PURWAKA
Kadidene pangupaya ngleluri basa lan sastra jawa, terbite
buku kumpulan crita cekak “Rembulan Karahinan” iki kaajab bisa dadi panjurung laire buku-buku abasa jawa liyane. Crita cekak
ing buku iki saperangan wis nate kapacak ing kalawarti basa jawa lan koran lokal.
Saengga kanggo saperangan bebrayan kang ajeg maca lembar
sastra lan budaya ing ariwarti lan kalawarti, bisa uga buku iki mbaleni crita
kang wus kawaos.
Crita cekak awujud prosa naratif fiktif iki ora mung winates
ing tulisan khayalan kanthi tuturan relatif cekak. Nanging uga ngemot
pengalaman urip sarta interpretasi pengarang, ngenani konsep bebrayan gegayutan
nilai sosial lan edukasi. Mbabar enggak-enggoking crita ngenani ruwet renteging
panguripan anak manungsa kanthi maneka problematika.
Antologi “Rembulan Karahinan” ngemot crita kanthi setting
panguripan ing poncot desa munggah gunung tumekeng methit ing bebrayan elit. Kanyatan urip ing
tataran lokal, nasional tekan crita-crita panguripan kang kedadeyan ing
mancanegara.
Saran
sarta panyeda kang bakal dadi pamecut, tansah dakantu-antu. Ora lali ngaturake gunging panuwun dumateng kadang Widodo
Basuki ingkang kersa paring pangiring, sedulur Eko Peye ingkang kersa paring gambar samak. Uga matur nuwun
tanpa pepindhan marang bapa JFX.Hoery, Pangarsa Pamarsudi Sastra Jawi
Bojonegoro (PSJB) kang wus kersa paring panjurung.
Muga-muga buku
kumpulan crita cekak iki aweh piguna ing madyaning bebrayan.
Amin.
Bojonegoro,
7 Juli 2021
Penulis
Nyemak Kumpulan Cerkak Rembulan Karahinan,
Sakeplasan
Kang
diarani karya sastra mono dudu mujudake barang kang kosong tanpa isi. Karya sastra bisa dadi rangsum
rohani tumrap penulise lan wong liya kang maca,
kajaba tata rakite ngandhut unsur estetika kang digawa uga ana
imajinasi minangka pantulan kanggo mawas dhiri gegayutan karo kasunyatan
urip. Ora nggumunake lamun karya sastra isi surasane nyaritakake kabobrokan ing
madyaning masyarakat, ing ancase minangka kaca benggala tumrap kang maca sarta
ing pungkase minangka sarana ngalusake budi, ngengudang rasa manusiawi sarta tumuju pakarti luhur ing panguripan. Lan ing kene carita cekak
(cerkak) minangka salah sijine jinis karya sastra Jawa kalebu ing kono.
Nyemak
carita ing kumpulan cerkak Rembulan
Karahinan iki, pembaca langsung diadhepake
manekawarna tema utawa lataring carita, utamane gegayutan karo bebrayan sosial
sing remit banget isine Ing sawatara crita cekak, sajake pengarange sengaja
menehi “renungan langsung” kang bisa
dijumput saka kedadeyan kang nyata, njur diracik dadi carita kang ndudut ati.
Lan jamak lumrahe, salah sijine cerkak
pinilih mau banjur didadekake irah-irahan buku. Ing kumpulan iki cerkak Rembulan Karahinan kang
pinilih dadi irah-irahan. Sabanjure cerkak kang pinilih dadi irah-irahan buku
mau banjur dianggo pathokan ndeleng isine cerkak-cerkak liyane. Nanging
ing kene cerkak endi sing diwaca kanthi
acak merga saka akehe tema kang disuguhake.
Saka
cerkak-cerkak kang ana, ngatonake kaprigelane penulise anggone ngracik isine crita ing samubarang tema lan latar
crita. Ana kang lataring crita kanthi
tokohe minangka wartawan kang nindakake investigasi
reporting kanggo mbongkar “donya peteng” kejahatan, murih dadi
berita sing bagus. Sawatara carita cekak ngatonake ide lan gagasane muncul saka kedadeyan
“kekinian” utawa bisa dijarwakake “jaman saiki” kang banjur ing sawatara
tembunge isih tetep migunakake basa asline jalaran pancen tembung-tembung
mau isih
angel dijarwakake migunanake basa Jawa.
Ing
cerkak Warung Kopi Pangkon, wartawan
nganakake investigasi berita ngenani warung kopi kang sanyatane mujudake
“pelacuran terselubung”, bola-bali diobrak nanging tetep bali ngrembaka maneh. Ing
pungkase crita, jebul wanita mudha ing warung sing dadi informane mau cedhak
banget karo panguripane sang wartawan jaman kawuri. Tema kang padha uga milih tokoh wartawan kang
nindakake investigasi uga dicritakake ing crita cekak Villa Arab, ide lan gagasan ing crita iki bisa disemak wis dadi
bahan rerasanan lan pitakonan ing
masyarakat.
Crita
cekak irah-irahan Geni ing Kastil Shuri kapilih ing cekak kapisan ing kumpulan iki. Nyritakake
Sumitra minangka ahli arsitektur sejarah nindakake tugas proyek restorasi
bangunan bersejarah bebarengan karo
Profesor Kurayoshi Takara ing Jepang. Emane, proyek ambisius kang katindakake
mataun-taun lan bisa kasil mau, jebule dadi bahan “pradongdi” benceng cuweng dineleng saka panemu lan kepentingan kang lelawanan. Panemu kang sepisan luwih nengenake wigatine bangunan sejarah
minangka warisan sing kudune diuri-uri kanggo belajar ngenani mangsa kawuri.
Dene panemu kang kapindho dineleng saka
persoalan kang ngandhut kepentingan politik. Lan pungkase “geni” bener-bener
mungkasi asile restorasi mau dadi samubarang kang muspra tanpa guna.
Crita
sing paragane sesambungan karo pawongan manca negara liyane, bisa disemak ing
crita cekak
Ombak ing Langit Biru, kang maos crita iki diajak nyemak persoalan paraga-paraga relawan pecinta lingkungun
hidup. Tokoh Windy sesambungan kekancan karo Mike wong manca sing pakaryane
padha-padha relawan kemanusiaan lan
lingkungan hidup. Tuwuhing rasa tresna merga kulina, asring ngalami
nasib kang padha kudu ngadhepi bebaya bebarengan, ing pungkase njur pinilih
dadi jodhone.
Pilihan tema utawa lataring crita kanthi
nyuguhake relawan kemanusiaan internasional ing cerkak Ombak ing Langit Biru iki cukup menarik. Ing sastra Jawa tema iki
durung nate ana sing nggarap. Mung wae, crita kang kabangun kanthi nengsemake
mau ing pungkase crita karasa “datar” utawa langsam wae. Katitik, nalika nyuwun
restu marang wong tuwa wadon yen arep bebrayan kanthi jodho wong manca, wong
tuwane sing wadon mau langsung nrima wong
manca. Kamangka bisa wae sejatine crita iki digarap kanthi nuduhake
sawetara “ketegangan budaya” saka campuhing paraga loro kang beda budaya.
Sajake antarane Windy sing isih ngugemi budaya
Jawa lan Mike sing wong Inggris
nduweni kabudayan kang beda, ora ana “konflik” sing dibangun kanti luwih muyeg
lan ana “ending’ utawa pungkase crita kang ngagetake. Apa pancen merga kemajuan
jaman, bangsa kita utawa wong Jawa saiki langsung bisa nrima lan mongkog antuk
mantu wong manca?
Cerkak siji maneh sing mawa latar luar
negri lan beda bangsa kanthi irah-irahan Sapatemon
ing Guangzhou, lataring crita saka katresnane pemain bulutangkis kang tuwuh
merga “asring ketemu” ing sawijining kalodhangan kang padha-padha ditekani
lelorone. Tema lan lataring crita sing padha-padha thukul tresna ing sapatemon
kang padha mau uga diunggahake ana ing cerkak Rampung Bimtek. Sarampunge tugas saka kantore ing sawijining hotel jebul
tresna tuwuh ngrembaka.
Ana sawetara crita kang nalika
ndeleng irah-irahane wis menehi gambaran
tumrap kang maca lan mbokmanawa langsung
nuntun gegambaran ngenani godhaning wong
bebrayan kang nyrimpeti wong bebrayan
utawa bale somah kang sadurunge ayem tentrem. Ukara “kesrimpet” lan
“kesrimpung” sajake wis bisa nggambarake
lelakon apa kang dicritakake, iki bisa di semak ing cerkak : Kesrimpung
Kudhung, Kesrimpet Kabel Tower, cerkak lelorone iki nyaritakake godhane
wong bale somah kang pungkase kurang becik merga ora kuwat godha. Dene cerkak
liyane kang uga nyaritakake godhane wong
bale somah wis duwe anak kanthi menehi gambaran ing pungkase crita bisa bahagia
bisa dijlimeti ing cerkak Lakon Sinetron. Uga ana maneh crita
cekak Android Jero Kuburan lan Nyidham Bandhosa sarta cerkak Dalan Pungkasan ing isine arupa pitutur
ngelingake siksa kubur amarga tumindake
ing alam donya kurang becik. Pitutur luhur mau ditulis kanthi basa kang terang
terwaca ing pungkase cerkak Dalan
Pungkasan, yaiku:
Pati lan kuburan dadi piwulang. Kepriye
kudune manungsa mblanjakake umur lan kalodhangan.
Ing
cerkak iki uga ana kang ngemot pitutur Jawa kang bisa digawe tetimbangan
jroning wong urip bebrayan. Pitutur gegayutan karo wong jejodhowan sing kudu migatekake bibit, bobot, bebet, bisa
disemak ing cerkak Barista. Dicritakake sawijining bocah wadon kang
pegaweyane kadidene peracik kopi sing
sinebut bartender. Bocah wadon mau,
yen ditlusur saka “bibite”, wong tuwane ndhisik dicritakake anggone nikahan
kepeksa merga “ditangkep”. Pranyata apa kang ditindakake wong tuwane mau iya
isih ditindakake dening bocah wadon mau. Sajake ing cerkak Barista iki ngemot ular-ular tumrap
wong jejodhowan, supaya
migatekake “bibit”. Yen saka trahing wong sing “kurang bener” wekasane iya
nurunake anak sing pakartine niru pakartine wong tuwane. Ing cerkak Eyang Siska, iya ngemot pitutur
gegayutan karo kapitayan Jawa gegayutan karo ruwatan tumrap bocah sing
samesthine diruwat.
Isih
akeh cerkak-cerkak liyane kanthi latar
jaman sing saiki, cerkak Karantina
ana lataring crita gegayutan karo pandemi corona, cerkak Enjang Palupi sing nyaritakake persoalan panguripane TKW sing katut ing kasus
penipuan. Ing cerkak Crah gegayutan
karo sawijining kulawarga kang
pungkasane crah merga beda pilihan ing pilkada.
Ing
kumpulan cerkak iki pembaca iya diwanuhake marang istilah-istilah “kekinian”
kang perlu dingerteni. Ing cerkak Hipospadia,
nyaritake lelakone Serda Aprillia Manganang kang nduweni bleger wanita nanging
sejatine ing ilmu kesehatan dheweke iku tinitah lanang. Istilah-istilah mawa
basa “asing” liyane maneh sing mbokmanawa angel dijarwake ing basa Jawa yaiku
ukara “buzzer” kaya kang dicritakake ing
cerkak Buzzer Kaseser. Bisa diwaos
cuplikane:
........Mula wis gembleng ing ngarepe
kanca rakete, Prastawa, dheweke mundur kadidene jurnalis ing media online sing
nembe dilakoni sawetara. Nedya serius minangkani ajakane Prastawa gabung ing
tim siluman. Ngrampungake proyek spektakuler.
Dadi influencer, buzzer apadene cyber troper ora dadi masalah. (cerkak: Buzzer Keseser)
Gegayutan
karo istilah-istilah kang raket karo teknologi informasi kasebut sajake bisa dadi tantangan tumrap para pengarang, tumrap basa lan sastra
Jawa, apa tetep diwanuhake kanthi tetep
migunakake basa asline apa kudu dijarwakake ing basa Jawa sing tundhone malah
ora dikenali? Iki sawijining tantangan lan bisa dadi bahan pirembugan ing
kalodhangan kang luwih omber. Nyatane saben dina masyarakat wis disuguhi
istilah-istilah sing saben dina dirungu, contone: influencer,
buzzer, cyber troper jagad virtual, akun, media twitter, facebook, instagram tekan youtube uga medsos kayadene whatsapp lan sabangsane.
Mbokmanawa mung iki sing bisa dakaturake
anggonku njlimeti cerkak ing kumpulan Kumpulan Rembulan Karahinan iki
sakeplasan. Sing terang, saka kumpulan
cerkak Rembulan Karahinan, akeh
banget kang bisa kanggo bahan kajian lan bahan pirembugan kang ndudut ati
tumraping sastra Jawa.
Widodo Basuki
Pamong
Redaksi Majalah Jaya Baya
DAFTAR ISI
|
|
Halaman
|
|
Cover.................................................................................................................
|
i
|
|
Purwaka............................................................................................................
|
ii
|
|
Pangiring..........................................................................................................
Daftar
Isi...........................................................................................................
|
iii
v
|
1.
|
Geni
ing Kastil Shuri...................…………………….......…………………...
|
1
|
2.
|
Warung
Kopi Pangkon……………………………………………………….
|
6
|
3.
|
Android
ing Jero Kuburan...............………………………....…………….....
|
11
|
4.
|
Karantina....................……………..……………………………………….....
|
17
|
5.
|
Kesrimpung
Kudhung…………………………………………………………
|
20
|
6.
|
Kesrimpet
Kabel Tower………………………………………................…..
|
24
|
7.
|
Langgam
Panguripan…………………….……………………........................
|
30
|
8.
|
Villa
Arab………………………………………………..................................
|
36
|
9.
|
Lakon
Sinetron......................................……………………………………...
|
42
|
10.
|
Barista.............................……………………………………………...………
|
48
|
11.
|
Lintang
Wewayangan.....………..……………………………………………..
|
54
|
12.
|
Ombak
ing Langit Biru..................……………………....………………….....
|
60
|
13.
|
Rembulan
Panglong ……………………..…………………...........................
|
66
|
14.
|
Jalaran
Ora Blaka……………………………………………………………....
|
72
|
15.
|
Hipospadia............................................…………………………………….......
|
77
|
16.
|
Crah..........………………………………………………………………….......
|
82
|
17.
|
Nyidham
Bandhosa…..………………………………………………….........
|
87
|
18.
|
Kabeh
Mbeling.................. ................................................................................
|
91
|
19.
|
Sapatemon
ing Guangzhou ................................................................................
|
97
|
20.
|
Eyang
Siska........................................................................................................
|
101
|
21.
|
Enjang
Palupi.....................................................................................................
|
108
|
22.
|
Citra
Hapsari......................................................................................................
|
113
|
23.
|
Buzzer
Keseser...................................................................................................
|
119
|
24.
|
Rampung
Bimtek...............................................................................................
|
125
|
25.
|
Dalan
Pungkasan................................................................................................
|
131
|
|
Biodata
Penulis...................................................................................................
|
137
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
BIOGRAFI PENULIS
NONO WARNONO
Pengawas
Sekolah kanthi jeneng Suwarno iki asring diundang Pak Nono krana ing jagat
kasusastran asring nganggo sesinglon Nono Warnono. Saben dinana ngayahi tugas
kadidene tenaga kependidikan ing lingkungan Dinas Pendidikan
Kabupaten Bojonegoro Jawa Timur. Miwiti
seneng nulis nalika isih lungguh ing bangku Sekolah Pendidikan Guru ( SPG )
tahun 1982 jalaran antuk pamecut saka guru
bahasa. Kawimbuhan panjurung saka wong tuwa lorone,
pasangan (alm) Sarmidin
lan Rasmi kang uga seneng literasi.
Wiwit nulis mawa basa Indonesia, wujud cerpen,
puisi lan opini kang kaemot sumebar ing maneka majalah lan surat kabar antara
liya: majalah Mimbar Agama Islam, Mingguan Guru, Koran Suara Merdeka, Bhirawa,
Karya Dharma, Koran Minggu Simponi, Jawa Pos,
Majalah koran online lan sapanunggalane .
Saka saperangan puisi
lan cerpen karyane, lumantar cerita
pendek
kanthi irah-rahan Dan
Mendung Telah Berlalu, nate antuk pengaji-aji ing lomba nulis kang diadani
ariwarti Simponi ing taun 1983 .
Karya liyane wujud antologi puisi Nyanyian
Bidadari (Majas,2018), kumpulan sajak Meruwat
Halaman Belakang (Rumah Akar,2019), lan Kumpulan Puisi Lelaki dalam Rembulan (Praktek Mandiri 2020). Ing
donyaning pendidikan nulis buku Perspektif,
sebuah catatan pendidikan, bahasa, sastra dan sosial budaya. (Asia Grafika,2016). Merdeka
Belajar (Praktek Mandiri,2020), Blended Learning (Pustaka Ilalang,2020),
lan Essai Bersama Berkat Pandemi
(Boenga Ketjil,2020).
Bebarengan
pangarsa PSJB ( JFX. Hoery) lan guru-guru ing Bojonegoro nulis buku pelajaran muatan
lokal Matoh Basa Jawa (Asia
Education,2014), kelas I nganti kelas VI kadidene buku mulok wajib ing SD/MI.
Karya-karya
non fiksi ing pembelajaran kepramukaan sing nate ditulis yaiku Buku Silabus Latihan Pramuka tingkat
Siaga, Penggalang, lan Penegak/Pandega bebarengan karo Pusdiklatcab Kendalisada
Kwarcab Gerakan Pramuka Bojonegoro (Asia Education,2017).
Lelumban ing
jagading sastra jawa wiwit nggabung dadi anggota Pamarsudi Sastra Jawa
Bojonegoro (PSJB) nalika isih lungguh ing bangku sekolah menengah. Karya-karyane
arupa geguritan, cerkak, wacan bocah, cerita misteri lan reportase sumebar ing
majala-majalah basa jawa ( Panjebar Semangat, Jaya Baya, Mekarsari, Jaka
Lodhang, Dharmajati, Jawa Pos Radar lan liya-liyane )
Nampa
pengaji-aji saka Yayasan Rancage kang diinisiasi dening sastrawan Ajib Rosyidi
Bandung taun 2014 lumantar karya antologi crita cekak Kluwung (Azzagrafika,2013). Taun 2018 nampa pengaji-aji Sotasoma
saka Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) minangka karya sastra jawa terbaik kanthi
buku kumpulan geguritan Kidung Langit
(Azzagrafika,2018) ing taun kang padha.
Karya liyane
wujud buku kumpulan geguritan Sanja (Elmatera,2010)
crita misteri kanthi irah-irahan Malaikat
Jubah Putih (Azzagrafika,2015),lan antologi crita cekak Lintang Ing Langit Madinah (Buana
Grafika,2019).
Karya-karya bebarengan pengarang liya yaiku: antologi geguritan Tes…(Taman Budaya Jatim,1997), kumpulan geguritan
Bojonegoro Ing Gurit (Narasi,2006),
antologi crita cekak Blangkon (Narasi,2006),
Kumpulan gurit Tunggak Jarak Mrajak (Elmatera,2010),
), Antologi Puisi Jawa Modern Jawa Timur
(2011) antologi crikak Pasewakan (Elmatera,2011),
antologi gurit Mlesat Bareng Ukara (Satu
Kata Book,2014), bunga rampai puisi-cerpen Lingkar
Jati (Azzagrafika,2015), kumpulan sajak-cerpen Bunga Rampai PSJB (Majas,2018), antologi puisi GIR (CV Delima,2019), bunga rampai Tadarus Sang Begawan (Pustaka Ilalang,2019), kumpulan sajak Bojonegoro Literasi Festifal (Rumah Akar,2019), Kembang Setaman Udhu Klungsu (Buana Grafika 2020),
Kumpulan Cerpen & Cerkak Pijar Napas
September (Boenga Kecil,2020), Kumpulan
Cerpen Hujan dan Api di Punggung Pertiwi (Boenga Kecil,2020), lan Kumpulan geguritan Japa Lampah (Boenga Ketjil,2021)
Nate Juara Guru Teladan Nasional 1998 kanthi makalah
“Revitalisasi Nilai Budi Pekerti Melalui Bahasa, Sastra dan Budaya Jawa”. Kajaba
dadi pengawas sekolah, pengajar pawiyatan luhur swasta ing Bojonegoro lan
Lamongan, uga ngleluri basa lan budaya jawa kanthi nyambi dadi penyiar radio
sarta pinangka panatacara.
Bebarengan
sishane Lilik Endang Wardiningsih
lan anak tunggal
Laras Gupitasari, mapan ing Perumahan Gajah Indah Village Blok O Gang VII
No.18-19 Baureno Bojonegoro. Telephon (0322) 454667. Surel:
suwarnobbt@gmail.com
***