Minggu, 09 Februari 2025

PURWAKA

 

Kembang setaman buku “Langgam Panguripan” punika terbit kadidene ikhtiar ndherek ngleluri basa lan sastra Jawi minangka warisan aji. Ngiras ngupaya dokumentasi literasi, amrihipun karya sastra ingkang sumebar ing maneka media mboten ical tanpa tilas. Crita cekak salebeting buku menika saperangan sampun nate kapacak ing kalawarti basa Jawi lan koran lokal.

Ingkang prabeda kaliyan karya-karya crita cekak kula saderengipun, ing antologi “Langgam Panguripan” wonten crita cekak ingkang ngginakaken dialek Bojonegaran kanthi irah-irahan “Gaplek Pringkilan”, selajengipun wonten ingkang kaserat mawi basa Jawi  krama inggil lumantar judhul “ Pahargyan Mirunggan”. Sanesipun wonten ugi crita cekak misteri kanthi irah-irahan “Wadon Rai Getih”, “Jisim Nyalawadi”, lan “Wong Abang”.

Antologi “Langgam Panguripan” ngemot maneka crita manungsa kadidene makhluk sosial (homo socius), ingkang datan uwal saking maneka problematika samadyaning dinamika panguripan cakramanggilingan. Enggak-enggoking masalah saking perspektif sosial budaya, ekonomi  politik tumekeng ruwet renteging asmara dados kacabenggala gesang tembayatan.

Saengga kumpulan crita cekak ingkang sinugata ing ngarsanipun para pandhemen sastra Jawi menika mboten namung khayalan lan lamunan kewala. Datan kaserat saking ruang kosong, ananging brangkat saking potret kasunyatan ing samadyaning bebrayan agung. Ngombyongi pemanggihipun kritikus sastra Prof. Andreas Teeuw: “Bahwa karya sastra itu berangkat dari kenyataan”.

Tumunten saran sarta panyeda saking pamaos tansah kula antu-antu kadidene pamecut, amrih saged ngindhakaken wawasan saha istiqamah nglestantunaken basa susastra Jawi. Mboten katalompen ngaturaken gunging panuwun dhumateng rakamas Narko “Sodrun” Budiman pangarsa Sanggrar Triwida  ingkang kersa paring pangiring, sedherek Ekwanto Pujo Purnomo pangrengga gambar samak. Ugi matur nuwun tanpa pepindhan katur rama JFX.Hoery, Pangarsa Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) ingkang mboten kendhat paring panjurung.

 Umiring pandonga, mugya buku kumpulan crita cekak menika  saget piguna lan tumanja ing madyaning bebrayan.  Aamiin.

                                                                        Bojonegoro,  Maret 2023

                                                                                    Penulis


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar