Kamis, 27 Januari 2022

Buku Pendidikan "Merdeka Belajar" Karya Nono Warnono

 

KATA PENGANTAR

 

Pandemi Covid-19 sudah mengaduk-aduk tatanan sosial manusia. Pekerjaan yang lumrah diselesaikan di luar tiba-tiba harus dirampungkan di dalam rumah. Ibadah yang lazim diritualkan di tempat-tempat ibadah, bergeser dengan berhalwat di rumah.

Sebuah pergeseran tata sosial yang secara tiba-tiba datang tanpa terbayangkan sebelumnya. Sehingga kehidupan menjadi gagap penuh kepanikan. Sarat ketidakpastian. Dalam banyak aspek tata sosial menjadi kebingungan, dan timbul kegaduhan.

Bidang pendidikan yang tidak luput dari dampak virus tersebut, memang menjadi perhatian utama karena menyangkut keberadaan peserta didik dengan jumlah besar. Bukan sekedar berkumpulnya siswa dalam jumlah banyak, tetapi lebih dari itu didalamnya ada proses pembelajaran yang harus mendapatkan perhatian khusus dalam rangka menghindarkan pageblug.

Menghadapi bencana nasional tersebut, belajar mengajar yang normal dikomunikasikan di tiap-tiap lembaga pendidikan, harus diadakan di rumah masing-masing. Meski sekolah merumahkan siswa dalam pembelajaran, namun anggaran yang dibutuhkan tetap besar. Karena sekolahan harus membiayai pembelajaran virtual secara online untuk untuk guru maupun siswa.

Buku “Merdeka Belajar dan Pembelajaran Virtual Saat Pandemi” ini berisi berbagai opini dan catatan kritis, bagaimana ikhtiar Mendikbud untuk membuat lompatan kebijakan merdeka belajar di bidang pendidikan.  Kiprah Disdik dan para praktisi dalam  meningkatkan kualitas pendidikan.

Di sisi lain, belum terlaksananya kebijakan merdeka belajar tiba-tiba datang pandemi Covid-19 yang memporak-porandakan kebijakan strategis tersebut, sehingga belum dapat diimplementasikan.. Siswa harus belajar secara virtual di rumah. Guru mengajar dari rumah, sehingga banyak aspek yang harus disesuaikan. Orang tua harus diajak komunikasi tentang pembelajaran bagi anak-anaknya. Guru harus memperkuat kompetensinya di bidang  tehnologi dan pembelajaran virtual agar dapat melakukan pembelajaran jarak jauh secara optimal.

Dengan terselesaikannya buku ini penulis menyampaikan terima kasih kepada Bapak Yusuf Susilo Hartono yang telah mengijinkan karya lukisannya “Bersabung Doa” untuk dijadikan cover. Juga kepada sastrawan drh.Yonathan Raharjo yang telah mendesain sampul buku pendidikan ini. 

Semoga buku pendidikan ini dapat memberi manfaat bagi yang membacanya.  Para pelajar, mahasiswa maupun para guru dan semua praktisi pendidikan dimanapun berada..

Meski demikian segala saran dan kritik yang konstruktif selalu dinantikan untuk menyempurnakan karya tulis yang masih jauh dari sempurna.

 

                                                                        Bojonegoro, Mei  2020

                                                                        Penyusun

 

 

                                                                        SUWARNO, S.Pd.MM.



ISI BUKU

Halaman Cover..................................................................................................................i

Pengantar...........................................................................................................................ii

Daftar Isi..........................................................................................................................iii

1.      Pandemi Covid-19 Dan Pembelajaran Virtual 1

2.      Pandemi Dan Cetak Biru Pendidikan. 4

3.      Konvoi Siswa Di Tengah Pandemi 7

4.      Korona Dan Mitigasi Pendidikan. 9

6.      Kemerdekaan Belajar Dan Reformasi Pendidikan?. 13

7.      Pendidikan Kepramukaan Generasi Milenial 16

8.      Menakar Program Pendidikan Berakhlak. 19

9.      Zonasi : Akses Pendidikan Berkeadilan?. 23

10.        Membangun Gerakan Literasi 27

11.        Memimpikan Lingkungan Ramah Anak. 30

12.        Revitalisasi Keteladanan Dalam Pendidikan. 33

13.        Penguatan Pembelajaran Saintifik. 36

14.        Kbm Daring Dan Home Visit Saat Pandemi 39

15.        Meniadakan Ujian Nasional Di Tengah Covid-19. 42

16.        Webinar Pengawas Dalam Masa Pandemi 44

17.        Ramadhan Dan Energi Positif Pandemi 46

18.        Kearifan  Lokal  Dan  Pembangunan  Karakter. 48

19.        Peran Strategis Perempuan Di Era Pandemi 51

20.        Menakar  Pondok Ramadhan Siawa Secara Online. 54

21.        Reorientasi Kebaruan. 56

22.        Absurditas Kelaziman Baru ?. 58

23.        Menakar Infrastruktur Menuju New Normal 60

24.        The Power Of Era New Normal 62

25.        Merawat Asa "Orde Baru". 65

26.        Pandemi Mereduksi Kualitas Pembelajaran Era Kelaziman Baru. 67

27.        Pandemi Covid-19 Dan  Kesenjangan Pendidikan. 70

Biografi Penulis. 74


 


Pandemi Covid-19 sudah mengaduk-aduk tatanan sosial manusia. Pekerjaan yang lumrah diselesaikan di luar tiba-tiba harus dirampungkan di dalam rumah. Ibadah yang lazim diritualkan di tempat-tempat ibadah, bergeser dengan berhalwat di rumah.

Sebuah pergeseran tata sosial yang secara tiba-tiba datang tanpa terbayangkan sebelumnya.

Sehingga kehidupan menjadi gagap penuh kepanikan. Sarat ketidakpastian. Dalam banyak aspek tata sosial menjadi kebingungan, dan timbul kegaduhan.

Menghadapi bencana nasional tersebut, belajar mengajar yang normal dikomunikasikan di tiap-tiap lembaga pendidikan, harus diadakan di rumah masing-masing. Meski sekolah merumahkan siswa dalam pembelajaran, namun anggaran yang dibutuhkan tetap besar. Karena sekolahan harus membiayai pembelajaran virtual secara online untuk guru maupun siswa.

Buku “Merdeka Belajar dan Pembelajaran Virtual Saat Pandemi” ini berisi berbagai opini dan catatan kritis, bagaimana ikhtiar Mendikbud untuk membuat lompatan kebijakan merdeka belajar di bidang pendidikan.  Kiprah Disdik dan para praktisi dalam  meningkatkan kualitas pendidikan.

Di sisi lain, belum terlaksananya kebijakan merdeka belajar tiba-tiba datang pandemi Covid-19 yang memporak-porandakan kebijakan strategis tersebut, sehingga belum dapat diimplementasikan.. Siswa harus belajar secara virtual di rumah. Guru mengajar dari rumah, sehingga banyak aspek yang harus disesuaikan. Orang tua harus diajak komunikasi tentang pembelajaran bagi anak-anaknya. Guru harus memperkuat kompetensinya di bidang  tehnologi dan pembelajaran virtual agar dapat melakukan pembelajaran jarak jauh secara optimal.

 

                                                                                                                        SUWARNO

Penyusun

 


 

Buku Antologi Cerkak "Rembulan Karahinan

 

PURWAKA

 

Kadidene pangupaya ngleluri basa lan sastra jawa, terbite buku kumpulan crita cekak “Rembulan Karahinan” iki kaajab bisa dadi panjurung  laire buku-buku abasa jawa liyane. Crita cekak ing buku iki saperangan wis nate kapacak ing kalawarti basa jawa lan koran lokal. Saengga kanggo saperangan bebrayan kang ajeg maca lembar sastra lan budaya ing ariwarti lan kalawarti, bisa uga buku iki mbaleni crita kang wus kawaos.

Crita cekak awujud prosa naratif fiktif iki ora mung winates ing tulisan khayalan kanthi tuturan relatif cekak. Nanging uga ngemot pengalaman urip sarta interpretasi pengarang, ngenani konsep bebrayan gegayutan nilai sosial lan edukasi. Mbabar enggak-enggoking crita ngenani ruwet renteging panguripan anak manungsa kanthi maneka problematika.

Antologi “Rembulan Karahinan” ngemot crita kanthi setting panguripan ing poncot desa munggah gunung tumekeng  methit ing bebrayan elit. Kanyatan urip ing tataran lokal, nasional tekan crita-crita panguripan kang kedadeyan ing mancanegara.

Saran sarta panyeda kang bakal dadi pamecut, tansah dakantu-antu. Ora lali ngaturake gunging panuwun dumateng kadang Widodo Basuki ingkang kersa paring pangiring, sedulur Eko Peye ingkang  kersa paring gambar samak. Uga matur nuwun tanpa pepindhan marang bapa JFX.Hoery, Pangarsa Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) kang wus kersa paring panjurung.

 Muga-muga buku kumpulan crita cekak iki aweh piguna ing madyaning bebrayan.

Amin.

 

                                                                        Bojonegoro, 7 Juli  2021

 

                                                                                    Penulis


Nyemak  Kumpulan Cerkak Rembulan Karahinan, Sakeplasan

 

 

Kang diarani karya sastra mono dudu mujudake barang kang  kosong tanpa isi. Karya sastra bisa dadi rangsum rohani tumrap penulise lan wong liya kang maca,  kajaba tata rakite ngandhut unsur estetika kang digawa uga ana imajinasi  minangka pantulan  kanggo mawas dhiri gegayutan karo kasunyatan urip. Ora nggumunake lamun karya sastra isi surasane nyaritakake kabobrokan ing madyaning masyarakat, ing ancase minangka kaca benggala tumrap kang maca sarta ing pungkase minangka sarana ngalusake budi, ngengudang rasa manusiawi  sarta tumuju pakarti  luhur ing panguripan. Lan ing kene carita cekak (cerkak) minangka salah sijine jinis  karya sastra Jawa kalebu ing kono.

Nyemak carita ing kumpulan cerkak Rembulan Karahinan  iki, pembaca langsung diadhepake manekawarna tema utawa lataring carita, utamane gegayutan karo bebrayan sosial sing remit banget isine Ing sawatara crita cekak, sajake pengarange sengaja menehi “renungan langsung”  kang bisa dijumput saka kedadeyan kang nyata, njur diracik dadi carita kang ndudut ati. Lan  jamak lumrahe, salah sijine cerkak pinilih mau banjur didadekake irah-irahan buku. Ing  kumpulan iki cerkak Rembulan Karahinan kang pinilih dadi irah-irahan. Sabanjure cerkak kang pinilih dadi irah-irahan buku mau banjur dianggo pathokan ndeleng isine cerkak-cerkak liyane. Nanging ing  kene cerkak endi sing diwaca kanthi acak merga saka akehe tema kang disuguhake.

Saka cerkak-cerkak kang ana, ngatonake kaprigelane penulise anggone ngracik  isine crita ing samubarang tema lan latar crita. Ana kang  lataring crita kanthi tokohe minangka wartawan kang nindakake investigasi reporting kanggo mbongkar “donya peteng” kejahatan,   murih dadi  berita sing bagus. Sawatara carita cekak ngatonake  ide lan gagasane muncul saka kedadeyan “kekinian” utawa bisa dijarwakake “jaman saiki” kang banjur ing sawatara tembunge isih tetep migunakake basa asline jalaran pancen tembung-tembung mau  isih  angel dijarwakake migunanake basa Jawa.

Ing cerkak Warung Kopi Pangkon, wartawan nganakake investigasi berita ngenani warung kopi kang sanyatane mujudake “pelacuran terselubung”, bola-bali diobrak nanging tetep bali ngrembaka maneh. Ing pungkase crita, jebul wanita mudha ing warung sing dadi informane mau cedhak banget karo panguripane sang wartawan  jaman kawuri. Tema  kang padha uga milih tokoh wartawan kang nindakake investigasi uga dicritakake ing crita cekak Villa Arab, ide lan gagasan ing crita iki bisa disemak wis dadi bahan rerasanan  lan pitakonan ing masyarakat.

Crita cekak irah-irahan  Geni ing Kastil Shuri kapilih ing cekak kapisan ing kumpulan iki. Nyritakake Sumitra minangka ahli arsitektur sejarah nindakake tugas proyek restorasi bangunan bersejarah bebarengan  karo Profesor Kurayoshi Takara ing Jepang. Emane, proyek ambisius kang katindakake mataun-taun lan bisa kasil mau, jebule dadi bahan “pradongdi” benceng cuweng  dineleng saka panemu lan kepentingan  kang lelawanan.  Panemu kang sepisan  luwih nengenake wigatine bangunan sejarah minangka warisan sing kudune diuri-uri kanggo belajar ngenani mangsa kawuri. Dene panemu kang  kapindho dineleng saka persoalan kang ngandhut kepentingan politik. Lan pungkase “geni” bener-bener mungkasi asile restorasi mau dadi samubarang kang muspra tanpa guna.

Crita sing paragane sesambungan karo pawongan manca negara liyane, bisa disemak ing crita cekak Ombak ing Langit Biru,  kang maos crita iki diajak nyemak persoalan  paraga-paraga relawan pecinta lingkungun hidup. Tokoh Windy sesambungan kekancan karo Mike wong manca sing pakaryane padha-padha relawan kemanusiaan lan  lingkungan hidup. Tuwuhing rasa tresna merga kulina, asring ngalami nasib kang padha kudu ngadhepi bebaya bebarengan, ing pungkase njur pinilih dadi jodhone.

Pilihan tema utawa lataring crita kanthi nyuguhake relawan kemanusiaan internasional ing cerkak Ombak ing Langit Biru iki cukup menarik. Ing sastra Jawa tema iki durung nate ana sing nggarap. Mung wae, crita kang kabangun kanthi nengsemake mau ing pungkase crita karasa “datar” utawa langsam wae. Katitik, nalika nyuwun restu marang wong tuwa wadon yen arep bebrayan kanthi jodho wong manca, wong tuwane sing wadon mau langsung nrima wong  manca. Kamangka bisa wae sejatine crita iki digarap kanthi nuduhake sawetara “ketegangan budaya” saka campuhing paraga loro kang beda budaya. Sajake antarane Windy sing isih ngugemi budaya  Jawa lan  Mike sing wong Inggris nduweni kabudayan kang beda, ora ana “konflik” sing dibangun kanti luwih muyeg lan ana “ending’ utawa pungkase crita kang ngagetake. Apa pancen merga kemajuan jaman, bangsa kita utawa wong Jawa saiki langsung bisa nrima lan mongkog antuk mantu wong manca?

Cerkak siji maneh sing mawa latar luar negri lan beda bangsa kanthi irah-irahan Sapatemon ing Guangzhou, lataring crita saka katresnane pemain bulutangkis kang tuwuh merga “asring ketemu” ing sawijining kalodhangan kang padha-padha ditekani lelorone. Tema lan lataring crita sing padha-padha thukul tresna ing sapatemon kang padha mau uga diunggahake ana ing cerkak Rampung Bimtek. Sarampunge tugas saka kantore ing sawijining hotel jebul tresna tuwuh ngrembaka.

          Ana sawetara crita kang nalika ndeleng irah-irahane  wis menehi gambaran tumrap kang maca lan  mbokmanawa langsung nuntun  gegambaran ngenani godhaning wong bebrayan kang nyrimpeti  wong bebrayan utawa bale somah kang sadurunge ayem tentrem. Ukara “kesrimpet” lan “kesrimpung”  sajake wis bisa nggambarake lelakon apa kang dicritakake, iki bisa di semak ing  cerkak : Kesrimpung Kudhung, Kesrimpet Kabel Tower, cerkak lelorone iki nyaritakake godhane wong bale somah kang pungkase kurang becik merga ora kuwat godha. Dene cerkak liyane kang  uga nyaritakake godhane wong bale somah wis duwe anak kanthi menehi gambaran ing pungkase crita bisa bahagia bisa dijlimeti ing cerkak  Lakon Sinetron. Uga ana maneh crita cekak Android Jero Kuburan lan Nyidham Bandhosa sarta cerkak Dalan Pungkasan ing isine arupa pitutur ngelingake   siksa kubur amarga tumindake ing alam donya kurang becik. Pitutur luhur mau ditulis kanthi basa kang terang terwaca ing pungkase cerkak Dalan Pungkasan, yaiku: Pati lan kuburan dadi piwulang. Kepriye kudune manungsa mblanjakake umur lan kalodhangan.

Ing cerkak iki uga ana kang ngemot pitutur Jawa kang bisa digawe tetimbangan jroning wong urip bebrayan. Pitutur gegayutan karo wong jejodhowan sing  kudu migatekake bibit, bobot, bebet,   bisa disemak ing cerkak Barista.  Dicritakake sawijining bocah wadon kang pegaweyane kadidene peracik kopi sing sinebut bartender. Bocah wadon mau, yen ditlusur saka “bibite”, wong tuwane ndhisik dicritakake anggone nikahan kepeksa merga “ditangkep”. Pranyata apa kang ditindakake wong tuwane mau iya isih ditindakake dening bocah wadon mau. Sajake ing cerkak Barista iki ngemot ular-ular tumrap  wong jejodhowan,  supaya migatekake “bibit”. Yen saka trahing wong sing “kurang bener” wekasane iya nurunake anak sing pakartine niru pakartine wong tuwane. Ing cerkak Eyang Siska, iya ngemot pitutur gegayutan karo kapitayan Jawa gegayutan karo ruwatan tumrap bocah sing samesthine diruwat.

Isih akeh cerkak-cerkak liyane kanthi  latar jaman sing saiki, cerkak Karantina ana lataring crita gegayutan karo pandemi corona, cerkak Enjang Palupi sing nyaritakake persoalan  panguripane TKW sing katut ing kasus penipuan. Ing cerkak Crah gegayutan karo sawijining  kulawarga kang pungkasane crah merga beda pilihan ing pilkada.

Ing kumpulan cerkak iki pembaca iya diwanuhake marang istilah-istilah “kekinian” kang perlu dingerteni. Ing cerkak Hipospadia, nyaritake lelakone Serda Aprillia Manganang kang nduweni bleger wanita nanging sejatine ing ilmu kesehatan dheweke iku tinitah lanang. Istilah-istilah mawa basa “asing” liyane maneh sing mbokmanawa angel dijarwake ing basa Jawa yaiku ukara “buzzer”  kaya kang dicritakake ing cerkak Buzzer Kaseser. Bisa diwaos cuplikane:

........Mula wis gembleng ing ngarepe kanca rakete, Prastawa, dheweke mundur kadidene jurnalis ing media online sing nembe dilakoni sawetara. Nedya serius minangkani ajakane Prastawa gabung ing tim siluman. Ngrampungake proyek spektakuler. Dadi influencer, buzzer apadene cyber troper ora dadi masalah. (cerkak: Buzzer Keseser)

 

Gegayutan karo istilah-istilah kang raket karo teknologi informasi  kasebut sajake bisa dadi tantangan tumrap  para pengarang, tumrap basa lan sastra Jawa,  apa tetep diwanuhake kanthi tetep migunakake basa asline apa kudu dijarwakake ing basa Jawa sing tundhone malah ora dikenali? Iki sawijining tantangan lan bisa dadi bahan pirembugan ing kalodhangan kang luwih omber. Nyatane saben dina masyarakat wis disuguhi istilah-istilah sing saben dina dirungu, contone: influencer, buzzer, cyber troper  jagad virtual, akun, media twitter, facebook, instagram tekan youtube uga medsos  kayadene whatsapp lan sabangsane.

Mbokmanawa mung iki sing bisa dakaturake anggonku njlimeti cerkak ing kumpulan Kumpulan Rembulan Karahinan iki sakeplasan.  Sing terang, saka kumpulan cerkak Rembulan Karahinan, akeh banget kang bisa kanggo bahan kajian lan bahan pirembugan kang ndudut ati tumraping sastra Jawa.

 

     Widodo Basuki

      Pamong Redaksi Majalah Jaya Baya

 




DAFTAR  ISI

 

 

 

Halaman

 

Cover.................................................................................................................

i

 

Purwaka............................................................................................................

ii

 

Pangiring..........................................................................................................

Daftar Isi...........................................................................................................

iii

v

1.

Geni ing Kastil Shuri...................…………………….......…………………...

1

2.

Warung Kopi Pangkon……………………………………………………….

6

3.

Android ing Jero Kuburan...............………………………....…………….....

11

4.

Karantina....................……………..……………………………………….....

17

5.

Kesrimpung Kudhung…………………………………………………………

20

6.

Kesrimpet Kabel Tower………………………………………................…..

24

7.

Langgam Panguripan…………………….……………………........................

30

8.

Villa Arab………………………………………………..................................

36

9.

Lakon Sinetron......................................……………………………………...

42

10.

Barista.............................……………………………………………...………

48

11.

Lintang Wewayangan.....………..……………………………………………..

54

12.

Ombak ing Langit Biru..................……………………....………………….....

60

13.

Rembulan Panglong ……………………..…………………...........................

66

14.

Jalaran Ora Blaka……………………………………………………………....

72

15.

Hipospadia............................................…………………………………….......

77

16.

Crah..........………………………………………………………………….......

82

17.

Nyidham Bandhosa…..………………………………………………….........

87

18.

Kabeh Mbeling.................. ................................................................................

91

19.

Sapatemon ing Guangzhou ................................................................................

97

20.

Eyang Siska........................................................................................................

101

21.

Enjang Palupi.....................................................................................................

108

22.

Citra Hapsari......................................................................................................

113

23.

Buzzer Keseser...................................................................................................

119

24.

Rampung Bimtek...............................................................................................

125

25.

Dalan Pungkasan................................................................................................

131

 

Biodata Penulis...................................................................................................

137

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

BIOGRAFI PENULIS

 

 

 

 

 

NONO WARNONO

Pengawas Sekolah kanthi jeneng Suwarno iki asring diundang Pak Nono krana ing jagat kasusastran asring nganggo sesinglon Nono Warnono. Saben dinana ngayahi tugas kadidene tenaga kependidikan  ing lingkungan Dinas Pendidikan Kabupaten Bojonegoro Jawa Timur.  Miwiti seneng nulis nalika isih lungguh ing bangku Sekolah Pendidikan Guru ( SPG ) tahun 1982 jalaran antuk pamecut saka guru bahasa. Kawimbuhan panjurung saka wong tuwa lorone, pasangan (alm) Sarmidin lan Rasmi kang uga seneng literasi.

 Wiwit nulis mawa basa Indonesia, wujud cerpen, puisi lan opini kang kaemot sumebar ing maneka majalah lan surat kabar antara liya: majalah Mimbar Agama Islam, Mingguan Guru, Koran Suara Merdeka, Bhirawa, Karya Dharma, Koran Minggu Simponi, Jawa Pos, Majalah koran online lan sapanunggalane .

Saka saperangan puisi lan cerpen karyane, lumantar cerita pendek kanthi irah-rahan Dan Mendung Telah Berlalu, nate antuk pengaji-aji ing lomba nulis kang diadani ariwarti Simponi ing taun 1983 . Karya liyane wujud antologi puisi Nyanyian Bidadari (Majas,2018), kumpulan sajak Meruwat Halaman Belakang (Rumah Akar,2019), lan Kumpulan Puisi Lelaki dalam Rembulan (Praktek Mandiri 2020). Ing donyaning pendidikan nulis buku Perspektif, sebuah catatan pendidikan, bahasa, sastra dan sosial budaya. (Asia Grafika,2016). Merdeka Belajar (Praktek Mandiri,2020), Blended Learning (Pustaka Ilalang,2020), lan Essai Bersama Berkat Pandemi (Boenga Ketjil,2020).

Bebarengan pangarsa PSJB ( JFX. Hoery) lan guru-guru ing Bojonegoro nulis buku pelajaran muatan lokal Matoh Basa Jawa (Asia Education,2014), kelas I nganti kelas VI kadidene buku mulok wajib ing SD/MI.

Karya-karya non fiksi ing pembelajaran kepramukaan sing nate ditulis yaiku Buku Silabus Latihan Pramuka tingkat Siaga, Penggalang, lan Penegak/Pandega bebarengan karo Pusdiklatcab Kendalisada Kwarcab Gerakan Pramuka Bojonegoro (Asia Education,2017).

Lelumban ing jagading sastra jawa wiwit nggabung dadi anggota Pamarsudi Sastra Jawa Bojonegoro (PSJB) nalika isih lungguh ing bangku sekolah menengah. Karya-karyane arupa geguritan, cerkak, wacan bocah, cerita misteri lan reportase sumebar ing majala-majalah basa jawa ( Panjebar Semangat, Jaya Baya, Mekarsari, Jaka Lodhang, Dharmajati, Jawa Pos Radar lan liya-liyane )

Nampa pengaji-aji saka Yayasan Rancage kang diinisiasi dening sastrawan Ajib Rosyidi Bandung taun 2014 lumantar karya antologi crita cekak Kluwung (Azzagrafika,2013). Taun 2018 nampa pengaji-aji Sotasoma saka Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) minangka karya sastra jawa terbaik kanthi buku kumpulan geguritan Kidung Langit (Azzagrafika,2018) ing taun kang padha.

Karya liyane wujud buku kumpulan geguritan Sanja (Elmatera,2010) crita misteri kanthi irah-irahan Malaikat Jubah Putih (Azzagrafika,2015),lan antologi crita cekak Lintang Ing Langit Madinah (Buana Grafika,2019).

Karya-karya bebarengan pengarang liya yaiku: antologi geguritan Tes…(Taman Budaya Jatim,1997), kumpulan geguritan Bojonegoro Ing Gurit (Narasi,2006), antologi crita cekak Blangkon (Narasi,2006), Kumpulan gurit Tunggak Jarak Mrajak (Elmatera,2010), ), Antologi Puisi Jawa Modern Jawa Timur (2011) antologi crikak Pasewakan (Elmatera,2011), antologi gurit Mlesat Bareng Ukara (Satu Kata Book,2014), bunga rampai puisi-cerpen Lingkar Jati (Azzagrafika,2015), kumpulan sajak-cerpen Bunga Rampai PSJB (Majas,2018), antologi puisi GIR (CV Delima,2019), bunga rampai Tadarus Sang Begawan (Pustaka Ilalang,2019),  kumpulan sajak Bojonegoro Literasi Festifal (Rumah Akar,2019), Kembang Setaman Udhu Klungsu (Buana Grafika 2020), Kumpulan Cerpen & Cerkak Pijar Napas September (Boenga Kecil,2020), Kumpulan Cerpen Hujan dan Api di Punggung Pertiwi (Boenga Kecil,2020), lan  Kumpulan geguritan Japa Lampah (Boenga Ketjil,2021)

Nate Juara  Guru Teladan Nasional 1998 kanthi makalah “Revitalisasi Nilai Budi Pekerti Melalui Bahasa, Sastra dan Budaya Jawa”. Kajaba dadi pengawas sekolah, pengajar pawiyatan luhur swasta ing Bojonegoro lan Lamongan, uga ngleluri basa lan budaya jawa kanthi nyambi dadi penyiar radio sarta pinangka panatacara.

Bebarengan sishane Lilik Endang Wardiningsih lan  anak tunggal Laras Gupitasari, mapan ing Perumahan Gajah Indah Village Blok O Gang VII No.18-19 Baureno Bojonegoro. Telephon (0322) 454667.  Surel: suwarnobbt@gmail.com

 

 

***