PURWAKA
Bedhug, senadyan ing jaman samenika sampun langka
suprandene ing kawuri nate dados piranti komunikasi ingkang sanget wigatos
menggahipun bebrayan agung. Mirungganipun swasana religius, tengara bedhug
kadidene pratandha bilih sangat manjing
sembahyang sampun dipunwiwiti.Arikala peradaban taksih dereng ngambah dinamika
global saha winatesipun piranti komunikasi saha informasi, bedhug kagungan pralampita mboten namung
kumandhanging swanten kewala ananging sampun mbudaya tumunten nyawabi swasana
religius.
Antologi geguritan kanthi judhul “Bedhug” mengku ancas salebeting pralampita mugi gupita
ingkang rinantam dados babaran buku kembang setaman kuwawi ngumandhang
samadyaning gesang tembayatan. Ngiras pantes ndherek ngudi lestantunipun basa,
sastra sumawana budaya jawi adiluhung.
Gupitasari salebeting buku menika ngemot maneka geguritan
mboten sedaya anggitan enggal, karana saperangan njumput maneka judul wonten
ing buku anggitan kula ingkang sampun kapengker. Sawatawis malih sampun nate
kapacak wonten ing lembar budaya ariwarti, ugi ing maneka udayana kalawarti
abasa jawi.
Lairipun sekar setaman menika minangkani karsa-karsanipun
sanak kadang ingkang paring panjurung supados mbabar buku kanthi njumput maneka judul geguritan. Nanduki kansunyatan
wau, kula sekawit mangu-mangu, samar yen dadosipun wacan ingkang datan ginape.
Nanging dangu-dangu nekad kumakendel mbabar kompilasi karya-karya kasebut dados
buku antologi gupita ingkang prasaja.
Waradin dhumateng para pamaos, saestu kula nyadhong
rumentahing pangastawa miwah hangrerantu saran tuwin panyeda ingkang kuwawi
dados pamecut, amrihipun langkung sampurna ing anggitan salajengipun. Datan
katalompen ngaturaken gunging panuwun dumateng kadang anem Nanang Fahrudin kadidene
jurnalis lan editor ingkang kersa nyengkuyung purwa madya lan wasa kababaripun
antologi menika.
Kairing panjangka mugi buku kembang setaman gupitasari menika
migunani saha nyumrambahi samadyaning gesang
gumawang.
Nuwun
Penulis
DAFTAR
ISI
|
|
Kaca |
|
Halaman Cover |
i |
|
Hastungkara |
ii |
|
Atur Pangiring |
iii |
|
Daftar Isi |
iv |
1. |
Abot |
1 |
2. |
Ing Sawijining Kori |
2 |
3. |
Ing Kene Isih Ana Katresnan |
3 |
4. |
Patembayan |
4 |
5. |
Marang Kancaku |
5 |
6. |
Semut-Semut |
6 |
7. |
Ing Ngarep Koridor |
7 |
8. |
Tinarbuka |
8 |
9. |
Nalika Sandhal Jepit Pedhot |
9 |
10. |
Tikus-Tikus |
10 |
11. |
Gurit Kanggo Adhi |
11 |
12. |
Kanvas |
12 |
13. |
Gurit Kanggo Bocah Lanang |
13 |
14. |
Layon |
14 |
15. |
Episode Sumantri lan Sukrasana |
15 |
16. |
Ing Pasar |
17 |
17. |
Kusir Tuwa ing Ndhuwur Kreta |
19 |
18. |
Potret |
20 |
19. |
Tembang Tlutur |
21 |
20. |
Aja |
22 |
21. |
Sawijing Pitakon |
24 |
22. |
Ulegan |
25 |
23. |
Reroncen Pandonga |
26 |
24. |
Ing Tlaga Weningmu |
27 |
25. |
Rembulan Ing Pucuk Cemara |
28. |
26. |
Ing Sarasehan |
29. |
27. |
Marang Laku Bebadra |
30. |
28. |
Ing Titik Koordinat |
31. |
29. |
Tembang Panguripan |
32. |
30. |
Sore Ing Plataranmu |
33. |
31. |
Layang |
34. |
32. |
Pandakwa |
35. |
33. |
Kasunyatan |
36. |
34. |
Bocah Bajang |
37. |
35. |
Antaraning Bumi lan Langit |
39. |
36. |
Kadang |
40. |
37. |
Tamba |
41. |
38. |
Dzikir |
42. |
39. |
Gambar-Gambar Sajroning Pigura |
43. |
40. |
Ceciblon |
44. |
41. |
Satumpuk Gurit Kang Kokindhit |
45. |
42. |
Sajuga Gurit |
46. |
43. |
Nyekar |
47. |
44. |
Layang Katresnan |
48. |
45. |
Potret Sajroning Kanvas |
49. |
46. |
Horeg |
50. |
47. |
Gendera |
51. |
48. |
Dhalang |
52. |
49. |
Ing Ngendi Pepadhang |
53. |
50. |
Dheweke Ngaku Pahlawan |
54. |
51. |
Ing Ngarep Kaca Pangilon |
55. |
52. |
Pepeling |
56. |
53. |
Gurit Kanggo Kanca |
57. |
54. |
Nalika Bumi Sesambat |
58. |
55. |
Slingkuh |
59. |
56. |
Kluwung |
60. |
57. |
Tlaga Weningmu |
61. |
58. |
Gurit Pangimpi |
62. |
59. |
Sensasi |
63. |
60. |
Sanja |
64. |
61. |
Padudon Global |
65. |
62. |
Nomaden |
66. |
63. |
Katresnanmu Biyung |
67. |
64. |
Amputasi |
68. |
65. |
Kasunyatan |
69. |
66. |
Dak Ulungake Kembang Edelweis |
71. |
67. |
Tamu Nyalawadi |
72. |
68. |
Panglenggana |
74. |
69. |
Pagelaran |
75. |
70. |
Ngaurip Iki Panggung |
77. |
71. |
Lingsir |
78. |
72. |
Bener Kandhamu |
79. |
73. |
Gurit Pitakon |
80. |
74. |
Konggres |
81. |
75. |
Panguripan Sejati |
82. |
76. |
Negeri Para Bakul |
83. |
77. |
Pangumbaran Tanpa Wewangenan |
84. |
78. |
Santiaji Kanggo Putu Lanang |
85. |
79. |
Werdining Sasmita Jro Pralampita |
86. |
80. |
Swara Panglocita |
87. |
81. |
Tafakur Lungiding Roudhah |
88. |
82. |
Jabal Rahmah |
89. |
83. |
Marang Jiwa Tasawuf |
90. |
84. |
Bence Ngganter |
91. |
85. |
Pangatag |
92. |
86. |
Kidung Katresnan |
93. |
87. |
Pacelathon Simbah lan Putu Lanang |
94. |
88. |
Mendhung Candhikala |
96. |
89. |
Metamorfose Uler lan Kupu |
98. |
90. |
Ledhek Panglipur |
100. |
91. |
Potret Klawu |
101. |
92. |
Ngudang Rembulan |
102. |
93. |
Gurit Puruhita |
103. |
94. |
Panantang |
104. |
95. |
Purnamasidi |
105. |
96. |
Bojonegoro |
106. |
97. |
Pancer Multazam |
107. |
98. |
Santiaji |
108. |
99. |
Lelangen Ing Samodra Makrifat |
109. |
100. |
Langgam Panguripan |
110. |
101 |
Kinaceking Panjangka lan Kasunyatan |
111. |
102. |
Maha Bandara |
112. |
103. |
Lindhu Kadidene Sasmita |
113. |
104. |
Punagi Sesuluh |
114. |
105. |
Marang Anakku |
115 |
106. |
Kanvas II |
117. |
107. |
Cempala |
118. |
108. |
Sungapan |
119. |
109. |
Wit-Wit Garing |
120. |
110. |
Marang Wengi |
121. |
111. |
Negeri Dongeng |
122. |
112. |
Ritual Buk-Buk Neng |
123. |
113. |
Tanjidor |
124. |
114. |
Keblinger |
125. |
115. |
Jaman Anyar |
126. |
116. |
Sitaresmi Sajroning Tlaga |
127. |
117. |
Esuk Ing Ngarep Masjid |
128. |
118. |
Ngulandara |
129. |
119. |
Cakramanggilingan |
130 |
120. |
Ing Ngarep Mihrab |
131 |
121. |
Kingkin |
132 |
122. |
Sinau Marang |
133 |
123. |
Layat |
134 |
124. |
Ing Pakeliran |
135 |
125 |
Ngrangsang Jaman |
137 |
126. |
Sumelang Lintang Ilang |
138 |
127. |
Blabar Kawat Narasi |
139. |
|
Biodata Panggurit |
140 |
BIODATA PANGGURIT
NONO
WARNONO
Nono
Warnono (Suwarno) miwit nulis ing jagat sastra Indonesia, wujud sajak, cerita
pendek lan opini kapacak ing majalah lan koran antara liya: majalah Mimbar
Agama Islam, Mingguan Guru, Koran Suara Merdeka, Bhirawa, Karya Dharma, Koran
Minggu Simponi, Jawa Pos, majalah koran online lan sapanunggalane .
Karya-
karya kang wus kababar dadi buku antologi puisi Nyanyian Bidadari (2018), kumpulan sajak Meruwat Halaman Belakang (2019), lan Kumpulan Puisi Lelaki dalam Rembulan (2020).
Ing jagat pendidikan nulis buku Perspektif, sebuah catatan pendidikan, bahasa, sastra dan sosial budaya. (,2016). Merdeka Belajar (2020), Blended
Learning (2020), lan bebarengan pangarsa PSJB ( JFX. Hoery) nulis buku pelajaran
muatan lokal Matoh Basa Jawa Kelas I
– VI kanggo SD/MI (2014).
Lelumban
ing jagading sastra jawa wiwit nggabung dadi anggota Pamarsudi Sastra Jawa
Bojonegoro (PSJB) nalika isih lungguh ing bangku sekolah menengah. Karya-karyane
arupa geguritan, cerkak, wacan bocah, cerita misteri lan reportase sumebar ing
majala-majalah basa jawa ( Panjebar Semangat, Jaya Baya, Mekarsari, Jaka
Lodhang, Dharmajati, Jawa Pos Radar lan liya-liyane )
Nampa
pengaji-aji saka Yayasan Rancage kang diinisiasi dening sastrawan Ajib Rosyidi
Bandung taun 2014 lumantar karya antologi crita cekak Kluwung (2013). Taun 2018 nampa pengaji-aji Sotasoma saka Balai
Bahasa Jawa Timur (BBJT) minangka karya sastra jawa terbaik kanthi buku
kumpulan geguritan Kidung Langit (2018)
ing taun kang padha.
Karya
liyane wujud buku kumpulan geguritan Sanja
(2010) crita misteri kanthi irah-irahan Malaikat
Jubah Putih (2015),antologi crita cekak Lintang
Ing Langit Madinah (2019), lan Kumpulan crita cekak Rembulan Karahinan (2021)
Karya-karya bebarengan pengarang liya yaiku: antologi geguritan
Tes…(1997), kumpulan geguritan Bojonegoro Ing Gurit (2006), antologi
crita cekak Blangkon (2006), Kumpulan
gurit Tunggak Jarak Mrajak (2010), ),
Antologi Puisi Jawa Modern Jawa Timur
(2011) antologi crikak Pasewakan
(2011), antologi gurit Mlesat Bareng
Ukara (2014), bunga rampai puisi-cerpen Lingkar
Jati (2015), kumpulan sajak-cerpen Bunga
Rampai PSJB (2018), antologi puisi GIR
(2019), bunga rampai Tadarus Sang Begawan
(2019), kumpulan sajak Bojonegoro Literasi Festifal (2019),
Kembang Setaman Udhu Klungsu (2020),
Kumpulan Cerpen & Cerkak Pijar Napas
September (2020), Kumpulan Cerpen Hujan dan Api di Punggung Pertiwi (2020), lan Kumpulan geguritan Japa Lampah (2021)
Bebarengan
sishane Lilik Endang Wardiningsih
lan anak tunggal Laras Gupitasari, mapan ing Perumahan Gajah Indah
Village Blok O Gang VII No.18-19 Baureno Bojonegoro. Telephon (0322) 454667. Surel: suwarnobbt@gmail.com
***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar