DAFTAR ISI
|
|
Halaman |
1. |
Kopi
Pait…………………………………………………………………… |
1 |
2. |
Helm………………………………………………………………………… |
8 |
3. |
Sarampunge
Wisuda…………………………………………………….. |
17 |
4. |
Amplop……………………………………………………………………… |
24 |
5. |
Tikus………………………………………………………………………… |
33 |
6. |
Santhet……………………………………………………………………… |
40 |
7. |
Wisa…………………………………………………………………………. |
47 |
8. |
Anak
Telu…………………………………………………………………… |
53 |
9. |
Meja
Kursi…………………………………………………………………... |
61 |
10. |
Sambel……………………………………………………………………… |
67 |
11. |
Stempel…………………………………………………………………….. |
73 |
12. |
Botoh……………………………………………………………………….. |
80 |
13. |
Mulih……………………………………………………………………….. |
86 |
14. |
Kompor…………………………………………………………………….. |
94 |
15. |
Glathi……………………………………………………………………….. |
100 |
16. |
Tumus……………………………………………………………………….. |
107 |
17. |
Panggung
Panguripan……………………………………………………. |
114 |
|
Biodata
Pengarang |
|
KOPI PAIT
Isih sore Tarmuji wis lungguh jigang
ngadhep wedang kopi racikane Raminten. Omongan nrecel nganti bakule kuwalahan
nadhahi. Sing diajak caturan mung trima manthuk-manthuk nglegani. Pisan pindho
nyawatake esem manis mbalang liring sing bisa ndadekake ati gonjing. Nyruput
wedang kopi racikane Raminten kaya wis dadi sawijining kewajiban kanggone
Tarmuji. Wis kadhung nyandhu. Sedina yen durung kambon wedang kopi klangenane,
lungguh ing omah krasa ora jenak. Dipeksa mapan turu meksa ora bias ngeremake
mripat. Terus klisikan. Pikiran gedabigan. Ati Poyang payingan.
Pancen ora mung Tarmuji sing nyandhu
wedang kopi racikane Raminten. Racakae kabeh sing wis tau ngrasakake padha
rerasan aweh pangalembana. Akeh sing ketagihan. Ora aneh yen saben bengi tansah
jejel-riyel langganane. Ora ketang mung ngadhep wedang kopi sacingkir ngobrol
nganti tengah wengi.
Jenenge tangga lumrah yen njur padha
rerasan yen wedang kopine Raminten wis diwenehi aji penglarisan. Dikutugi japa
mantra pengasihan. Uga maneka gunem pandakwa sing tlonjonge rerasan miring ora
kepenak yen dirungokake kuping. Apa maneh kanggone tangga sing dhasar wis kanggonan rasa ora seneng. Underane rembug
malih ngambra-ambra dadi pitnah kedawa-dawa.
Tarmuji ora bisa mangsuli pitakoning
batin. Yagene malih kedanan karo wedang
kopine Raminten. Kamangka yen dipikir rasane ya
ora beda kambi kopi
sing ndhisik ajeg diombe ing warung cedhak pasar sapi.
Apa krana eseme bakule? Apa jalaran lirikane sing bias gawe getering jantung?
Tarmuji wis ora damang. Sing terwaca katon pathing sliwer ing mripate mung
gegambarane Raminten.
Sore kuwi Tarmuji antuk kalodhangan
anyar sing ndadekake praupane tambah sumringah. Keconggah guyon gegojegan bebas
tanpa pamenggake Rusmijan bojone Raminten. Kepara malah bisa nyembranani.
Wola-wali njiwit lengen. Sing disembranani nyatane ora kabotan. Malah tiba
kebeneran.
“Piye,Kang. Pasare sapi rame. Kok
praupane sampeyan katon padhang terus?”
“Lumayan,Ten. Kena kanggo golek tamba
kangen. Bisa nggo ndhuwiti wedang secangkir.”
“Kok kaya ra ngerti ae,Ten. Sapa maneh
lakone pasar sapi yen ora pak raden.” panyelane Kusmiyanto sing lungguh sisih
kiwa. Pak Raden ngono pancen julukane Tarmuji, jalaran brengose gedhe sak
kepel.
Oleh pangalembana ngono Tarmuji tansaya
katon rasa gumedhene. Kerep manthuk-manthuk karo elus-elus mlintir brengos.
“Ngati-ati lho,Kang. Saiki akeh maling
sapi padha gentayangan. Sampeyan kudu waspada. Yen nganti kepanggonan barang
colongan malah katut ngetan-ngulon dadi urusan.” sumambunge Raminten sinambi
laden kopi kanggo Masirun sing lagi teka lungguh.
“Kandhane sapa,Ten. Aku kok lagi krungu
tembungmu mau.Apa bener.
Yen
nganti ana tenan aku pengin ngerti menungsane!”
“Iki tenan lho,Kang. Saiki pancen lagi
akeh maling sapi.”
“Ngapa angel-angel nyolong sapi tengah
wengi. Rak mayar nyolong bakul kopi.” tembunge Tarmuji sembrana. Raminten katon
mbesengut. Mripate mlerok banjur mecucu. Nanging kanggone Tarmuji malah katon
ayu. Malah ndadekake gemes kepengin ngruwes.
Sisihane Tarmuji sing rumangsa kesisih
kerep nyaruwe. Elik-elik anggone sregep saba warung nganti ora metung wayah.
Tarmuji ora tau nggape. Kabeh dianggep angin lewat. Mlebu kuping kiwa metu
kuping tengen.
Kopine Raminten pancen duwe rasa mligi.
Apa maneh eseme, njalari ati mobah mosik. Anggone kedanan tansaya angel
dipambengi. Kabeh wong sing tau saba warung uga wis padha ngerti yen dheweke
lagi rada mambu ati karo bakul wedang kopi. Mula ora ana maneh sing nyoba-nyoba
mbebeda apamaneh nyembranani.
Tarmuji malih kaya dermawan anyaran.
Dhuwite pyah-pyoh gampang ceblok kanggo tombok sing ana warung. Akeh sing
ketiban rejeki nomplok. Ngombe kopi gratis tanpa cucul dhuwit. Luwih-luwih
angger dialembana, kabeh kopi jajane wong sak warung dibayari.
“Pira,Ten? pitakone sinambi bukak
dhompet. Pamer dhuwit gambar cengkeh lan pak Harto mesem.
“Apa ae,Kang?”
“Ya etungen kabeh. Aku tambah gedhang
goreng siji karo kacang asin.”
“Lik Masirun apa?”
“Kopi tambah bentul biru salencer.”
“Lik,Mus?”
“Ra tambah,Ten.”
Raminten terus iwut olehe ngetung.
Tarmuji nuli cucul dhuwit ing ngarep bakul wedang kopi sing katon isih seger
nadyan wis umur.
“Gedhe men,Kang. Ra na susuke.”
“Ra
sah susuk,Ten. Nggonen tambah kulakan nyang pasar kareben tambah jangkep
dodolanmu.”
“Akeh banget,Kang?”
“Ra apa-apa. Anggere kowe ngerti ae,”
“Ah! Sampeyan ki ana-ana wae,Kang.”
ngmong ngono Raminten sinambi mbalang liring lan esem ngujiwat.Tingkah polahe
digawe kenes.
Nemu kalodhangan lan kahanan nyenengake,
ndadekake Tarmuji lali purwa duksina. Rumangsane wis dadi wong lanang sejati.
Anggone mbebeda bojone liyan ora ana sing ngalang-alangi. Wola-wali mlintir
brengos nebah dhadha. Atine sing bombong malih kaya sagunung anakan gedhene.
Sing wadon wis ora wani srengen kaya adat saben. Sutinah malah malik grembyang.
Ngerti sing lanang arang saba omah malah tansaya thukul ngrembaka gematine. Ora
nggresah nadyan nganti tengah wengi kudu njaga lawang.
“Kok durung turu,Nah?” cluluke sawise
lawang dibukak.
“Cegah turu sithik,Kang. Kabare sak iki
akeh maling blusak- blusuk
nyatroni
kandhang sapi.”
“Kandhane sapa? Aku pengin ngerti
menungsane sing wani nyolong ingon-ingonku. Ora kecekel ngenggon sida tak benjuti
endhase ing pasar sapi.” Pangancame Tarmuji rada sora terus mak jleg lungguh
kursi.
“Iki kok ana tegesan rokok klobot ing
ngisor meja,Nah? pitakone Tarmuji ndadekake sing wadon njola kaget.
“Mm…mau bapak sambang mrene,Kang.”
“Ra kok udhegne kopi pa?
“Gulane ra ana Kang. Tur bapak ya mung
sedhela nggone lungguh. Terus bali mulih,” wangsulane Sutinah dora.
“Ngapa mrene bengi-bengi?”
“Tilik,Kang.”
Wengi tansaya tuwa rinuket sepi. Pucuk
gegodhongan padha goreh ngrantu rembulan ing biru langit lazuardi. Ora krasa
Sutinah wis ngeremake mripat mecaki alam pangimpen. Tarmuji pijer lungguh
lenger-lenger ngenam pangentha. Keplase pengangen-angen ketanggor ing warung
kopi.
Minggu bengi udan riwis-riwis nggawa
hawa atis. Tarmuji mlaku gegancangan setengah mlayu. Sirahe dikemuli sarung
amrih ora ketiban banyu udan. Antarane omah lan warung kopi pancen ora ana
satus meter. Mula tekan warung ora nganti klebus.
Tekan warung terus mlangkring ing
ndhuwur kursi. Tanpa diaba Raminten wis dhamang karepe. Nuli racik wedang kopi
senengane sing lagi lungguh.
“Sepi,Ten.”
“Iya,Kang. Lha udane nggrejih terus
ngene,”
“Bojomu kok ora katon?”
“Ngapa,Kang?”
“Adate melu rewang-rewang,”
“Mau lagi mulih ngeloni anake,”
“Udan-udan ngene mesthine enak ngeloni
liyane,”
“Kaya nganten anyar ae,Kang.”
“Yen nganten lawas pa ra perlu
anget-angetan.” tembunge Tarmuji nyrempet-nyrempet kurang ajar. Mripate nyawang
lambe abang labor gincu. Terus mlorot ing gunung kembar sing njalari atine
kumesar.
Wedang kopi sak cangkir during kober
entek, ndadak wetenge krasa lara. Mulat-mulet ngempet rasa mules. Mula terus
kebat mlayu mulih, sawise ninggali dhuwit sepuluh ewu ing ndhuwur meja.
Tekan ngarep lawang Tarmuji nyandhet
playune. Atine rada rangu-rangu, Ora tumuli mlebu omah, jalaran lawang ngarep
wis kancingan saka njero. Kamangka adate sing wadon ora tau ngancing lawang yen
dheweke durung tekan omah arepa nganti tengah wengi. Tangane wis diangkat arep
nothok lawang. Atine bali tidha-tidha, mula terus diwurungake. Pilih nggugah
sing wadon liwat iringan omah kareben luwih cedhak lan gampang dirungu. Nuli
jumangkah ngener wetan omah pernahe kamar sing ajeg dienggoni turu.
Tarmuji kaget kaya disamber nggelap,
nalika kupinge krungu swara aeng saka njero kamare sing wadon. Genah ana swara
wong lanang liya senajan
during cetha. Bareng ditelingake luwih terwaca, getihe
mak nyut munggah tekan mbun-mbunan. Untu digeget rosa ngempet mubale kanepson
sing mathuk ambrol. Sirah malih krasa mumet. Wetenge sing krasa lara nalika
lungguh ing warung, sanalika mari jalaran wis ora dirasa. Sing dirasa dhadhane
rinasa panas kemranyas.
Lakune gegancangan tumuju lawang pawon.
Senajan katon yen ditutup, terus nyoba disurung. Pranyata ora dikancing. Genah
yen ana sing ora beres. Mlebune Tarmuji kanthi dhedhemitan lan bisa mlebu
nganti ruwang tengah.
Sawise leren sedhela mandeng lawang
kamar ing ngarepe. Kanepsone terus mbledhos. Lawang kamar ditendhang sak
rosane. Brakkk!! Sanalika menga. Tarmuji meh tiba kejlungup ing jrambah. Begja
isih bisa nguwasani awake. Lampu gelis dipetek byar. Mripate weruh swasana sing
ora pantes. Rusmijan lan Sutinah pathing kruntel wuda ing ndhuwur peturon.
Mripate Tarmuji ora kedhep. Sapandhurat
abang dluwang. Awake kaya dilolosi bebayune. Mendem ngombe kopine Raminten sing
pranyata beda wujud lan rasane.
(Kapacak
ing Minggon Djaka Lodang Nomor 27 Tahun 1996)
Wiwit
seneng nulis nalika isih ana SPGN Bojonegoro taun 1982 mawa basa Indonesia,
saperangan puisi lan cerpen karyane nampa pengaji-aji lomba sing diadani dening
Koran lan majalah. Penulis sing duwe jeneng asli Suwarno, S.Pd. MM iki lair ing
Bojonegoro 14 Juli 1964, wiwit nulis mawa basa jawa nalika nggabung PSJB
(Pamarsudi Basa Jawi Bojonegoro).
Sinambi
ngayahi tugas kadidene Pengawas Sekolah lan mulang perguruan tinggi, pengarang
sing ajeg nggunakake sesinglon Nono Warnono iki karya-karyane asring kapacak
ing majalah basa jawa ing antarane : Djaka Lodhang, Mekarsari, Jaya Baya,
Panjebar Semangat lan maneka majalah basa Indonesia. Wondene tulisan sing wis
dicetak wujud buku wujud antologi al: “Tes…”( antologi geguritan bebarengan penulis
Jatim kababar Taman Budaya Jatim 1997),”Bojonegoro ing Gurit”, “Blangkon” (antologi
bebarengan pengarang PSJB penerbit Narasi 2006), “Tunggak Jarak
Mrajak”(Antologi crita cekak bebarengan pengarang PSJB penerbit Elmatera
Publishing 2010) lan “Sanja” (antologi geguritan penerbit Elmatera Publishing
2010). Karya non fiksi kang nate terbit al: Evaluasi Belajar Sekolah Dasar (
CV.Unggul 1998), Panduan Pembina Pramuka ( CV.Unggul 1999).
Guru
Teladan Nasional 1998 kanthi makalah “Revitalisasi Budi Pekerti Melalui
Pembelajaran Bahasa Jawa” iki uga melu ngleluri basal an budaya jawa kanthi
nyambi pinangka panatacara. Alamate Perumahan Gajah Indah Blok O Gg.VII No.
18-19 Baureno Bojonegoro telphon (0322) 454667. Email: suwarnobbt@gmail.com