa ajeg
ngrudapeksa
terus pathing klesik wiwit adreng
rembugan
ngrebut kalodhangan
wengi iki jangkrik-jangkrik wiwit
mekrok elare
pathing pletik gelis ngerik
elik-elik
nggungah sing lagi angler turu ing
nduwur kursi
kareben ngrungu swara-swara panduwa
swara-swara tangis lan sesambat tan
kendhat
rikala ngerik bebarenagn gunarudug
bebarisan
swarane nyogrok kuping nggeterake
dhadha kuwawa
ngrebut kawigatan
banjur sepi nalika tumekane tapak
sepatu midak
pathing bleber pathing bilulung
padha mlayu sesingidan luru
keslametan sowang-sowang
Baureno
Bojonegoro, 1995*
Mekar Sari Nomor 39 Tanggal 22 Nopember 1996
Nono Warnono:
TANSAYA CEDHAK
tansaya cedhak laku gelis ginelak
dalan-dalan wus nora tepung tembung
memitran
kapiadreng arebut kalodhangan mewa
leksan paekan
gurung garing jiwa ngelak rinasa
galak
swara santak yayah buta luru
bekakak
tansaya cedhak laku gelis ginelak
ngambah dalan sidhatan ngumbar
tembung lelamisan
nora mulat lampu rambu
rodha gumerit ngoyak sedya mangalat
jro dhadha
tan kendhat laku kebat tumekeng
panggonan
tansaya cedhak laku gelis ginelak
panyawang wus nora damang marang
kahanan
maneka warna gumanti samar tan
prabeda
ijo kuning apa rekta
ngendi lumaku kapan kudu leren
cinandhet
tansaya cedhak laku gelis ginelak
becik tansah eling klawan waspada
mobah-mosiking kanyatan
jro ngaurip cakra manggilingan kudu
puguh gegondhelan
ugeran iman laku kadarman
memayu raharjaning sasama
Bojonegoro PSJB
1996
Nono Warnono:
GURIT KANGGO SUMITRA
sing mawa dhasi kuwi kanca tani
sawah tegale bawera garu-lukune ing
jero laci
tetandurane nora mesthi rupa jagung
lan pari
kuwi modhel petani jaman saiki
tamtu kowe wus dhamang werdine
sing menganggo seragam uniform kuwi
calak
gegamane dudu gunting
cukup kertas lan mangsi
sing disunat njingkat kebak
sesambat
ati perih nora mekakat
sing nyangking tas kuwi tukang
sulap
pirantine paekan
lan tembung-tembung lelamisan
sawah-sawah gelis owah dadi gedhung
sudhul ngawiyat
sing gagah mawa gegaman kuwi memedi
metune nora mesthi ing wayah wengi
ngoyak semut-semut nakal ajeg
munggah kursi
mbungkem swara-swara blero
yen nana sing takon sapa sejatine
aku
blakithi!!!
Bojonegoro 1996
Djaka Lodang No.16
Nono Warnono:
MARANG-MU
kapiadreng dak tulis asma-Mu
ing gisik kalbu
wola-wali sinempyok ombak kesombongan
makaping-kaping dak sungging
asma-Mu
jro kanvas nurani
wola-wali tinutup lebu kemunafikan
binarung mobah–mosiking jaman
Bojonegoro
1996
Nono Warnono
KASUNYATAN IKI
yagene gelis kemba
swara-swara wus datan ginape
kori lan koridor ajeg tinutup
kinunci
kamardikan rinudapeksa
kalodhangan wus kapaeka
ing ngaurip cakra manggilingan
kabeh kang lumaku nisbi datan
absolute
tan mokal sasana lan swasana kuwawa
rinebut
yagene kuciwa marang kinaceking
jejangka lan kanyatan
nalika ancasing laku cabar
gagar wigar
cinidra duratmaka sinamudana
bacingah-bacingah ngaglah adreng
angrayah
becik pasrah sumarah
rebah manembah gedhe ing pamuji
muhung tumuju mring gusti kang Maha
Mirah
Bojonegoro, 1996
Nono
Warnono :
MARANG LAKU BEBADRA
nadyan
wola-wali ati keli jero ulegan lekas kebak angkas
dalasan rasa dedreg udreg laku pangangsa arebut
mangsa
yekti
isih wigati tansah disranteni mawa tali kendhali
marma
kamardikaning jiwangga
prabeda
kambi sato kang cengkah mring subasita
urip
kanggo mangan datan mangan kanggo urip-
nadyan mripat kinarya mulat mobah mosiking
kanyatan
dalasan panuntun sakabehing tandang grayang
suprandene kudu tinuntun mripat kang sajuga
yeku
maniking kalbu pandam pandoming laku
jro ngaurip kang tansaya amblerengi
nadyan
suku kanggo lumaku tumuju ancasing sedya
dalasan
srana panyengkuyung kasembadaning ati kumbara
paradene
kudu kakanthi teteken kareben tekan
mestuti
linambaran dhawuh pangeran kang tamtu datan samar
mokal
kalamun dudu lan sasar
nadyan urip ngrantu tekane pepesthi
dalasan
aja kongsi hamung tumancep pasrah nora
jumangkah
jer gusti Kang Akarya jagad nora ngowahi
nasib sawiji titah
kalamun datan priyangga kang adreng
ambudidaya
Bojonegoro,1996
Nono Warnono:
P I W E L I N G
panduwa keteg pandom jam wola wali
kanthi pepeling dumeling rikala
mrangguli
ati kemba lan rasa jinja
ketaman perih kinodrat jro
kacintrakan
kamangka dina-dina isih kasdu mapag
srengenge sumambirat padhang
kasunyatan
lan jro kalender cumanthel tembok
kesombongan
dina lan angka angka silih ungkih
rinenggeng gambar maneka warna
tansah mobah mosik katiyup ing
samirana
Bojonegoro
1996
Djaka
Lodang No 44

Tidak ada komentar:
Posting Komentar