ATUR SAPALA
Ikhtiar mbabar buku kang ngemot kawruh wawasan Islam abasa Jawa, butuh tekad makantar, jer jaman owah gingsir mobah mosik nyakramanggilingan. Basa Jawa kaya wus kadheseg laku jantraning panguripan global kang mblandrang mburu gebyar modernitas ketimbang ngleluri warisan aji basa sastra, budaya lan tradhisi Jawa kang adiluhung. Ngimpun seratan kang kababar dadi buku isi maneka kawruh gegayutan agama Islam lumantar diksi-diksi abasa Jawa, butuh tekad tuwin energi mirunggan. Luwih-luwih era digital lan media sosial, literasi maca ora pati diperdi apa maneh melu ngleluri. Nadyan ora gampang, buku kang arsa kacithak iki mengku ancas tujuan bisane ngreksa tuwin ngleluri warisan wujud basa susastra kang edi peni. Amrihe para generasi mudha saiki lan kang bakal teka, ora nyingkur piwulang pepeling talining agesang wujud nilai agama miwah pitutur luhur saka para winasis ing kawuri. Buku kanthi irah-irahan: "Sanga, Sawijining Cakrawala" iki nyuguhake wawasan ngenani maneka warna perspektif agama Islam kang rinumpaka sarwa sanga. Kiprah Wali Sanga, masyayikh, papan pasujarahan, thibbun Nabawi saka Kanjeng Rasul, paham thariqah, pesantren kuno luwih saka saabad, pesantren kang paling akeh santrine, maha karya ulama Nusantara, pahlawan muslimah, nganti tradhisi mapag sasi Muharam, kabeh tinulis kanthi gunggung (jumlah) sanga. Irah-irahan mawa wilangan "Sanga", asung kawruh mligi ing babagan paramasastra. Jer tulisan tembung wilangan "sanga" lumrah ditulis salah kaprah ing samadyaning bebrayan kanthi "songo". Mula ing buku iki kabeh andharan nyoba ditulis kanthi basa Jawa baku, nadyan ing kana kene isih ana tetembungan kang dijumput nut jaman kelakone. Buku kang ana ing astane para pamaos iki, dening penulis kaimpun saka maneka sumber, wacan kang ngemu wawasan keagamaan sarta kawruh mirunggan. Uga njumput referensi saka udayana kang diterbitake dening Nahdlatul Ulama Jawa Timur. Kababar kanthi migunakake basa Jawa ing pangajab kuwawi atur pasegahan wacan agama kanthi nuansa lokalitas. Gunging panuwun tanpa pepindhan dhumateng KH. Dr. Cholil Ubaid, Ketua Tanfidziyah PCNU Bojonegoro kang kersa paring santiaji pangiring, sahingga mimbuhi boboting seratan buku kang karantam sarwa sanga. Sawetara pangyeda panyaruwe kang konstruktif marang babaran buku "Sanga, Sawijining Cakrawala" iki, penulis atur panuwun kang tanpa upama, sarta nyadhong rumentahing pangaksama yen ana kaluputan miwah kuranging subasita. Wasana, kairing umbul donga pamuji muga-muga buku prasaja pamaos iki bisa asung piguna nadyan mung sapala.
Wassalam
Nuwun
Bojonegoro, 17 Rejeb 1447 H
Nono Warnono Penulis lan Pangarsa PSJB
SANTIAJI
Assalaamualaikum warahmatullahi wabarakatuh Yen ditliti, ora akeh gunggunge tulisan ngenani wawasan kawruh agama Islam sacara umum kang kababar mawa basa Jawa, kejaba kitab-kitab reriptan para salafus shalih ing mangsa kepungkur kang diwulangake marang para santri ing pesantren pesantren kanggo ngreksa paham Ahlussunah wal Jama’ah. Pancen buku kang tinulis mawa basa Jawa mengku ancas, ora mung winates kupiya ngangsu kawruh, nanging uga ngandhut edukasi ing babagan unggah-ungguh. Jer padatan basa Jawa iku ngemu tata nilai, tatakrama miwah budi pakarti sarta subasita. Kang tumlonjonge bisa nyithak generasi Islami kang ajeg ngluhurake karakter akhlakul karimah. Luwih-luwih ing jaman global lan jagat virtual kang “liar” lan “bar-bar”, anane pranatan agama lan legacy (warisan) tradhisi budaya kudu dijaga. Buku kawruh perspektif Islam kanthi judhul "Sanga, Sawijining Cakrawala” anggitane Nono Warnono iki nyethakake garis horison (cakrawala) ngenani maneka seserepan, kayata: anane tradhisi, kiprah wali, sanad kiai, ngaji santri, kitab-kitab karya intelektual, tumeka ngulama mahaguru kang kiprah ing Tanah Suci. Ing Jam'iyah Nahdlatul Ulama, nulis kitab utawa nulis buku wus dadi tradhisi keilmuan ing jaman kawuri para ulama salaf tekan jaman kiwari para ulama kontemporer. Luwih luwih ing jaman disrupsi digital, nglestarekake literasi dadi perkara kang wigati. Aja kongsi warisan susastra lan tradhisi cures digiles jaman lan owah gingsiring peradaban kang genti-genten kebak owah-owahan. Apresiasi utawa pangaji-aji mligi kanggo pangripta kang wus kupiya bisane mbabar buku iki. Istingarah nambah berkah kang nyumrambahi bebadra gesang ndonya delahan. Judhul kanthi angka sanga idhentik klawan lambang Nahdlatul Ulama (NU) kang karengga lintang gunggung sanga. Ndherek mangayubagya muga-muga piguna. Wallahul muwaffiq ila aqwamit tharieq. Wassalaamu 'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Nuwun.
Bojonegoro, 19 Rajab 1447 H.
Ketua Tanfidziyah PCNU Bojonegoro
KH. Dr. Kholid Ubed, Sp.PD DAFTAR
NGENANI PENULIS
Nono
Warnono
Sastrawan kanthi asma sesinglon Nono Warnono menika nalika
lair dening tiyang sepuh ditengeri nami Suwarno. miwiti nyerat karya sastra
kanthi basa Indonesia, wujud cerita pendek (cerpen), puisi tuwin esai/opini
saha genre sanesipun ingkang kapacak ing udayana kadosdene: Majalah Mimbar Agama Islam, Mingguan
Guru, Koran Suara Merdeka, Koran Bhirawa, Ariwarti Karya Dharma, Koran Minggu
Simponi, Koran Jawa Pos, Koran Solo Pos, Ariwarti
Prakarsa, tuwin majalah lan ariwarti online ing era digital.
Sawatawis
seratan ingkang awujud buku sampun kababar mawi basa Indonesia, kadosdene:
antologi puisi “Nyanyian Bidadari” (Majas,2018), sehimpun sajak “Meruwat Halaman
Belakang” (Rumah Akar,2019), kumpulan puisi “Lelaki dalam Rembulan”
(Praktek Mandiri,2020), tuwin sehimpun cerpen “Menyulam Bianglala”
(Nuntera,2025)
Kadidene dwija
ingkang nate nampi pangaji-aji Guru Teladan Nasional Taun 1998 kanthi
irah-irahan makalah “Revitalisasi Nilai Budi Pekerti Melalui Bahasa, Sastra dan Budaya
Jawa”, Nono Warnono antuk apresiasi saking Bupati Bojonegoro
(Drs.Atlan,MM.) lan Gubernur Jawa Timut (Basofi Soedirman) nampi pambombong
minangka duta pertukaran dwija ing Jepang.
Umiring ancas
amrih saget holopis kuntul baris ngombulaken
kualitas pendidikan, Sastrawan ingkang purna tugas kadidene pengawas
sekolah ingkang nyambi ndosen menika, datan katalompen serius nyerat buku
pendidikan ber-ISBN kanthi judhul “Perspektif,
Sebuah Catatan Pendidikan, Bahasa, Sastra dan Sosial Budaya”. (Asia Grafika,2016). Wonten malih “Merdeka
Belajar” (Praktek
Mandiri,2020), lan
buku penunjang kangge guru “Blended Learning” (Pustaka Ilalang,2020).
Sesarengan sesepuh Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro ( JFX. Hoery) sumawana guru-guru sekolah dasar ing Bojonegoro, gumregut nulis buku pelajaran
muatan lokal “Matoh Basa Jawa” (Asia
Education,2014) kangge siswa kelas setunggal ngantos kelas nenem minangka buku mulok wajib ing pamulangan
SD/MI.
Nono Warnono
ingkang pidalem ing Perumahan Gajah Indah Kecamatan Baureno Kabupaten
Bojonegoro menika, lelumban njegur ing jagading sastra Jawi nalika nggabung
dados anggota/pengurus Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) sesarengan:
JFX.Hoery, Djajus Pete, Yes Ismie Suryaatmaja, Yusuf Susilo Hartono, Makloem,
Sri Setya Rahayu, lan sanesipun.
Karya-karya
wujud geguritan, cerkak, wacan bocah, cerita misteri saha reportase punapadene
artikel sampun sumawur ing majalah-majalah basa Jawi ( Panjebar Semangat, Jaya
Baya, Mekarsari, Jaka Lodhang, Belik, Dharmajati, Kinasih, Titis Basa, Jawa Pos
Radar lan koran majalah online sanesipun ).
Nampi
penghargaan karya sastra daerah terbaik sa-Indonesia saking Yayasan Rancage
kang diinisiasi dening sastrawan Ajib Rosyidi Bandung warsa 2014 lumantar karya
antologi crita cekak “Kluwung” (Azzagrafika,2013).
Taun 2018 ing gedung Cak Durasim Surabaya, nampi Anugerah Sotasoma saking Balai
Bahasa Jawa Timur (BBJT) minangka karya sastra jawa terbaik kanthi buku
kumpulan geguritan “Kidung Langit”
(Azzagrafika,2018). Tumunten buku kasebut dening BBJT karancang
dados terjemahan bahasa Indonesia kinen saget kawaos dening kalangan ingkang
linangkung jembar tebanipun.
Buku anggitanipun
Nono Warno sanesipun wujud kumpulan geguritan “Sanja” (PSJB makarya sareng Elmatera Yogjakarta,2010) crita misteri “Malaikat Jubah Putih” (Azzagrafika
Yogjakarta,2015), kumpulan geguritan “Laras Gupitasari” (Pustaka
Ilalang, 2018), antologi crita cekak
“Lintang Ing Langit Madinah” (PSJB
lan Buana Grafika Yogjakarta,2019),
antologi geguritan “Rembulan
Karahinan” (Buana Grafika Yogjakarta,2021), antologi geguritan “Dalan Enggokan” (Azza
Grafika,2021), kumpulan crita cekak “Lir Lesung Jumengglung” (Nuntera Yogjakarta,
2022), antologi geguritan “Bedhug” (Nuntera Yogjakarta, 2022),
lan antologi crikak “Langgam Panguripan” (Azza Grafika,2023)
Gesang
tembayatan kaliyan Lilik Endang Werdiningsih saha putra ontang-anting Laras
Gupitasari klawan putra mantu Ari Manggala Aditama sarta wayah
Muhammad Fathir Arrashid Aditama mapan ing Perumahan Gajah Indah Kecamatan Baureno Kabupaten Bojonegoro Jawa Timur. Telp (0322)
454667 Surel: suwarnobbt@gmail.com
***



