Sabtu, 28 Februari 2026

 


NONO WARNONO

 

Pengarang sing jeneng asline Suwarno, S.Pd.MM.iki, lair ing tlatah Baureno-Bojonegoro tanggal 14 Juli 1964. Wis seneng nulis nalika isih lungguh ing bangku Sekolah pendidikan Guru ( SPG ) tahun 1982. Asline penulis basa Indonesia. Lelumban ing jagading sastra jawa wiwit nggabung dadi anggota Pamarsudi Sastra Jawa (PSJB). Karya-karyane arupa geguritan,,cerkak, wacan bocah, cerita misteri lan reportase sumebar ing majala-majalah basa jawa.

Tulisan-tulisane wujud baha Indonesia cerpen,puisi lan opini asring kaemot ing Suara Merdeka, Simponi, Karya Dharma, Mimbar Agama, lan liya liyane.

Karya-karyane non fiksi antara liya Panduan Untuk Pembina Pramuka (1988), Evaluasi Belajar Sekolah Dasar(1989), Politik Indonesia Modern (1999), Politik Hukum (1999).

“Tes…..” (1997) tulisan kang  wujut antologi sastra jawa kang ditulis bebarengan karo pengarang-pengarang jawa ing Jawa Timur, diterbitake Taman Buday Propinsi Jawa Timur uga ana antologi kang ditulis bebarengan karo sastrawan PSJB, yaiku “Bojonegoro Ing Gurit” (2006) wujud geguritan lan “Blangkon” (2006) wujud crita cekak.

Nate Juara I Guru Teladan Jawa Timur tahun 1998 kanthi makalah “Revitalisasi Nilai Budi Pekerti Bahasa, Sastra dan Budaya Jawa”.Kajaba dadi Kepala Sekolah, pengajar pawiyatan luhur swasta ing Bojonegoro lan Lamongan uga dadi Panatacara (MC)



Nono Warnono:

 

KUSIR  TUWA  ING  NDHUWUR  KRETA

 

Jaran nurut kapecut ndhegar-ndhegar

lis sinendhal ginelak playune yayah kitiran

krenggosan

ngampet tajeme krikil-krikil ratan

saka koplakan siji marang koplakan liyane ngono sateruse

(Jaran: telekkuk kanggo cacadan turut dalan

            Ah! kringetku kanggo bancaan

jinantra rodha kreta gumerit sesambat dawa

sing nunggang buta-buta

lan duratmaka sinamudana

liwat kutha lumebu desa ngadesa

mbentus watu nerak juglangan

(Kreta: ing gelis rodhaku ana pangupa jiwa)

 

Kang Kusir

lungguhane kreta tansaya empuk kena kanggo ngantuk

wegah mudhun nganti pikun

anak putu ngantu-antu kalodhangan

ah! mokal kasembadan

(: dak anti apa kang bakal dumadi yen jaran wus padha mbalela)

 

Kang Kusir,

iki kreta kraton

dudu lungsuran kreta warisan

nora kanggo kroyokan

                                                Pasinan-Baureno Bjn 1993

 

Jaya Baya No 32 Tanggal 11 April 1993

 

 

 

Nono Warnono:

 

SEMUT – SEMUT

 

semut-semut

gumremet mumet-mumet

ngalor ngidul

ngetan ngulon

golek pangan

munggah mudhun

golek dalan kaadilan

 

semut-semut

munggah meja

munggah kursi

nyakot sikil mlebu kuping

sinampe katampel

ceblok kapidak siji mbaka sajuga

mati gilir gumanti

 

                                                Ngemplak-Baureno Bojonegoro 1993

 

Jaya Baya Nomer  09 Tanggal  31 Okteber 1993

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

MARANG ANAKKU

 

anakku cah ayu

srengenge sore iki saya adoh gumlewang tumedhak cakrawala

remeng-remeng langit tumiyung

binarung kabeh wewayangan kang sirna

kapiadreng ambujung saleksa sedya

hamestuti jatining urip kebak arti

 

anakku cah ayu,

banjur dalan iki dadi peteng parandene tapak sikil

kudu tetep lumaku

ngupadi sesangu kanggo bebadramu

kareben nora koundamana jroning kuburku

dene lamun kinacek panjangka lan kasunyatan

panglengganamu banget wigati

 

anakku cah ayu,

laju jantra ngaurip ngono tan luput ing juglangan

lan maneka sandhungan

akeh plesedan datan sethithik maneka pandadaran

kudu linakonan kanthi sumarah jejer khalifah

 

anakku cah ayu,

yagene kabuncang angin wetan kulon

kordhen atimu mobah mosik

kembang-kembang arum kang kok regem wus padha ceblok

aking jro pawuhan

ah! atimu kajuwing-juwing

 

 

 

 

 

 

anakku cah ayu,

wis cep menenga

usapen eluh dumlewermu ing dhadhane ibu

kareben tangis sesenggukanmu rinungu telenging kalbu

rangkulen! ruketen!

bebarengan nyungging esem marang kodrat kang wus tumoreh

kita pancen datan kuwawa suwala

 

                                                            Bojonegoro 1993

Jaya baya No 08 Tanggal  24 Oktober 1993

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono :

 

TIKUS-TIKUS

 

tikus-tikus wus lumebu pedaringan

mangan beras kinuras

banjur nggawe bolongan gedhe

beras-beras kinuras amblas

 

yagene lagi kadenangan

ing pedaringan wus akeh sing kelangan

apa tikus-tikus iku ingon-ingonan

umpama dithuthuk

wedi marang bendarane

 

tikus-tikus lemu

saya alus wulune

diupakara di elus-elus

nadyan ngrusak sawah lan pategalan

ngrusak lumbung lan pedaringan.

 

                                           Baureno-Bojonegoro’94.*

 

Panjebar Semangat No. 01 Tanggal 07 Januari 1995

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

T I N A R B U K A

 

swara gendhing nganyut-anyut

mahanani swasana

wiwit poncot desa tumekeng praja

ngusadani wuru ratu

nadyan sayekti mendem dahuru

kang during kawetu

wirama gendhing nganyut-anyut dawa

amblenggu dhadha

jiniwit rasa sayekti ana

pancakara

antaraning blaka lan samudana

banjur kawijil swasana blero

kasunyatan kang datan kinira

 

dhog! dhog! dhog!

dhalang nyempala kothak

gendhing banjur suwuk

rinayuk! rinayuk!

tinutup rapet !

pet!

 

                                                                                    Baureno-Bojonegoro 1993

 

Jaya Baya Nomor 30 Tanggal 27 Maret 1994

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono :

 

ING  NGAREP  KORIDOR

 

wengakna!

wengakna!

wengakna!

wengakna sing amba kareben

kabeh cetha lan terwaca

( clathune bocah cemlewo ngrudhapeksa )

 

aja, ya, cah bagus!

mengko simbah masuk angin

ing samburimu akeh duratmaka sinamudana

akeh bekasakan sluman slumun blusak blusuk

kowe kena lumebu nadyan mung samadya

 

(:pangrimuke wong aris sing melu trenyuh )

 

datan nglenggana malah dadi gendra

swara santak gelis dibungkem

tangan-tangan kablenggu

bocah-bocah cumlewo mlebu senthong

siji mbaka siji

sepa-sepi!

sepi!

                                                                        Bojonegoro 1994

 

Jaya Baya Nomor 30 Tanggal 27 Maret 1994

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono

 

NALIKA SANDHAL JEPIT PEDHOT

 

jethat-jethit!

jethat-jethit!

jethat-jethit!

swara-swara ajeg wola wali

embuh pisambat embuh panjerit

isih sinengkeran datan kawedhar

isih winadi during kabiwarakake

sing wus cetha ana tambuhing kasetyan

datan suwala nadyan ing ngisor dlamakan

jethat-jethit!

jethat-jethit!

swara ajeg wola-wali

embuh guyu embuh tangis

during cetha during cetha

kang terwaca pasuwitan

kebak saleksa pangurbanan

jethat-jethit!

swara sigra sinigeg karana

pedhot- pedhot

binuwang semprung jro pawuhan

tanpa makna tanpa piguna

banjur sapa sing arep nangisi?

banjur sapa sing nedya aweh pakurmatan?

kabeh-kabeh wus datan maelu…

                                                            Baureno-Bojonegoro 1994

 

Jaya Baya Nomor 42 Tanggal 19 Juni 1994

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

MARANG KANCAKU

 

Banyu,

saiba mulyane saumpama manungsa nulad kartimu

saka pucuk lan lengkehing gunung

tansah tumuju tataran ngisor

warta ing biru samodra

gumelar tanpa winates

kinuras tan bakal asat

 

darmamu mring sasama

masuh ing sawarna rereged

paring ngombe marang kang ngelak

paring udan marang wit-wit aking

nelesi lemah-lemah garing

lakonmu kebak pandadaran

mili nurut kali nasak alas milang karang padesan

mangkono terus tumeka sungapan

 

Banyu,

yagene banjur ngatonake kaprakosanmu

gumulung ombak nggegirisi

ngrabasa banjir bandhang

akeh tangis tawang-tawang

rekasane urip tambah panandhang

 

                                                Baureno-Bojonegoro 1993

 

Jaya Baya No 30 Tanggal 28 Maret 1993

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

P  R  E  M  A  T  U  R

 

lan nalika orgasme kuwi lumaku

kori wus tinarbuka amba gelis jugar

kinupeng bacingah-bacingah sangar

swara-swara nggegirisi

geter pater !

sinigeg !

 

nadyan siningid kapiadreng maujud

embrio-embrio kinandhut

sru anggrawuk-nggrawuk

 rosa amancal-mancal

nedya gelis linairake

ambalela !

 

banjur kaprekes

kaplenet prakosa

nedya suwala

cenger! cenger!

njur cep klakep

sepi !

sinigeg !

 

                                                            Baureno-Bojonegoro 1994

 

Panjebar Semangat Nomor 29 Tanggal 22 Juli 1995

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono

 

S E D Y A

 

lan nalika angin santer tumiyup yagene

sliramu kapiadreng menek wit klapa ngoyak mega

nyempal janur banjur

rinantam nggo rerenggan lan pepaesan

banjur sinawang asri kawuryan

 

lan nalika glugu tansaya lunyu yagene

tansaya mencit dhuwur anggonmu memenek

nyendhal rosa degan nadyan kasunyatan

duduh seger kang ginantha-gantha

 

lan nalika srengenge wus angslup surup yagene

sliramu durung bisa nglenggana marang apa kang wus

tinampa banjur

keplorod babak belur nembe kok tangisi

badan sakojur karana kurang syukur

apa kang wus sumawur saka

kang Maha Luhur

                                                Bojonegoro, Mei 1994

 

Jaya Baya 1994

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

K A N V A S 

 

yagene kanvas-kanvas ing ngarepku

kebak maneka warna gambar-gambar gegaman pathing crangap

kinarya ngilekake marus

kebak maneka warna gambar-gambar bedhil lan mimis

kanggo nguntabake playune saleksa nyawa

 

yagene kanvas-kanvas ing ngarepku

padha digambari mawa abang ludira

kanthi pigura bathang-bathang

illustrasi omonge wong-wong mlempus

kebak paekan julig munafik

 

yagene kanvas-kanvas ing ngarepku

nora padha digambari rembulan

purnama amadhangi telenging ratri

ditulisi geguritan kanggo sesangu turu

mapag endahing pangimpen

 

ah! yagene aku kumawani nyenyaruwe

kamangka durung kuwawa ambedakake abang lan biru

durung damang kalamun papan iki rananggana

arebut sasana lan swasana

ing sandhuwure kanvas-kanvas abang amelerah

 

                                                            Baureno-Bojonegoro 1995

Panjebar Semangat Nomor 14 Tanggal 08 April 1995

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

MARANG SIMBAH

 

gelis tepungna aku kambi watu karang kae simbah

kang tansah kukuh bakuh tumancep

wola wali kasempyok ombak-ombak anjambak

mawantu-wantu tinempuh angin prakosa

samadyaning samodra tanpa winates

 

gelis tepungna aku kambi segara biru kae simbah

kang jembar anteng antaraning langit tumiyung

malembak-lembak tumeka garis cakrawala

tartamtu jero datan buthek nadyan kinebur

mokal asat nadyan kinuras

 

gelis tepungna aku kambi rembulan purnamasidi kae simbah

tansah tresna sumunar ing biru langit lazuardi

terus lumaku antaraning mega-mega akasa

adreng tumeka jaladri jaladara

kadidene lentera bebadra

 

gelis tepungna aku kambi betharakala sinamudana kae simbah

kang cluthak asring nglethak lan nglangga ludira

kang ngaglah ing ngendi-endi papan panggonan

dak nyoba aweh panantang nadyan kasunyatan kapracondhang

 

gelis wulangana aku simbah

kapan nangis

kapan gumuyu

kapan nangis lan gumuyu

                                                                        Baureno-Bojonegoro 1995

Jaya Baya Nomor 36 Tanggal 07 Mei 1995

 

 

 

Nono Warnono:

 

ARANANA  AKU

 

yagene aku dinakwa minangka sawijining bajingan

blusak blusuk mlebu metu kori anjarah padaringan

blusak blusuk mlebu metu alas ngeloni gumuk

ngremusi wit-wit jati nggegemi watu-watu kali

sluman slumun mider real estate ngesaki semen

nyuwil maesan-maesan kuburan

nyuwil bendhungan lan jembatan

 

yagene aku dinakwa duratmaka

ngrayuki gabah-gabah sawah

muluki sega ndhuwur meja parandene

aku hamung papa sudra walaka

luru upa-upa keceran

saka pawongan kang lagi adreng bancaan

 

dhuh Gusti!

ngendi jejeging adil !

 

                                                            Baureno Bojonegoro 1995

 

Jaya Baya Nomor 37 Tanggal 14 Mei 1995

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

NALIKA  KUDU  JUMANGKAH

 

kelonana aku ibu,

nalika swara bence ngganter tengah wengi

kareben kembang-kembang arum

kang tansah dak regem kenceng

datan sirna kang tansah jinangka

 

rangkulen aku ibu,

nalika angin kulon santer tumuju

kareben tetep dak rungu keteg jantungmu

tansah dak rasa lirih nafasmu

kinarya ngreksa kordhen ati kareben

nora mobah mosik tinarbuka

 

ruketen aku ibu,

nalika gelap sru mendhung angendhanu

nalika buta-buta aswara santak

sangar arsa anglethak

kareben urip iki tatag

datan sanggarunggi

 

                                                Bojonegoro 1995

 

Panjebar Semangat Nomor 29 Tanggal 22 Juli 1995

 

 

 

 

 

 

 

 

Nono Warnono:

 

ING  ETALASE

 

pancen aeng yen etalase iki renenggeng cindhil-cindhil

aganda amis gumremet mumet-mumet

kinunjara kareben nora munggah-munggah meja

            : kapiadreng lumaris datan kuwawa suwala

            rahina ratri kapang kamardhikan

            ngalor ngidul ngetan ngulon jejogedan

 

pancen aeng yen etalase iki rinenggeng piyik

during kongang nyucuk-nyucuk

during kuwawa mabur ngawiyat

wus kinunjara kebak pangrudhapeksa

kareben nora ngganggu simbah nembe suka parisuka

            : kapiadreng mabur pinencokan ing pang-pang jati

nywarakake lagu kamardhikan

mokal kasembadan

 

pancen aeng yen etalase iki rinenggeng asu lan kucing

banjur pancakara !

banjur pancakara !!

kang adu-adu sorak kalegan

mesem kebak petungan

 

ah !

etalase kebak paekan

butuh wadal !

butuh tumbal !

                                                                        PSJB Bojonegoro 1995

Jaya Baya Nomor 44 Tanggal 02 Juli 1995

 

 



Tidak ada komentar:

Posting Komentar