Minggu, 09 Februari 2025


 

DAFTAR  ISI

 

 

 

Halaman

1.

Kopi Pait……………………………………………………………………

1

2.

Helm…………………………………………………………………………

8

3.

Sarampunge Wisuda……………………………………………………..

17

4.

Amplop………………………………………………………………………

24

5.

Tikus…………………………………………………………………………

33

6.

Santhet………………………………………………………………………

40

7.

Wisa………………………………………………………………………….

47

8.

Anak Telu……………………………………………………………………

53

9.

Meja Kursi…………………………………………………………………...

61

10.

Sambel………………………………………………………………………

67

11.

Stempel……………………………………………………………………..

73

12.

Botoh………………………………………………………………………..

80

13.

Mulih………………………………………………………………………..

86

14.

Kompor……………………………………………………………………..

94

15.

Glathi………………………………………………………………………..

100

16.

Tumus………………………………………………………………………..

107

17.

Panggung Panguripan…………………………………………………….

114

 

Biodata Pengarang

 



KOPI PAIT

 

 

Isih sore Tarmuji wis lungguh jigang ngadhep wedang kopi racikane Raminten. Omongan nrecel nganti bakule kuwalahan nadhahi. Sing diajak caturan mung trima manthuk-manthuk nglegani. Pisan pindho nyawatake esem manis mbalang liring sing bisa ndadekake ati gonjing. Nyruput wedang kopi racikane Raminten kaya wis dadi sawijining kewajiban kanggone Tarmuji. Wis kadhung nyandhu. Sedina yen durung kambon wedang kopi klangenane, lungguh ing omah krasa ora jenak. Dipeksa mapan turu meksa ora bias ngeremake mripat. Terus klisikan. Pikiran gedabigan. Ati Poyang payingan.

Pancen ora mung Tarmuji sing nyandhu wedang kopi racikane Raminten. Racakae kabeh sing wis tau ngrasakake padha rerasan aweh pangalembana. Akeh sing ketagihan. Ora aneh yen saben bengi tansah jejel-riyel langganane. Ora ketang mung ngadhep wedang kopi sacingkir ngobrol nganti tengah wengi.

Jenenge tangga lumrah yen njur padha rerasan yen wedang kopine Raminten wis diwenehi aji penglarisan. Dikutugi japa mantra pengasihan. Uga maneka gunem pandakwa sing tlonjonge rerasan miring ora kepenak yen dirungokake kuping. Apa maneh kanggone tangga sing dhasar wis  kanggonan rasa ora seneng. Underane rembug malih ngambra-ambra dadi pitnah kedawa-dawa.

Tarmuji ora bisa mangsuli pitakoning batin. Yagene malih kedanan  karo wedang kopine Raminten. Kamangka yen dipikir rasane ya  ora beda kambi kopi

sing ndhisik ajeg diombe ing warung cedhak pasar sapi. Apa krana eseme bakule? Apa jalaran lirikane sing bias gawe getering jantung? Tarmuji wis ora damang. Sing terwaca katon pathing sliwer ing mripate mung gegambarane Raminten.

Sore kuwi Tarmuji antuk kalodhangan anyar sing ndadekake praupane tambah sumringah. Keconggah guyon gegojegan bebas tanpa pamenggake Rusmijan bojone Raminten. Kepara malah bisa nyembranani. Wola-wali njiwit lengen. Sing disembranani nyatane ora kabotan. Malah tiba kebeneran.

“Piye,Kang. Pasare sapi rame. Kok praupane sampeyan katon padhang terus?”

“Lumayan,Ten. Kena kanggo golek tamba kangen. Bisa nggo ndhuwiti wedang secangkir.”

“Kok kaya ra ngerti ae,Ten. Sapa maneh lakone pasar sapi yen ora pak raden.” panyelane Kusmiyanto sing lungguh sisih kiwa. Pak Raden ngono pancen julukane Tarmuji, jalaran brengose gedhe sak kepel.

Oleh pangalembana ngono Tarmuji tansaya katon rasa gumedhene. Kerep manthuk-manthuk karo elus-elus mlintir brengos.

“Ngati-ati lho,Kang. Saiki akeh maling sapi padha gentayangan. Sampeyan kudu waspada. Yen nganti kepanggonan barang colongan malah katut ngetan-ngulon dadi urusan.” sumambunge Raminten sinambi laden kopi kanggo Masirun sing lagi teka lungguh.

“Kandhane sapa,Ten. Aku kok lagi krungu tembungmu mau.Apa bener.

 

Yen nganti ana tenan aku pengin ngerti menungsane!”

“Iki tenan lho,Kang. Saiki pancen lagi akeh maling sapi.”

“Ngapa angel-angel nyolong sapi tengah wengi. Rak mayar nyolong bakul kopi.” tembunge Tarmuji sembrana. Raminten katon mbesengut. Mripate mlerok banjur mecucu. Nanging kanggone Tarmuji malah katon ayu. Malah ndadekake gemes kepengin ngruwes.

Sisihane Tarmuji sing rumangsa kesisih kerep nyaruwe. Elik-elik anggone sregep saba warung nganti ora metung wayah. Tarmuji ora tau nggape. Kabeh dianggep angin lewat. Mlebu kuping kiwa metu kuping tengen.

Kopine Raminten pancen duwe rasa mligi. Apa maneh eseme, njalari ati mobah mosik. Anggone kedanan tansaya angel dipambengi. Kabeh wong sing tau saba warung uga wis padha ngerti yen dheweke lagi rada mambu ati karo bakul wedang kopi. Mula ora ana maneh sing nyoba-nyoba mbebeda apamaneh nyembranani.

Tarmuji malih kaya dermawan anyaran. Dhuwite pyah-pyoh gampang ceblok kanggo tombok sing ana warung. Akeh sing ketiban rejeki nomplok. Ngombe kopi gratis tanpa cucul dhuwit. Luwih-luwih angger dialembana, kabeh kopi jajane wong sak warung dibayari.

“Pira,Ten? pitakone sinambi bukak dhompet. Pamer dhuwit gambar cengkeh lan pak Harto mesem.

“Apa ae,Kang?”

“Ya etungen kabeh. Aku tambah gedhang goreng siji karo kacang asin.”

 

“Lik Masirun apa?”

“Kopi tambah bentul biru salencer.”

“Lik,Mus?”

“Ra tambah,Ten.”

Raminten terus iwut olehe ngetung. Tarmuji nuli cucul dhuwit ing ngarep bakul wedang kopi sing katon isih seger nadyan wis umur.

“Gedhe men,Kang. Ra na susuke.”

“Ra sah susuk,Ten. Nggonen tambah kulakan nyang pasar kareben tambah jangkep dodolanmu.”
            “Akeh banget,Kang?”

“Ra apa-apa. Anggere kowe ngerti ae,”

“Ah! Sampeyan ki ana-ana wae,Kang.” ngmong ngono Raminten sinambi mbalang liring lan esem ngujiwat.Tingkah polahe digawe kenes.

Nemu kalodhangan lan kahanan nyenengake, ndadekake Tarmuji lali purwa duksina. Rumangsane wis dadi wong lanang sejati. Anggone mbebeda bojone liyan ora ana sing ngalang-alangi. Wola-wali mlintir brengos nebah dhadha. Atine sing bombong malih kaya sagunung anakan gedhene. Sing wadon wis ora wani srengen kaya adat saben. Sutinah malah malik grembyang. Ngerti sing lanang arang saba omah malah tansaya thukul ngrembaka gematine. Ora nggresah nadyan nganti tengah wengi kudu njaga lawang.

“Kok durung turu,Nah?” cluluke sawise lawang dibukak.

“Cegah turu sithik,Kang. Kabare sak iki akeh maling blusak- blusuk

 

nyatroni kandhang sapi.”

“Kandhane sapa? Aku pengin ngerti menungsane sing wani nyolong ingon-ingonku. Ora kecekel ngenggon sida tak benjuti endhase ing pasar sapi.” Pangancame Tarmuji rada sora terus mak jleg lungguh kursi.

“Iki kok ana tegesan rokok klobot ing ngisor meja,Nah? pitakone Tarmuji ndadekake sing wadon njola kaget.

“Mm…mau bapak sambang mrene,Kang.”

“Ra kok udhegne kopi pa?

“Gulane ra ana Kang. Tur bapak ya mung sedhela nggone lungguh. Terus bali mulih,” wangsulane Sutinah dora.

“Ngapa mrene bengi-bengi?”

“Tilik,Kang.”

Wengi tansaya tuwa rinuket sepi. Pucuk gegodhongan padha goreh ngrantu rembulan ing biru langit lazuardi. Ora krasa Sutinah wis ngeremake mripat mecaki alam pangimpen. Tarmuji pijer lungguh lenger-lenger ngenam pangentha. Keplase pengangen-angen ketanggor ing warung kopi.

Minggu bengi udan riwis-riwis nggawa hawa atis. Tarmuji mlaku gegancangan setengah mlayu. Sirahe dikemuli sarung amrih ora ketiban banyu udan. Antarane omah lan warung kopi pancen ora ana satus meter. Mula tekan warung ora nganti klebus.

Tekan warung terus mlangkring ing ndhuwur kursi. Tanpa diaba Raminten wis dhamang karepe. Nuli racik wedang kopi senengane sing lagi lungguh.

 

“Sepi,Ten.”

“Iya,Kang. Lha udane nggrejih terus ngene,”

“Bojomu kok ora katon?”

“Ngapa,Kang?”

“Adate melu rewang-rewang,”

“Mau lagi mulih ngeloni anake,”

“Udan-udan ngene mesthine enak ngeloni liyane,”

“Kaya nganten anyar ae,Kang.”

“Yen nganten lawas pa ra perlu anget-angetan.” tembunge Tarmuji nyrempet-nyrempet kurang ajar. Mripate nyawang lambe abang labor gincu. Terus mlorot ing gunung kembar sing njalari atine kumesar.

Wedang kopi sak cangkir during kober entek, ndadak wetenge krasa lara. Mulat-mulet ngempet rasa mules. Mula terus kebat mlayu mulih, sawise ninggali dhuwit sepuluh ewu ing ndhuwur meja.

Tekan ngarep lawang Tarmuji nyandhet playune. Atine rada rangu-rangu, Ora tumuli mlebu omah, jalaran lawang ngarep wis kancingan saka njero. Kamangka adate sing wadon ora tau ngancing lawang yen dheweke durung tekan omah arepa nganti tengah wengi. Tangane wis diangkat arep nothok lawang. Atine bali tidha-tidha, mula terus diwurungake. Pilih nggugah sing wadon liwat iringan omah kareben luwih cedhak lan gampang dirungu. Nuli jumangkah ngener wetan omah pernahe kamar sing ajeg dienggoni turu.

Tarmuji kaget kaya disamber nggelap, nalika kupinge krungu swara aeng saka njero kamare sing wadon. Genah ana swara wong lanang liya senajan

during cetha. Bareng ditelingake luwih terwaca, getihe mak nyut munggah tekan mbun-mbunan. Untu digeget rosa ngempet mubale kanepson sing mathuk ambrol. Sirah malih krasa mumet. Wetenge sing krasa lara nalika lungguh ing warung, sanalika mari jalaran wis ora dirasa. Sing dirasa dhadhane rinasa panas kemranyas.

Lakune gegancangan tumuju lawang pawon. Senajan katon yen ditutup, terus nyoba disurung. Pranyata ora dikancing. Genah yen ana sing ora beres. Mlebune Tarmuji kanthi dhedhemitan lan bisa mlebu nganti ruwang tengah.

Sawise leren sedhela mandeng lawang kamar ing ngarepe. Kanepsone terus mbledhos. Lawang kamar ditendhang sak rosane. Brakkk!! Sanalika menga. Tarmuji meh tiba kejlungup ing jrambah. Begja isih bisa nguwasani awake. Lampu gelis dipetek byar. Mripate weruh swasana sing ora pantes. Rusmijan lan Sutinah pathing kruntel wuda ing ndhuwur peturon.

Mripate Tarmuji ora kedhep. Sapandhurat abang dluwang. Awake kaya dilolosi bebayune. Mendem ngombe kopine Raminten sing pranyata beda wujud lan rasane.

 

(Kapacak ing Minggon Djaka Lodang Nomor 27 Tahun 1996)

 

                                                                            *** 

                     BIODATA PENULIS

Wiwit seneng nulis nalika isih ana SPGN Bojonegoro taun 1982 mawa basa Indonesia, saperangan puisi lan cerpen karyane nampa pengaji-aji lomba sing diadani dening Koran lan majalah. Penulis sing duwe jeneng asli Suwarno, S.Pd. MM iki lair ing Bojonegoro 14 Juli 1964, wiwit nulis mawa basa jawa nalika nggabung PSJB (Pamarsudi Basa Jawi Bojonegoro).

Sinambi ngayahi tugas kadidene Pengawas Sekolah lan mulang perguruan tinggi, pengarang sing ajeg nggunakake sesinglon Nono Warnono iki karya-karyane asring kapacak ing majalah basa jawa ing antarane : Djaka Lodhang, Mekarsari, Jaya Baya, Panjebar Semangat lan maneka majalah basa Indonesia. Wondene tulisan sing wis dicetak wujud buku wujud antologi al: “Tes…”( antologi geguritan bebarengan penulis Jatim kababar Taman Budaya Jatim 1997),”Bojonegoro ing Gurit”, “Blangkon” (antologi bebarengan pengarang PSJB penerbit Narasi 2006), “Tunggak Jarak Mrajak”(Antologi crita cekak bebarengan pengarang PSJB penerbit Elmatera Publishing 2010) lan “Sanja” (antologi geguritan penerbit Elmatera Publishing 2010). Karya non fiksi kang nate terbit al: Evaluasi Belajar Sekolah Dasar ( CV.Unggul 1998), Panduan Pembina Pramuka ( CV.Unggul 1999).

Guru Teladan Nasional 1998 kanthi makalah “Revitalisasi Budi Pekerti Melalui Pembelajaran Bahasa Jawa” iki uga melu ngleluri basal an budaya jawa kanthi nyambi pinangka panatacara. Alamate Perumahan Gajah Indah Blok O Gg.VII No. 18-19 Baureno Bojonegoro telphon (0322) 454667. Email: suwarnobbt@gmail.com

                                   

 

  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar