ATUR PAMBAGYA
Kadidene komunitas sastra kang ajeg ngleluri warisan aji tuwin mekaraken basa sastra
Jawi, Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) gadhah jejibahan ngimpun karya
para pengurus sarta anggota
ingkang kababar dados buku. Ada- ada kalawau ing pangajab saget dados
“wadhah bawa rasa” lumantar karya, ugi kinarya titikan bilih para warga PSJB maksih
kersa marsudi sastra Jawi kanthi prodhuktif ngasilaken karya.
Buku Kembang
Setaman PSJB 2025 kanthi iraha-irahan “Kembang
Panguripan” menika awujud
antologi sesarengan, ingkang kaimpun saking maneka genre. Wiwit geguritan, crita cekak, crita anak
tumekeng artikel. Telulikur panyerat pengpengan sampun ngintun karya pinilih
ingkang tumunten dados dokumen mirunggan. Ndadosaken kawuningan bilih
lintunipun antologi sesarengan, warga PSJB ugi ajeg mbabar buku-buku karya tunggal.
Saderengipun,
sanggar PSJB sampun mbabar antologi sesarengan
kadosdene: Bojonegoro Ing Gurit wujud kumpulan
geguritan terbit taun 2006, Blangkon antologi crita cekak terbit
taun 2006, Tunggak Jarak Mrajak sekar setaman crita cekak kababar warsa 2010, Lingkar Jati ingkang kaimpun wujud crita
cekak/cerita pendek miwah geguritan/puisi cetakan
taun 2015, Kembang Setaman PSJB 2018 wujud antologi crita cekak tuwin geguritan, buku Udhu Klungsu terbit taun 2020, kumpulan
geguritan, crita cekak, crita misteri lan
parikan, Kembang Setaman PSJB Rajapati taun 2021 antologi gurit lan cerkak, sarta Lelakon kumpulan cerkak lan gurit taun 2022.
Karya-karya ingkang kapacak salebeting Kembang Setaman PSJB 2025 menika sampun ngliwati proses kurasi
dening kurator piniji.
Bombonging manah bilih terbitan antologi taun 2025 menika sampun ketrocoban para pengarang mudha tumaruna ingkang
kintun karya. Minangka
wujud regenerasi
amrihing basa
sumawana sastra Jawi gesang lestari,
mboten kontal kadheseg jaman digital.
Gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng sedaya pangripta awit
sampun kersa nglejaraken penggalih miwah nglonggaraken wekdal. Umiring
pangajab, karya-karya sastra sarwendah salebeting buku ingkang kababar, kuwawi
dados japamantra miwah umbul donga amrihipun PSJB lestari widada.
Nuwun
Bojonegoro, 2 Desember 2025 Sanggar Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB)
MUNG SADERMA ANGKA................................................................... 10
GEGURITAN: NGUDHAL
RASA, NGUKIR BASA.................... 15
GURIT UMBAH UMBAH.......................................................................... 22
KACA PANGILON KANG MRATAK............................................... 27
TEMBANG PANGURIPAN........................................................................ 40
AJABING PARA PETANEN...................................................................... 48
PEDHUT NGLANGUT................................................................................. 49
NYUCUP HAJAR ASWAD...................................................................... 52
KAWARAN PANGONAN........................................................................ 58
NGLURU SEPUR MBURU UMUR......................................................... 59
TUMENGA ING GUSTI............................................................................. 67
MYADHONG BERKAH............................................................................. 68


Tidak ada komentar:
Posting Komentar